Senin, 18 Januari 2016

TEMBANG MACAPAT




            Tembang macapat tegese reriptan kanthi paugeran tinampu kang pamacane kudu dilagokake, lan bisa kairing dening wiramaning gendhing utawa gamelan. Manut peprincene, tembang Jawa bisa kaperang dadi 3 golongan, salah sawijine yaiku tembang macapat, saliyane tembang tengahan lan tembang gedhe.
Tandha-tandhane tembang macapatt yaiku:
1)       Nganggo pathokan (paugeran) : guru lagu, guru gatra, lan guru wilangan.
a)      Guru wilangan yaiku cacahe wanda (suku kata) saben sagatra.
b)      Guru lagu yaiku tibaning swara (vokal) pungkasan sabe sagatra.
c)      Guru gatra yaiku cacahe larik (baris) saben sapadha.
2)      Basane basa Jawa anyar.
3)      Bisa mandeg dhewe tanpa iringan gamelan.
Tembang-tembang kang kagolong tembang macapat ana 11 warna lan paugerane yaiku :
1.      Dhandhanggula     : 10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a
2.      Sinom                    : 8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a
3.      Kinanthi                : 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i
4.      Pangkur                 :8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i
5.      Asmarandana        :8i, 8a, 8e, 8a, 7a, 8a, 8u
6.      Mijil                       :10i, 6o, 10e, 10i, 6i, 6u
7.      Durma                   :12a, 7i, 6a, 7a, 8i, 5a, 7i
8.      Pocung                  :12u, 6a, 8i, 12a
9.      Maskumambang    : 12i, 6a, 8i, 8a
10.  Megatruh               :12u, 8i, 8u, 8i, 8o
11.  Gambuh                :7u, 10u, 12i, 8u, 8u




Tuladha tembang macapat
Tembang macapat
pathokan
Tembang Macapat
Gambuh

Yen wong anom puniku
Yen-wong-a-nom-pu-ni-ku
1       2       3  4      5   6   7

Kakehan panggunggung dadi

Pengung bingung wekasane

Yen digunggung muncu-muncu

Kaya wudun meh mecothot


7u



10u

12i

8u

8o
Gambuh

Ing wong kang padha nggunggung
Ing-wong-kang-pa-dha-nggung-gung
1      2        3       4   5        6           7

Pan sepele iku pamrihipun

Mung warege wadhuk kalimis ing lathi
Lan teles ing gondhangipun

Ngreruba alaning uwong


Adhedasar tuladha ing dhuwur nuduhake lamun pathokane tembang macapat iku maton, dadi ora owah sanadyan ukarane owah.

PARIBASAN



           

Paribasan yaiku unen-unen kang ajeg panggonane, mawa teges entar, lan ora ngemu surasa pepindhan. Paribasan inggih punika ungkapan ingkang nggambaraken nilai-nilai luhur tiyang Jawi ingkang dados panutan.
Tuladha Paribasan :
1.      Adigang, adigung, adiguna – Ngendalekake kekuwatane, kaluhurane, lan kapinterane.
2.      Bathok Bolu isi madu – wong asor nanging sugih kapinteran.
3.      Becik ketitik ala ketara – becik lan ala bakal ketara ing mburine.
4.      Dhemit ora ndulit, setan ora doyan – tansah diparingi slamet ora ana kang ngrusuhi.
5.      Emban cindhe, emban siladan – pilih kasih ora adil.
6.      Enggon welut didoli udhet – panggone wong pinter dipameri kapinteran sing ora sepirowa.
7.      Gupak pulute ora mangan nangkane – melu rekasa nanging ora melu ngrasakake kepenake.
8.      Jer basuki mawa bea – samubarang gegayuhan mbutuhake wragat.
9.      Kacang ora ninggal lanjaran – anak niru wongtuwane.
10.  Kaya banyu karo lenga – wong tuwa kang ora bisa rukun.
11.  Kebo nusu gudel – wong tuwa njaluk warah marang wong enom.
12.  Kegedhen empyak kurang cagak – kegedhen kekarepan nanging kurang sembada.
13.  Kuthuk marani sunduk – ula marani gebuk – marani bebaya.
14.  Maju tatu mundur ajur-prakara kang sarwa pakewuh.
15.  Nabok nyilih tangan- tumindak ala kanthi kongkonan wong liya.
16.  Pupur sakdurunge benjut- ngati-ati mumpung durung cilaka.
17.  Sapa sing salah bakal seleh – sapa sing salah bakal konangan.
18.  Tumbak cucukan – wong kang seneng adu-adu.
19.  Tulung menthung – ditulungi malah ngrusuhi.
20.  Wiwit kuncung nganti gelung – wiwit cilik nganti tuwa.
21.  Yuyu rumpung mbarong ronge – omahe magrong-magrong nanging sejatine mlarat.

Kapethik saka BASA JAWA SMA/MA/SMK/ Kelas XI semester I

Nguri-Uri Basa Ibu




            Salah sijining wujud nguri-uri basa Jawi minangka basa ibu, utamane ing Jawa Tengah pancen wis ditindakake. Contone, saiki Basa Jawa wis ditetepake karo Pemerintah Propinsi Jawa Tengah minangka Muatan Lokal (wajib) ing tataran SD, SMP, nganti SMA.
            Ing era KBK (Kurikulum Berbasis Kompetensi) iki, diajab pelajaran basa Jawa temen-temen bisa digayuh apa kang diancasanyatane. Bocah-bocah ora dipentingake nyinaoni anak dara piyik , anak asu kirik, utawa kembang lombok menik, kembang tela ingklik lan sapanunggalane. Para murid luwih diemenake paham yen Bapak siram, aku adus. Aja nganti kedadeyan mengkone ana bocah mapag bapakne kanthi celathu  “Bapak wis bali, numpak dhokar, klambine anyar.” Nalika nggarap soal ing sekolah, bisa nulis krama, “Bapak sampun kondur, nitih dhokar, agemanipun enggal,” utawa saora-orane celathu, “Bapak wis kondur, nitih dhokar, agemane anyar,” nalika mapag Bapakne.
            Pancen ing wewengkon Jawa Tengah saben daerah nduweni dialek iku perlu dihormati. Iku mertandhakake yen basa Jawa iku basa ibu kang sugih istilah lan sugih dasanama. Contone ing daerah Banyumas sapengalor ora ana sebutan aku, nanging inyong. Semono uga ana daerah kang ngaran tiba kuwi njinglok utawa gigal. Malah ing daerah kang isih sakabupaten wae akeh istilah sing beda nanging karepe padha. Contone, ing kukuban Magelang, istilah kelereng ana sing nyebut kacang lanjaran utawa kacang gleyor, ya wis ben.
            Tuladha liya, ing daerah pesisir migunakake tembung mbek ateges karo, diagem mangga. Nanging mosok nggiyarake pawarta ing radiyo utawa ing televisi celathu “Bapak Bupati mbek bapak camat raine katon sumringah nalika ngesrahake beras mbek minyak goreng kanggo para korban bencana alam”. Ora lucu ta?
            Mula sajroning nglaksanakake KBK, bab-bab kaya kasebut mau ora perlu didadekake masalah. Bocah ora kudu pinter basa Jawi kang ndakik-ndakik, utawa pinter basa krama kaya kang digunakake pranatacara utawa pamedhar sabda. Sing penting bocah paham basa Jawa sing baku, uga kepriye anggone matrapke budaya Jawa kanthi bener lan apik. Coba yen kita titik negara Jepang, wong-wong Jepang bisa solid lan kuwat amarga kejaba mau teknologine, uga kenceng anggone ngugemi kabudayane.
            Saiki sing perlu oleh kawigaten, kepriye pawongan ing Jawa Tengah iki bisa nguri-nguri kabudayan Jawa kalebu basa Ibu yaiku basa Jawa? Kejaba sing wis padha umur, uga kanggo bocah-bocah utamane. Paring pasinaon basa Jawa marang putra-putra lan wayah ora mung cukup masrahake dhateng Bapak lan ibu guru ing sekolahan. Malah para ibu lan bapak ing ndalem luwih akeh wektune, meawa ing sekolahan, paling akeh wektu kanggo nyinauni basa Jawi iku 2x40 menit saben minggune. Dadi bocah luwih akeh nampa pasinaon saka bapak ibune ing omah.
            Mula aja banjur nyakahake para guru manawa bocah ing ngomah ora bisa basa marang wong tuwane. Lha para ibu lan bapak wae anggone ngajari basa marang putra-putrane sok kurang bener. Coba digatekake, isih akeh ta para ibu sing ngendika marang putrane “Cah Bagus, ao siram sik. Mebgko terus tindak-tindak karo Bapak, Bapak arep tindak nyang kutha, ndherek ora?” utawa para bapak ndhawuhhi putrane “Le, jenang iki parengke simbah, wingi simbah wis pesen je!” nah, yen mengkono kuwi bocah terus piye tembene? Bocah mesthi basa kramane dadi kleru. Sanadyan karepe wong tuwa mau bener mulang basa krama marang putrane, nanging unggah-ungguhe wing ora trep.
            Sepisan maneh, basa Jawa iku ora feodalis, nanging ngajeni marang liyan, utamane marang kang luwih sepuh utawa sapa wae sing pantes diajeni. Dadi sumangga, basa Jawa sing endi sing arep digunakake? Sing ndakik-ndakik nanging kleru, utawa sing ora ndakik-ndakik nanging bener.? Menawa tinulis, mesthine nganggo basa sing baku. Nanging menawa lisan, nyumanggakaken.
Sumber : Pustaka Candra, Maret 2006

Yen Garwa Dadi Mala



 

https://blogger.googleusercontent.com/img/b/R29vZ2xl/AVvXsEjN64h2Wt_n4s0EFORd0LZAfbiUDmmh-CAPkFMJfM34L8Fjz_Z9wa99Qsttx1byv2fANt7Ck2rkgBLq1wIHiPBGB6WcX_yJe4RfD194WbI_T3Qu-AXVIAoE2s7T9q5aMPI9mcGJkeWDfOs/s320/wayang3.jpgBOJO, anak, lan kapara nganti tekan sedulur, kudune dadi kanca kanggo mbangun kulawarga lan njaga praja. Ora mung jiniwit katut, apike salah sijine bakal dadi prayogane kabeh. Nanging kosokbaline, alane salah sijine, bebasan bakal ngglandhang carang saka pucuk.
Sekawit sing diarani bojo iku wong liya. Dudu sanak dudu kadang, nanging bareng wis kaiket dening talining palakrama, sing maune dudu sapa-sapa, banjur dadi peranganing urip sing wigati banget.

Bojo uga diarani sisihan. Tegese sing nyisihi jroning urip ing satengah-tengahe bebrayan agung. Sisihan iku sing melu bareng nyangga bot-karepotaning urip saben dinane. Kanthi sisihan, sesanggan sing maune abot, merga disangga wong loro, banjur dadi entheng.

Ana maneh tembung liyane bojo lan sisihan, yaiku garwa. Sok-sok dikeratabasakake sigaraning nyawa. Diupamakake nyawa siji, yen disigar, sing separo arupa sing lanang lan sing separo maneh sing wadon. Yen mengkono, garwa iku ora mung asiling campuran, nanging arupa persenyawaan.

Mokal bisa senyawa yen ora gathuk, ora keplok. Malah ora mung keplok, garwa uga lumrah disebut jodho. Banjur ana sing ngarani, yen mung golek bojo, ning ngendi wae bisa ketemu. Nanging yen jodho, kuwi wis mlebu wenange Sing Murba Jagad.

Mesthi wae katrangan lan gambaran, klebu kerata basa mau, ana ing tataran ideal. Ideale wong salaki-rabi, ideale wong jejodhoan utawa omah-omah. Dene wohing jejodhoan mau lumrahe arupa turun utawa anak. Ya anak iku sing kerepe disebut minangka kaskayane wong mbangun bale wisma, luwih aji timbang apa wae, klebu tumpukane raja brana.

Ora kalah karo bojo, tumrap wong tuwa anak mujudake “bandha” sing ora bisa ditaker kerta ajine. Ora bisa dibandhingake apa wae.

Yen garwa iku sigarane nyawa, anak kerep diupamakake minangka “sempalaning daging-kulit”. Dene wong tuwa, tumrap anak, mujudake “sing ngukir jiwa ragane”. Ora kurang pituduh utama sing asung prentah lan pamrayoga amrih padha bisa anggone ngopeni anak utawa turun.

Bojo, yen pancen dudu jodhone, bisa wae pedhot tengah dalan. Senajan wis entuk momongan, ora kurang sing banjur padha pegatan. Akhire dadine tilas bojo utawa tigasan. Nanging yen anak, ora. Ora ana tembung “tilas anak”. Anak tetep anak, senajan bapak lan ibune pepisahan lan duwe sisihan anyar maneh.

Kuwi sing njalari tresnane wong tuwa, mbuh kuwi bapak, embuh kuwi ibu, marang anak akeh-akehe ngluwihi tresnane marang bojo. Keladuke tembung, yen bojone njaluk bisa semaya, nanging yen anake sing njaluk, prasasat sadhet-sanyet bakal nuruti anggere bocahe seneng.

“Tanpa Alis”

Tresna kuwi sing banjur njalari anane “welas tanpa alis”. Pancene mono welas, asih, utawa tresna, nanging lerege mung njlomprongake sing ditresnani.
Upamane, saking tresnane marang anak, kabeh apa penyuwune banjur dituruti. Pancen anak dadi seneng, dadi kelegan. Nanging tundhone bisa wae anak mau banjur dadi bocah ugungan merga sapanjaluke bakal keturutan.

Ora mung dadi bocah ugungan, nanging suwene-suwe bisa wae dadi bocah ugal-ugalan, kepara banjur tumindak sing ora becik lan ngrugekake bebrayan. Semonoa, wong tuwa condhong mbelani anake dhewe. Malah sok-sok ora perduli anake kuwi salah apa bener, dibelani ngono wae.

Sing kaya ngene iki sing diarani welas tanpa alis. Katone tresna, lan pancen sekawit merga saka tresnane, nanging tundhone malah nyilakakake, yen ora malah nyengsarakake bocahe.

Pancen, anak sing kudune bisa melu “mikul dhuwur mendhem jero” marang wong tuwa, sok-sok malah dadi mala tumrap kulawarga. Mala kuwi bakal katon luwi ngegla yen keluwarga mau klebu keluwarga kajen keringan, keluwarga sing kerep didadekake tepa tuladha tumrap keluwarga liyane.

Apamaneh yen “nyolong pethek”. Nyolong pethek ora merga dikira ora bisa apa-apa nanging jebul nduwe kepinteran utawa kewegigan. Nanging “nyolong petheke”-e merga sing diarane bocah apik-apik jebule tumindake banget-banget olehe nalisir saka bebener lan norma bebrayan agung.

Sing kaya mengkono iku ora mung anak sing dadi paragane. Bojo, embuh kuwi sing lanang apa sing wadon, ora kurang-kurang sing malah dadi mala tumrap sisihane, malah nganti tekan keluwargane.

Mangka, kaya kang dikandhakake ing ngarep, kudune bojo kuwi sisihan sing bisa melu ngentheng-enthengake sesanggane urip. Nanging nyatane, ora melu ngentheng-ngenthengake, malah ngebot-boti, malah gawe kuceme kulawarga.

Ana wae bojo sing dadi satru munggwing cangklakan. Dewi Banowati, garwane Duryudana ratu Astina, dianggep dadi “mungsuh jroning kemul” tumrap Kurawa amarga olehe mbidhung api rowang. Tata lair dheweke nresnani Duryudana, ana ing barisane Kurawa, nanging jebule tresna jatine wis kadhung tumancep ing atine Arjuna, panengahe Pandhawa.

Mulane Banowati dianggep minangka mata pitane Pandhawa jroning campuh Baratayuda. Dheweke ngerti karingkihane Kurawa, lan kanthi mengkono bisa nyritakake karingkihan mau tumrap Pandhawa sing mujudake mungsuhe Kurawa.

Tata lair dheweke sedhih nalika Duryudana gugur. Nanging akeh sing ngira manawa ing kono dheweke nemokake kabungahan merga kanthi gugure Duryudana, Banowati banjur dikukup dening Arjuna, dipek bojo.

Kudune pancen bojo mujudake mitratama tumrap sisihane jroning mbangun bale wisma, klebu njaga praja. Njaga praja kuwi kawiwitan, lan sing luwih wigati minangka fondasi, pancen keluwargane dhewe, kulawarga inti. Sabanjure njaga praja sing luwih amba tebane.

Njaga praja tegese njaga marang jeneng apike, amrih keluwarga mau tansah diajeni dening wong akeh, ora malah diece utawa dicecamah dening wong berah. Bojo bisa dadi srana kanggo mbangun wibawa, perbawa, lan kuncara, nanging kosok baline bisa ngicemake lan dadi mala.

Yen banjur tetela dadi piala, dadi mala, apa ya isih kudu dilabuhi, direwangi pecahing jaja wutahing ludira? Apa ya tetep kudu dirungkebi, senajan mengkone bakal koncatan wibawa lan perbawa?

Mesthi wae yen kurang permati, sisip sembire, mala mau bisa manjilma kayadene “kemladheyan ngajak sempal” utawa “nglandhang carang saka pucuk”. (35)

—Sucipto Hadi Purnomo, dosen Basa lan Sastra Jawa FBS Universitas Negeri Semarang
http://suaramerdeka.com/v1/index.php/read/kejawen/2010/05/02/491/Yen-Garwa-Dadi-Mala-