Warnaning
Urip
Yen kowe takon abang -abang kae apa
Kae adrenging nepsu kang kobar kasempyok mubaling pengangen
Yen takon ireng-ireng jenggureng kae
Kae dumadi saka kuciwane impen kang mogol tanpa
petung
Ijo-ijo kang gumebyar kae warnaning pengarep-arep
kang isih lumaku
Dene sing kuning ngemu cahya kae lambanging
kasembadaning sedya angrengkuh tresna
Putih memplak tanpa ganda tanpa rasa kae
Purnaning jejibahan kang wus katarima olah darmane
Saiki
wingi-wingi wus kawuri
dene tembe durung mesthi
saiki, kaki..... saiki!
mula becik denbukani
mbudidaya lan makarti
mrih rahayu anane dadi
dadia kembang aweh wangi
dadia lintang suluh wengi
jer mangkono kaki
utamaning srawung iki
dene kanthi sesanti
sumarah mring karsa lan panguwaosing Gusti
rembug bab sangkan-paraning-dumadi
wus tinemu ing saiki
saiki, kaki..... saiki