Paribasan
yaiku unen-unen kang ajeg panggonane, mawa teges entar, lan ora ngemu surasa
pepindhan. Paribasan inggih punika ungkapan ingkang nggambaraken nilai-nilai
luhur tiyang Jawi ingkang dados panutan.
Tuladha Paribasan :
1. Adigang,
adigung, adiguna – Ngendalekake kekuwatane, kaluhurane, lan kapinterane.
2. Bathok
Bolu isi madu – wong asor nanging sugih kapinteran.
3. Becik
ketitik ala ketara – becik lan ala bakal ketara ing mburine.
4. Dhemit
ora ndulit, setan ora doyan – tansah diparingi slamet ora ana kang ngrusuhi.
5. Emban
cindhe, emban siladan – pilih kasih ora adil.
6. Enggon
welut didoli udhet – panggone wong pinter dipameri kapinteran sing ora
sepirowa.
7. Gupak
pulute ora mangan nangkane – melu rekasa nanging ora melu ngrasakake kepenake.
8. Jer
basuki mawa bea – samubarang gegayuhan mbutuhake wragat.
9. Kacang
ora ninggal lanjaran – anak niru wongtuwane.
10. Kaya
banyu karo lenga – wong tuwa kang ora bisa rukun.
11. Kebo
nusu gudel – wong tuwa njaluk warah marang wong enom.
12. Kegedhen
empyak kurang cagak – kegedhen kekarepan nanging kurang sembada.
13. Kuthuk
marani sunduk – ula marani gebuk – marani bebaya.
14. Maju
tatu mundur ajur-prakara kang sarwa pakewuh.
15. Nabok
nyilih tangan- tumindak ala kanthi kongkonan wong liya.
16. Pupur
sakdurunge benjut- ngati-ati mumpung durung cilaka.
17. Sapa
sing salah bakal seleh – sapa sing salah bakal konangan.
18. Tumbak
cucukan – wong kang seneng adu-adu.
19. Tulung
menthung – ditulungi malah ngrusuhi.
20. Wiwit
kuncung nganti gelung – wiwit cilik nganti tuwa.
21. Yuyu
rumpung mbarong ronge – omahe magrong-magrong nanging sejatine mlarat.
Kapethik saka BASA JAWA
SMA/MA/SMK/ Kelas XI semester I