Selasa, 02 Februari 2016

GEGURITAN



Warnaning Urip

Yen kowe takon abang -abang kae apa
Kae adrenging nepsu kang kobar kasempyok mubaling pengangen
Yen takon ireng-ireng jenggureng kae
Kae dumadi saka kuciwane impen kang mogol tanpa petung

Ijo-ijo kang gumebyar kae warnaning pengarep-arep kang isih lumaku
Dene sing kuning ngemu cahya kae lambanging kasembadaning sedya angrengkuh tresna

Putih memplak tanpa ganda tanpa rasa kae
Purnaning jejibahan kang wus katarima olah darmane



Saiki

wingi-wingi wus kawuri
dene tembe durung mesthi
saiki, kaki..... saiki!
mula becik denbukani
mbudidaya lan makarti 
mrih rahayu anane dadi
dadia kembang aweh wangi
dadia lintang suluh wengi
jer mangkono kaki
utamaning srawung iki
dene kanthi sesanti
sumarah mring karsa lan panguwaosing Gusti
rembug bab sangkan-paraning-dumadi
wus tinemu ing saiki
saiki, kaki..... saiki

RAMAYANA





Rajaning peksi menika asmanipun Jathayu. Piyambakipun dados mitra kenthelipun Raja Dasarata. Nalika sumerep bilih putra saking mitranipun dipuncidra dening Rahwana, Jathayu enggal-enggal paring tetulung. Kreta kencana dipuntrajang kemawon lajeng Shinta dipun rebat. Nanging Rahwana nggegegi, boten nguwalaken, dedreg udreg-udregan, rebatan Shinta wonten ing gegana. Eman, dene Jathayu kalindhih, dipuntatoni saha dipunajar dening Rahwana. Salah satunggaling swiwi sengkleh tugel. Taksih megap-megap dipuntendhang, kumleyang ing awang-awang. Lajeng dhawah ing siti klebekan.
Laju lampahing kretanipun Rahwana nggondhol Shinta. Badanipun Shinta lungkrah boten kanten-kantenan dipunceneng-ceneng kangge rebatan. Sakedhap-sakedhap polah nedya uwal nanging tetep kasikep dening Rahwana ingkang linambaran raos nepsu lan kasmaran dhateng Shinta. Shinta namung saged nangis sesenggukan. Sekar cundhuk, gelang tuwin kalungipun sami dhawah pating kececer. Sinten kemawon boten tegel menawi sumerep kawontenan saha polahipun menapa dene mireng tangis pisambatipun Shinta. Nanging raos menika boten dipungadhahi dening Rahwana.
Dumugi ing Nagari Alengka, Shinta dipunsumerepi kaendahaning kraton, prabot ingkang sakalangkung edi peni, mawarni-warni rerenggan, mas, intan, lan barleyan.  Nanging sedaya kala wau boten dipun rewes dening Shinta. Rahwana pengin supados Shinta menika purun dados garwanipun. Pepenginan menika boten dipungugu, Shinta malah cariyos bilih taksih piyambakipun taksih enget lan tansah setya dhateng Rama.
Mireng mekaten, Rahwana muntab nesunipun lajeng paring prentah dhateng raseksi ingkang galak ndrawasi supados njagi Shinta. Wonten ing wana, Rama kaliyan Lesmana kaget amarga nalika kondur saking beburu kidang kencana boten sumerep Shinta. Rama manggihi sekar cundhuk tuwin saperanganing anggen-anggenipun Shinta manika sami pating kececer. Rama duka sanget amarga mangertosi bilih sejatosipun Shinta sampun dipunpundhung utawi dipunculik.
Rama kaliyan Lesmana lajeng madosi Shinta ngantos dumugi wonten ing panggenanipun Jatayu menika taksih sekarat. Jatayu lajeng nyariosaken lelampahanipun  Shinta ingkang dipunplayokaken dening Rahwana. Sasampunipun paring pitudhuh marang Rama, Jatayu nemahi seda. Raganipun Jathayu lajeng dipunkremasi dening Rama kaliyan Lesmana. Tiyang kalih wau lajeng njujug lakunipun Rahwana ngantos dumugi ing Alengka.Wonten ing Alengka, Rama bungah amarga saged manggihi Shinta kanthi boten kirang setunggal menapa. Tiyang tetiganipun lajeng budhal saking negari Alengka kanthi slamet.

Senin, 18 Januari 2016

CRITA WAYANG




Crita wayang ana kang sumbere saka :
a.     Ramayana anggitane Walmiki
b.     Mahabharata anggitane Wiyasa.
Ramayana iku nyritakake  lelakone Ramawijaya karo garwane yakuwi Dewi Shinta. Dewi shinta dicolong raja ing Ngalengka kang arane Rahwana. Ramawijaya dibantu adhine, Laksmana, nggoleki Dewi Shinta.
Mahabharata nyritakake Pandhawa lan Kurawa. Crita sadurunge lan sawise Pandhawa uga dijlentrehake. Pandhawa lan kurawa sedulur nanging ora bisa akur amarga Kurawa ngrebut hake Pandhawa nduweni Praja Asthina. Wusanane kedadeyan peraang gedhe kang nggegirisi aran perang Baratayudha.
Ing ngisor iki ana tuladha wacan crita wayang.

RADEN JANAKA
          Raden Janaka iku satriya saka Madukara. Raden Arjuna iku putra sing kapin telune prabu Pandhu Dewanata, ratu ing Ngastina. Ibune asmane Dewi Kunthi Nalibrata. Nalika isih cilik, asmane yaiku Raden Permadi. Dene jeneng-jeneng liyane  Raden Arjuna yaiku Raden Janaka, Raden Margana, Raden palguna, Raden Dananjaya, Kumbawali, Parta, Pandhuputra, Kuntadi, Endratanaya.
          Raden Arjuna socane jaitan, irunge mbangir, sanggule kadhal menek,jarite bokongan putran, pasuryane anteng jatmika, nduweni garwa akeh nanging garwa prameswarine mung siji yaiku Dewi Wara Sembadra, rayine Prabu Kresna ratu ing Dwarawati. Karo Dewi Wara Sumbadra duwe putra siji yaiku Raden Abimanyu, dene putra liya ana sing asma Bambang Irawan, Raden Brata Laras, Raden Priyambada, Raden Wisanggeni, Endang Pregiwa.
          Raden Arjuna kuwi sekti mandraguna kekasihe para dewa. Raden Arjuna kuwi tumindake adil lan pinter olah sanjata panah. Raden Arjuna uga nggatekake babagan pendhidhikan lan kaendahan. Raden Arjuna nduwe lenga jayeng katon kang nduweni kasiyat yen diusapake ing socane bisa ndeleng bangsane lelembut. Dene pusakane Raden Arjuna iku akeh sing diparingi para dewa, tuladhane yaiku Panah Pasopati, Keris Pulanggeni, lan Arda Dedali. Dheweke uga sinebut satriya Pamadyaning Pandhawa kang kondhang minangka Satriya “LELANANGING JAGAD”.

PRABU YUDHISTIRA
          Prabu Yudhistira iku putra pambarepe Prabu Pandhu Dewanata karo Dewi Kunthi. Sadulure nunggal ibu ana loro, yaiku Nakula lan Sadewa. Prabu Yudhistira jejuluk Puntadewa, Darmaputra, Dwijakangka. Tata lair Yudhistira kuwi putrane Pandhu nanging sejatine Yudhistira iku putrane Dewa Darma mula Yudhistira uga diarani Darmaputra.
          Garwane aran  Dewi Drupadi, putrane mung siji aran Raden Pancawala. Yudhistira kadunungan getih putih mula sabar, narima, ora bisa nesu, ora gelem goroh, jujur, wicaksana lan bekti marang Pangeran. Kagungan pusaka Jamus Kalimasada paringane Bathara Darma. Pusakaliyane aran tumbak Tunggulnaga lan Tumbak Kyai Karawelang.
          Selawase urip, Yudhistira mung perang sepisan yaiku lumawan Prabu Salya kang duwe aji-aji Candrabirawa. Yen diwateg, aji-aji mau bisa metu buta bajang siji nanging yen dipateni bisa dadi loro lan sateruse. Manut Prabu Kresna ya mung Yudhistira kang bisa ngalahake Prabu Salya.
Kapethik saka : Pamekaring Pathi Jawi Kelas VIII SMP

CERKAK




Crita cekak yaiku karangan cekak kang awujud prosa. Biasane isine kurang saka 1000 tembung kang menehi kesan tunggal  kang dominan lan musatake crita ana ing salah sawijining tokoh. Struktur crita cekak kabentuk saka unsur-unsur ing ngisor iki:
a.   Tema, yaiku inti utawa ide dhasar crita.
b.   Alur utawa plot, yaiku bageyan saka unsur intrinsik karya sastra. Alur iku wujud pola pengembangan kang kabentuk ska hubungan sebab akibat.
c.   Latar, yaiku papan panggonan, hubungan wektu, lan lingkungan sosiale saka kedadeyan-kedadeyan kang dicritakake ana ing crita.
d.   Penokohan, yaiku carane pengarang nggambarake lan jlentrehake karakter tokoh-tokoh ana ing crita.
e.   Sudut pandang, yaiku posisine pengarang nalika nyritakake crita.
f.   Amanat, yaiku pesen kang bakal disampekake utawa dijlentrehake pengarang marang wong kang maca, supaya bisa nemokake amanat ana ing crita.
g.   Gaya basa, yaiku basa ana ing crita kang nduweni fungsi kanggo nyiptakake kahanan persuasif uga ngrumusake dialog kang bisa ngetokake hubungan lan interaksi tokoh siji lan sijine.

Ing ngisor iki ana tuladha cerita cekak kang bisa diwaca.


HAPENE GENJUR
Dening Eddy S. Triwida
        Menyang sekolah nggawa handphone utawa hape pancen lagi ngetren. Nek rangga hape jare kurang gaul. Mula bocah-bocah SMA Negeri panggonane Haryo, Genjur lan Bejo sekolah ya wis mencet-mencet keypat hapene dikancani Genjur  lan Bejo sing ndeleng kanthi rasa iri. Sawetara kuwi bocah-bocah liyane uga asyik berhape ria. Haryi mesem kecut nalika mbukak es-em-es sak Pipit mau kirim es-em-es menyang Pipit tulisane : Pit, aku sayang kowe apa anane, yen kowe ana dhuwit aku ya sayang, yen kowe ana panganan enak-enak, aku ya sayang. Apa maneh yen suk kowe ana mobil hadhiah saka bapakmu. Aku ya tambah sayang. Wangsulane Pipit lewat es-em-es.
 Aku wedi Har! Mengko yen pacarmu Evi muring-muring. Embuh lho ya? Haryo kukur-kukur sirahe. Evi kae pancen tukang ngrusak acara kok!
Har aku nyilih sak es-em-es wae ya? Bejo pingin kirim es-em-es. Kowe arep es-em-es sapa ta! Iri ta kowe merga aku arep disilihi hape karo Haryo. Sing arep nyilihi kowe sapa? Genjur wis ngiler pengin duwe hape dhewe. Yen duwe hape dhewe rak penak. Iso es-em-esan karo Nawangsih, adhike Haryo sing imut-imut kae . ngono sing ana pikirane Genjur mula mulih sekolah kuwi Genjur langsung mogok mangan ing lawang kamare dicentheli kertas wis ditulis LAGI MOGOK MANGAN MERGA ORA DITUKOKAKE HAPE.
Ibune Genjur sing wis mulih saka dodolan bubur ing pasar ora nggape. Ibune malah banjur es-em-es  Bapakke Genjur. Pak, Genur mogok mangan jaluk Hape pak. Let sedhela ana wangsulan saka bapakke Genjur. Togna wae ma! Mengko yen luwe rak nyosor dhewe.
Pancen Ibu lan Bapak Genjur wis padha-padha nyekel hape, senajan hapene model lawas alasane ben komunikasi suami istri iso terjalin harmonis. Bapakke Genjur penggaweyane makelar dadi pancen perlu duwe hape. Nanging yen ibune Genjur sing mung bakul bubur kok nggawa hape kanggo apa? Ya kanggo nyervis bojo umpamane pengin dimasakke sop buntut, apa pengin ditukokake gethuk lindri, rak bisa ndang diapake, ngono alesane ibune Genjur nalika ana sing takon. Dodol bubur kok nggawa hape?
Nganti bengi Genjur durung metu saka kamar. Bapak ibune wiwit khuwatir. Aja-aja Genjur gek… keturon ! lha wong wiwit awan durung mangan, apamaneh Genjur kuwi anak ontang-anting yen loro angel tambane, obat saka dhokter ora mempan. Lagi waras yen ditambani banyu godhong kulit duren lan saiki durung usum duren. “Njur, metua nak! Kana  mangan dhisik.” Bapakke Genjur nyeluk karo nothog lawang.
“Ora kudu mangan yen ora ditukokake hape ben kamar iki dadi seksi kekejemane wong tuwa”. Wangsulane Genjur karo mewek.
“Ya wis suk yen ana rejeki tak tukokke. Ning kowe latihan dhisik carane nggunakake hape. Ya wis saiki kana ndang metu.”
“Genjur metu saka kamar tenan ta pak aku latihan nagnggo hapene ibu apa  Bapak?”
“Latihanu nganggo gambar hape”. Wangsulane bapakke.
“Huh bapak. Ning nek ana rejeki ditukokake hape tenan lho pak”
“iya…iya..nng mbok kowe ki sing ketok model ta! Mosok nyeluk bapak, ibuk, nyeluk papa karo mama ngono lho!
Esuke Genjur wis siap mangkat sekolah. Klambi sragam putih abu-abu wis dienggo. Sarapan iyo uwis. Pokoke wis siap tempur. Ning nalika weruh hapene Bapak, eh papane sing lagi ngglethak ana meja ruang tamu, janngkahe kandheng, tolah toleh ngiwanengen papa tolah-toleh ngiwanengen papa karo mama ora ngerti gage hape disaut dilebokake tas terus mangkat, tekan sekolah ketemu Haryo lan Bejo. Mug Beo nggaw hape sng dikalungake lann hapee modhe lawas sing gedhe mula lakune Bejo rada mbungkuk e…..jebul kabotan hape. Aku ya wis duwe hp. Iki lho hapeku.! Genjurdadi krenggosan. Piro nomer hapemu Njur? “Nomer…nomer….nomer hpku ….eh pira ya? Aku ora apal kok?” Wangsulane Genjur grogi. “We piye ta? Duwe hp kok ora apal nomere. Jajal miscallen nomer hpku.” Aloke Haryo. Miscall? Apa miscall kuwi har? Miscall kuwi awakmu ngebela hapene Haryo, yen Hapene Haryo nyaut hapemu kenselen.” Bejo njelasake kanthi ati bombong.  Kamangka bejo le sinau hape lagi mau bengi.
Bel tandha mlebu wis muni bocah-bocah gage mlebu kelase dhewe-dhewe. Pelajaran jam pertama kelase Haryo matematika. Gurue Pak aljabar sing kerenge kagila –gila. Tolong yang bawa hape matikan semua. Boleh bawa hape sebagai alat komunikasi tapi waktu pelajaran jangan digunakan.
Eh…Har, piye carane mateni hape? Genjur mbisiki Haryo. Haryo mung gedheg. Genurwedi yen pelajaran hapenen muni. Bisa cikakak tenan!
“Ndang balia sri! Ndang balia aku lara mikir kuwe ana ning ngendi? Ndang balia sri ndang balia.” Swara ringtone hapene Genjur muni tenan kathik banter sisan. Sakala kabeh mripat nyawang Genjur sing lagi binguung mateni hapene. Kanthi mijeti keypede ngawursing dipijet malah tombl kanngggo njawab panggilan mula banjur krunguswarane papane Genjur muring-murin saka hape. “Genjur, balekna hape papa! Nggawa kok ora ngomong-ngomong, awas yen ora cepet kok balekke sangumu sesasi tak stop!” swarane bapake Genjur.
“Piye carane mateni? Piye iki? Tulung…tulung Genjur mbingungi. Bocah sakelas ngguyu ngakak. Malah pak aljabar ya ora bisa ngempet guyune. Oalah Njur…Njur durung bisa nggunakake hape kok wis kesusu wae. Akhire Genjur diukum. Ukumane dikongkon mulihh ngeterke hapene papane menyang omah…hi..hi..hi.

Sumber ; Panjebar Semangat 37 2006