Selasa, 02 Februari 2016

Cerita Rakyat: Ratu Kalinyamat


Cerita iki diwiwiti saka nalika Sunan Prawata lan Hadiwijaya gabung ing kelompok murid Sunan Kalijaga saka Selo dadi kanca raket, miturute Sunan Kudus kuwi mau amarga panjaluke Sunan Kalijaga. Panggabungan iki dianggep ngelongi kawibawan lan ngece Sunan Kudus. Arya Panangsang dadi murid siji-sijine kang isih setya marang gurune, yaiku Sunan Kudus. Deweke wes didukung Sunan Kudus kanggo bales dendam lan jaluk kadudukan Demak. Nalika Arya Pangsang ngadepi perkawis-perkawis kang gegayutan karo kadudukan Demak, Mligine ngadepi lawan politike, ora liya Sunana Prawata, deweke mesti jaluk nasehat lan pambyantune Sunan Kudus. Hubungan guru karo murid kuwu ora namung sewates bentuk spiritual, amarga perkawis agama uga bisa dianggo konsentrasi alat politik. Kawibawan guru iku ora namung wates ngajar spiritual, ananging bisa uga dadi ahli politik lan melu tandang nalika urusan pemerintahan.
ratu-kalinyamat.png
Perkawis rebutan kadudukan Demak iki akeh beda pendapat antarane para wali. Sunan Giri kang dadi ketua para wali ora sarujuk yen Pangeran Sekar diangkat dadi Raja Demak. Miturut Sunan Kudus Pangeran Sekar pantes dadi Rajja Demak amarga deweke putra sing tua. Ananging Sunan Giri nganggep yen bobot ilmu agamane Pangeran sekar iku ora ana apa-apane yen di bandingake karo Pangeran Trenggana, saengga Pangeran Trenggana sing luwih pantes dadi panguwasa Demak kang bisa ganti Pati Unus. Wasananae para wali ngangkat Pangeran Trenggana sing dadi Raja Demak.
Perkara mau kalanjutake nalika Pangeran Trenggana wafat, para wali akeh kang beda pendapat. Sunan Giri nyalonake Sunan Prawata kang dadi panggantine Pangeran Trenggono, Ananging Sunan Kudus ora sarujuk amarga Sunan Prawata wes mateni pangeran Sekar. Sunan Kudus ngajokake Arya Pnangsang (Adi Pati Jipang) sing dadi panguwasa Demak, alesane amarga Arya Panangsang iku pewaris Demak paling tua. Ananging Sunan Kalijaga milih Hdiwijaya sing dadi panguwasa Demak llan jaluk kerajaan dipindah ing pedalaman, kang beda karo Sunan Kudus sing orientasine ing kerajaan pesisiran.
Kaanan kaya mankono mau jalari ruweting pamarentahan Demak kang nyebabake kaanan kang ora tentrem lan akeh kedadean paten-patenan kang dilakokake Arya Panangsang. Arya Panangsang didakwo akeh nglakoni pambunuhan lan kejahatan.
Sawise oleh pangestone Sunan Kudus, Arya Panangsang ngangkon abdine kang jenenge Rangkut kanggo mateni Sunan Prawata, sanalika Rangkut wes twkan omahe Sunank Prawata, nalika kuwi Sunan Prawat kang lara lan lagi senden ing dadane bojone, Sunan Prawata ngeti tekane tamu kang ora di undang, Sunan Prawat takon, “sapa kowe ?” Rangkut banjur jawab, “kula utusanipun Adipati Arya Pnangsang, dipun utus mateni paduka.” Sunan Prawata ujar, “ya karepmu, nanging aku wae sing mbuk pateni, aja nganti ana sing mati maneh saliyane aku.” Sanalika Rangkut banjur nyubleske keris ing dadane Sunan Prawata sak jero-jerone nganti tembus geger lan ngenani dadane bojone Sunan Prawata. Sunan Prawata kang isih rada sadar ngeti bojone tatu, cepet-cepet njabut keris mau kang jenenge Kyai Betok, banjur diuncalake menyak Rangkut, rangkut kang kena keris mau mati sanalika, Sunan Prawata lanbojone uga mati.
Ratu Kalinyamat kuwi sadulure Sunan Prawata. Ratu Kalinyamat dikenal wong wadon kang ayu, pinter lan waninan. Krungu kabar yen Sunan Prawat mati, atine Ratu kalinyamat tratapan kaya dicubles sembilu. Ratu kalinyamat kang lagi wae digarwa Sultan Hadirin. Sawise ing kuburane kangmase, Ratu Kalinyamat dikancani bojonelan prajurite menyang omahe Sunan Kudus kanggo jaluk tanggung jawabe. Saurunge kuwi Ratu Kalinyamat nemokake keris Kyai Betok ing sacedake mayite kangmase, Ratu Kalinymat reti yen keris kuwi mau kerise Sunan Kudus. Satekane ing omahe Sunan Kudus, Ratu Kalinyamat ngomong apa kabeh kang wes dialami kangmase, yaiku Sunan Prawata tiwas lan garwane tiwas amarga dipateni murid kang di tresnanai Sunan Kudus, ora liya ya Arya Panangsang.banjur Sunan Kudus jawab, “kakangmu Prawata kuwi wes utang nyowo marang Arya Pnangsang, mulane matine kakangmu ya kuwi sing dadi balesane.” Ratu Kalinyamat sing krungu jawbane Sunan Kudus kang kaya ngono lara atine. Banjur deweke mulih menyang Jepara. Arya Panangsang reti yen Ratu Kalinyamat lan bojone mulih saka omahe Sunan Kudus. Ing dalan rombongan Ratu Kalinyamat mau di di kroyok dening para utusane Arya Panangsang, bojone Ratu Klinyamat tiwas ana ing kedadean mau. Ananging Ratu Kalinyamat cepet-cepet di gowo mlayu dening Prajurite . amarga kwatir yen di pateni dening Arya Pnangsang. Ratu Kalinyamat karanta-ranta banget atine, sebab lagi wae ditinggal sadulure lanang, saiki malah ditambah bojone nusul, mulane Ratu Kalinyamat prihatin banget.
Sawise matine bojone, Rtu Kalinyamat munggah kadudukan kanggo gantekake bojone lan di percaya mimpin Jepara. Jepara dadi maju banget nalika pamarentahane Ratu Kalinyamat, amarga kateguhan lan kawanenane Ratu Kalinyamat.
Ananging emboh apa sing dirasakake Ratu Kalinyamat ngeti kanyatane uripe sing ditinggal wong kang ditresnani amarga dipateni dening Arya Panangsang ora liya isih sadulure dewe. Apa maneh ing buri kedadean iki ana campur tangane wali, Kanjen Sunan Kudus. Bingung, jengkel, sedih campur aduk dadi siji “iki ora adil” sambate Ratu Kalinyamat. Kasengsaran kabeh mau dirasakakae Ratu Kalinyamat. Ora ana sing wani nandingi Arya Panangsang,amarga deweke duweni kasaktensing ora bias dikalahake, apa maneh ana campur tangane Sunan Kudus, kabeh mau wes ora bener, tokoh penyebar agama sing kudune nengahi perkara malah dadi sebab kedaden iki.
Mulane Ratu Kalinyamat duwe krenteg supaya jaluk pitulungan Gusti karo lakon nyepi, tapa, ing panggonan sing adoh saka keramenan donyo. Ing salah sawijining dina Ratu Kalinyamat nyepakake bekal sacukupe, banjur Ratu Kalinyamat mangkat karo pengiringe arupa dayang-dayang kinasih lan ana maneh rombongan sing dipimpin Ki Suta Mangunjaya,golek panggonan kanggo tapa.
Ratu Kalinyamat tapa ora adoh saka pasanggrahane, naming pirang meter menyang wetan. Ing panggonan sing ombo mau, anan wit-witan gede lan ketel. Apamaneh panggonane sacedake kali. Mulane panggonan mau pantes kanggo tirakatan. Banjur panggonan mau nganti saiki jenenge “gilang”, yaiku saka tembung gilang-gilang sing tegese ombo.
Isih ditemokni watu sing bekas panggonan sembayange Ratu Kalinyamat lan pancuran wudu. Kabar tapane Ratu Kalinyamat tekan kupinge Hadiwijaya, sawise oleh pangestu saka Ki Panjawi, Hadiwijaya banjur lungo niliki mbakyune ing panggonan tapane, deweke mbujuk mbakyu ipare supaya ngebari anggone tapa lan mulih menyang Kraton. Ananging Ratu Kalinyamat wies duwe tekat sing kuat. Malah Ratu Kalinyamat banjur pindah anggone tapa menyang Gunung Donoroso sing saiki ana ing Desa Pengkol (Loji Gunung), amarga ing kunu uga wes ora bias ngayemke pikiran. Mulane Ratu Kalinyamat pindah maneh golek panggonan sing sepi. Mulane Ratu Kalinyamat dikancani dayange golek panggonan maneh.
Sasuwene ing dalan sawise pirang-pirang dina ing dalan, rombongane Ratu Kalinyamat kepethuk uwong sing jenenge Ki Pejing, Ki Pejing nunjukake panggonan sing apik banget kanggo tapa, yaiku panggonan sing sepi lan ing pinggir kali cilik sing bening banyune lan ora tau asat, saliyane kuwi lemahe uga ambune wangi. Ratu Kalinyamat dikancani dayange goleki panggonan mau. Sidane Ratu Kalinyamat nemokakae panggonan mau. Amarga panggonan mau lemahe mambu wangi banjur dijenengi Sitiwangi (siti=lemah, wangi = arum), sadurungi tapa, Ratu Kalinyamat tapa, deweke suci lan wudu disik ing kali sacedakepanggonan tapa mau.
Ratu Kalinyamat anggone solat, zikir tafakur ing duwur watu. Ananging Hadiwijaya ora kapok goleki mbakyu ipare mau, banjur deweke nusul ing panggonan tapane mau,Sultan banjur lungo menyang Lereng Gunung Donorojo bengi-bengi dikancani Ki Pamanahan, Ki Panjawi, lan katelu Raden Ngabehi Loring Pasar (Danang Sutawijaya), sawise tekan ing panggonan tapane Ratu Klainyamat ujar “Adimas Prabu, apa karepmu teka ing papanku kene ?”. Sultan Pajang jawab, “Mbakyu, Aku rene amarga krungu kabar,yen mbakyu ninggalake negarii, lan tapa ing Gunung Donorojo lan ora nganggo wusana,apa ta sing dadi susah ing atimu mbakyu ?” Sultan Pajang nglipur lan mbujuk Ratu Kalinyamat supaya bali lan mimpin Jepara maneh Sultan Pajang ujar, “menawa matine kakang Kalinyamat menika wes takdir saka Gusti.” Ratu Kalinyamat ujar, “Aku seneng yen kowe gelem niliki Aku,nanging Aku orra bakal klambenan sadurunge Arya Panangsang mati.” Ratu Kalinyamatnerusake omongane, lan sapa wae sing bias ngringkus sing tumindak zalim, bakal tak wenehi kesugihan lan gaweanku,” Sultan Pajang sing krungu ujare Ratu Kalinyamat mau ngrasa mrinding, sabenere Sultan Pajang kepingin ngewangi Ratu Kalinyamat kanggo ngringkus Arya Panangsang, ananging ora no sing wani nglawan Arya Panangsang, jalaran Arya Panangsang kuwi jagoan pilih tanding wektu kuwi. Amarga dukungane Ki Panjawi, Sultan Pajang wani ngewangi Ratu Kalinyamat ngringkus Arya Panangsang, sawise musyawarah antarane Ki Panjawi, Ki Pemanahan, Ki Mentahun, akhire Raden Ngabehi Loring Pasar (Danang Sutawijaya) lan Arya Panangsang tarung lan Arya Panangsang bias diringkus dening Raden Ngabei Loring Pasar, mulane sawise kuwi kerajaan Demak dipindah menyang Pajang. Banjur Ratu Kalinyamat dijaluki tulung supaya nglawan Portugis. Ratu Kalinyamat akeh kelangan prajurit, jalaran ora ono persiapan lan gawe strategi perang. Ananging Ratu Kalinyamat ora ngalah. Saka kuwi Ratu Kalinyamat dikenal wong sing waninan dening kerajaan liya.

Kapethik Saking  https://seratanjawa.wordpress.com/category/cerita-rakyat/

Tembang Dolanan Lir-Ilir, Apa ta Tegese?


Lir ilir lir ilir tandure wis sumilir
Tak ijo royo-royo
Tak sengguh temanten anyar
Cah angon cah angon
Penekno blimbing kuwi
Lunyu-lunyu penekno
Kanggo mbasuh dodotira
Dodotira-dodotira
Kumitir bedhahing pinggir
Dondomana jlumatana
Kanggo seba mengko sore
Mumpung jembar kalangane
Mumpung padhang rembulane
Yo surako…o..o..o.. surak iyoo
Sapa wong jawa sing ora ngerti tembang dolanan iki? Yen ana, pirang taun anggonmu dadi wong Jawa?
Ilir-ilir yaiku salah sawijine tembang dolanan kang dianggit dening Kanjeng Sunan Kalijaga udakara 5 abad kepungkur. Nanging, senajan suwene wis 5 abad, durung mesthi padha ngerti artine, paham tegese. Iya ta?! Kanjeng Sunan Kalijaga nganggit tembang “Ilir-ilir” kangge pepeling marang kita supaya kita bisa ngati-ngati anggone ngayahi urip ing donya iki. Tembang iki cinipta ing era Islam. Mula akeh sithike ana kaitane karo Islam.
Mula, ing kene panulis arep pratelaake saka maneka warna sumber, mligine Renungan Ilir-Ilir.mp3 anggitane sastrawan lan budayawan Emha Ainun Najib  ngenani arti lan makna tembang dolanan “Ilir-ilir” kang sejatine ngemu pitutur luhur.
Lir ilir lir ilir tandure wis sumilir. Tak ijo royo-royo. Tak sengguh temanten anyar
Salarik tembang ing dhuwur anduweni teges yen saiki wis wayahe padha tangi, padha sadar yen bumi sing kita singgahi iki subur, kabeh tanduran apa wae tukul subur (ijo royo-royo). Kaya-kaya swarga tau bocor ing tlatah Nuswantara iki, ing bumi Indonesia iki. Perkara sing kaya ngene iki ndadiake senenging rasa, bungahing ati pindha penganten anyar kang mesam-mesem rina wengi.
Cah angon cah angon. Penekno blimbing kuwi. Lunyu-lunyu penekno. Kanggo mbasuh dodotira
Cah angon tegese wong kang penggeane angon (saka tembung ingon-ingon = hewan piaraan), mbuh angon wedhus, sapi, kebo, utawa bebek. Angon tegese ngopeni, ngreksa. Yaiku wong sing bisa ngopeni, sing bisa ngreksa. Lha sing diopeni apa? Kamangka jaman saiki wis arang wong duwe ingon-ingon. Sing kudu diopeni yaiku siji, ati. Atimu lan hawa nepsumu kudu bisa ngendalikana. Supaya urip ora nemahi kacilakan.
Kenapa Kanjeng Sunan nganggo tembung cah angon? Kenapa dudu Raja, Patih, utawa Senapati sing derajade luwih dhuwur? Yen miturut pamanggihe Cak Nun ( Emha Ainun Najib), cah angon yaiku sawijining wong sing bisa angon/ngemong sapa bae lan kahanan ing bangsa iki. Bocah angon yaiku bocah sing bisa dadi narendra kang manunggal ing prabeda, dadi raja sing asah-asih-asuh marang sapadha-padha lan alam donya. Lan cah angon bisa sapa bae, ora kudu raja, patih, utawa senapati. Cah angon bisa uga amung wong cilik. Yen saiki, cah angon ora kudu Presiden, nanging uga bisa guru, polisi, dokter, sastrawan, lan rakyat biasa sing nduweni daya ngemong kang gedhe.
Cah angon kudu menek wit blimbing. Kenapa kudu blimbing, ora liyane bae? Amarga blimbing duwe gir kang jumlahe lima. Ya Lima perkara kuwi kang kudu digayuh lan direksa dening cah angon. Lima perkara kuwi akeh tafsirane. Bisa uga Rukun Islam, bisa uga Sholat limang wektu, bisa uga Sedulur Papat Lima Pancer, bisa uga Pancasila, bisa uga liyane manut panemumu sing kok anggep pas.
Blimbing
5 gir Blimbing duwe makna beda-beda
Blimbing kuwi kudu dipenek senajan lunyu, ora diketok utawa den bruke. Lima perkara iku kudu den reksa, den gayuh senajan akeh gegodha. Wit blimbing minangka sarana nggayuh lima perkara. Amarga lima perkara iku dasar-dasar supaya cah angon tetep bisa ngangon kanthi bener. Kita kudu duwe prinsip ( misale Pancasila) supaya saben tindak tanduk duweni cekelan sahengga ora gampang denjur dening liyan.
Lima perkara iku den gunaake cah angon kanggo mbasuh dodot. Dodot yaiku sandangan. Ya sandangan kuwi sing nggawe awakmu den ajeni. Yen ora percaya, cobaa tanpa wusana mlaku ijen ing tengah dalan, mesthi bae diarani wong edan, mesthi bae ora kajen. Kaya paribasan jawa “ajining dhiri gumantung saka kendaling lathi, ajining sarira gumantung saka busana”.
Nanging, dodot utawasandangan bisa uga tegese awak dhewe. Kaya Saben menungsa mesthi bae ora luput saka salah, mula sandangan sing reged, awak sing kebak salah lan dosa kudu den basuh, den suceni nganggo perkara lima mau. Perkara kang bisa cerak marang Gusti Kang Akarya Jagad.
Dodotira-dodotira. Kumitir bedhahing pinggir. Dondomana jlumatana. Kanggo seba mengko sore.
Sandangan mesthi wae ora apik terus, ana kalane suwek lan bolong. Semana uga awak kita, ora luput saka tumindak ala. Mula, sandangan yen suwek kudu didondomi, dijahit maneh, dibenahi. Semono uga awak yen kebak doso kudu taubat, kudu denbeneri tumindak sing ala wingi, kudu densuda. Supaya yen tiba wektune seba ( ngadep marang Gusti Allah) mengko sore ( nalika wis titi wancine, mbuh mengko, sesok, taun ngarep) ora muspra olehe ana ing alam donya.
Mumpung jembar kalangane. Mumpung padhang rembulane. Yo surako…o..o..o.. surak iyoo
            Kabeh mau kudu ditindaki saiki, mumpung Ingkang Kuwaos taksih paring kalodhangan wektu, kasempatan. Mula, yen ana sing ngajak “Ayo” marang kabecikan, mangka nuli jawabana “Iyo” uga.

Kapethik Saking https://seratanjawa.wordpress.com/2016/01/14/tembang-dolanan-lir-ilir-apa-ta-tegese/

Cerita Wayang: Kresna Duta


Pandawa wis rampung anggone nglampahi masa pambuwangan lan pengasingan sajrone telulas (13) taun. Wis dadi hak saka Pandawa kanggo bali ngolehake Astina lan Amarta sing dijupuk saka keluarga Kurawa. Kanthi tujuan kuwi, para Pandawa njaluk bantuan Sri Kresna supaya dadi duta Pandawa njero menempuh dalan tentrem antarane Pandawa lan Korawa.
Sri Kresna mangkat menyang Astina kanthi numpak kreta sing dikusiri saka Sencaki. Ketuking neng Astina, Kresna cepet nuju panggon Arya Widura kanggo paring bekti marang Ibu Kunthi lan pak-lik Widura. Sawentara, tetua lan panggedhe-panggedhe Astina wis ngumpul neng bansal kraton nunggu ketekan duta saka Pandawa kesebut.
Kresna mlebu bangsal keraton banjur ngantekne ketekane yaiku dadi duta Pandawa. Pandawa sing wis buyar ndalani hukuman, pengen njaluk hake bali dhuwur Indraprastha (Amarta).
Kawit awal, Kurawa nyat ora pengen mbalekne Amarta marang Pandawa. Prabu Duryudana langsung nolak panjaluk Sri Kresna. Duryudana menehake macem-macem alasan sing nyat wis direncake kanggo nguwatake alasan dekne kabeh supaya bisa tetep nguwasani Indraprastha.
Doryudana ngomongke menawa tindakan Pandawa ngenengake upacara Rajasuya nunjukake menawa Pandawa ngagungake awak dekne kabeh.
Sri Kresna banjur njawab menawa Rajasuya kuwi dudu ngrupakne keputusan Yudhistira ngliyakne ngrupakne kesepakatan raja-raja sing ngakoni Yudhistira dadi raja arif lan wicaksana.
Doryudana banjur semaur menawa para Pandawa wis nglanggar hukuman pas kedadean kacekan antara Hastina lan Wirata. Pandawa wis ngaton awak lan bahkan ngalungguhan senjata adhep para Korawa.

Sri Kresna banjur mbalas njawab menawa wektu kuwi manut etungane, para Pandawa wis ucul saka masa hukuman lan dekne kabeh ngalungguhan pusaka amarga wektu kuwi dekne kabeh lagi ngenger neng Wirata. Dadi para warga Wirata wis kewajiban dekne kabeh kanggo ngalungguhan pusaka kagem labuh negara.
Krungu debatan Duryudana lan Kresna, mbah Bisma ngupadi nengahi. Nanging, upadine jebulna sia-sia. Duryudana malah nganggep menawa mbah Bisma nyat luwih mileh Pandawa daripada Korawa.
Akhire, Sri Kresna mari keputusan Kurawa kanggo paling akhir, apa Doryudana arep mbalekne hak Indraprastha marang Pandawa utawa ora.
“Para Pandawa wis ngelek-elek keluarga Hastina paling utama Kurawa, kabeh Kurawa wis sepakat ora arep linggih satingkat karo para Pandawa lan ora arep mbalekne Indraprastha”, jawab Duryudana. Cerita wayang bahasa jawa sri kresna.
Jawaban kuwi nggawe Sri kresna kesal lan banjur dheweke celathu, “ Duryudana, para panggende neng kene bakal dadi saksi dhuwur tembunganmu , tembunganmu iki kudu tok pertangunggjawabke mbesuk. Aku bakal ngutarake keputusanmu marang para Pandawa!”.
Sri Kresna banjur mungkur bangsal keraton. Dheweke nuju menyang siji taman neng njero istana Hastina. Katon matane bersinar tanda emosine wis duwur. Kresna bertriwikrama, ngowah ujud dadi Brahala, makhluk buta sing linuwih gedhe.
Triwikrama Kresna nggawe kabeh Astina kaget lan keweden. Para Kurawa mlayu mrana mrene nggoleki panggon ndelik. Resi Drona sing uga keweden ora wani mungkur seko njero kraton. Sawentara iku Bisma lan Arya Widura karo tenang mungkur bangsal kraton tanpa rasa wedi kaya ora kedadean apa-apa.
Triwikrama Bathara Wisnu uga nggawe gempar kahyangan. Para dewa kuwatir lan mudhun kanggo ndeleng Triwikrama Sri Kresna.
Para dewa bingung kepriye kudu ngendhegake triwikrama Sri Kresna. Mula dekne kabeh merintahke, kanggo njemput Bathara Derma supaya ngleremna triwikrama.
Dewa kebijaksanaan lan kesabaran kesebut alon-alon nyedhaki triwikrama lan menehi bekti.
Sang Tiwikarma njawab karo siji elingan, “ Grrrr.. aja cedhak cedhak Dharma, yen sampean ora pengen tak cacah-cacah awakmu ”.
“Aku dudu mungsuhmu triwikrama, malah aku gelem ngewangi kowe kanggo ngalahake mungsuhmu ”, jawab Bathara Dharma.
Cerita wayang bahasa jawa sri kresna duta
“Aku ora butuh bantuanmu kanggo nghancurke Kurawa-Kurawa sombong iki”, jawab sang triwikrama.
Bathara banjur nuturke,” Apa sak sekti ngunu para Korawa, saingga butuh dihancurke triwikrama? Apa pangkat dekne kabeh ngguncang kaya Rahwana? Apa butuh Tiwikarama sing sakti dadi wakil dewata kanggo mudhun tangan nghancurke Kurawa?”

“ Sedulur Wisnu njut eling yen Korawa dihancurke saka triwikrama iki bakal nggawe isin kanggo kabeh Dewa. Apa para Pandawa ora bisa labuh awak dekne kabeh dhewe dadine mbutuhake bantuan para dewa? Banjur Wisnu ngetungna meneh tindakan iki sing bakal nyoreng rai para dewa ugo ngisin-isinke Pandawa.”
Krungu panuturan Batara Derma, njero sakedhep triwikrama kuwi ngilang lan bali dadi Sri Kresna.
Sri Kresna banjur menyang panggon pak-lik Widura kanggo mit awak lan member bekti marang Arya Widura lan Kunti. Dheweke lunga mungkur Hastina kanggo ngantekne kabar pakoleh temon karo Korawa marang para Pandawa.

Kapethik saking http://ceritawayangbahasajawa.blogspot.co.id/2016/01/cerita-wayang-bahasa-jawa-kresna-duta.html

Cerita Wayang: Kumbakarna Gugur

Kumbakarna ditimbali dening Prabu Dasamuka kinen madeg senapati ngrabaseng prajurit Pancawati, andhahane Prabu Rama. Rangu-rangu atine awit dheweke ngerti jalarane Prabu Ramawijaya ngebroi Ngalengka. Ora liya amarga srakahe Prabu Dasamukangrebut garwane Prabu Rama, ya Dewi Sinta. Tumindake pun kakang pancen nalisir saka bebener. Ananging menawa ngelingi bumi Ngalengka, bumi wutah getihe sing bosah-baseh uga para kawula sing nandhang sengsara dadi kurban paprangan, tuwuh tekad sing mkantar-kantar jroning wardaya kanggo bela negarane.
Dewi Kiswani, garwane Kumbakarna ora kuwawa ngumpet tumetesing waspa nalika dipamiti lan diutus nyepakake ageman warna seta.
“kakngmas, kula sampun kecalan anak-anak kula Kumbawaswani tuwin Kumba-Kumba. Kula boten purun kecalan paduka, Kangmas!” ature kebak sungkawa marang Raden Kumbakarna.
“Yayi, pati urip iku ing astane Kang Akarya Jagad, yen pun kakang tiwas ing rananggana. Ateges iku pepesthen kang ora bisa diselaki. Ananging yen kakang selak saka jejibahan iki marang bumi Ngalengka sing wis menehi panguripan? Mula sanadyan nganti oncating nyawa tetep kudu dakbelani!”
Sawise krungu ngendikane garwane iku Dewi Kiswani tinarbuka atine lan ngutabake kanthi lega lila.
Bala wanara prajurite Prabu Rama kuwalahan nampani tandange Kumbakarna kang ngedab-edabi. Sanadyang mangkono ora padha gisrig, saya akeh sing ngrubut. Ana sing nyathek, nyokot mlah uga mancat ngrangsang sirah. Kurban saya akeh, nganti keprungu bendhe tinabuh aweh tetenger supaya padha mundur. Sawijining satriya marani Raden Kumbakarna.
“Yayi Wibisana!” pambengoke Kumbakarna bareng ngerti satriya iku jebul rayine.
“Kakang” kakang adhi iku rerangkulan kebak rasa sedhih. Wibisana tinudhung dening Dasamuka sesawise babaregan karo Kumbakarna elik-elik supaya ora meruhi tumindak angkara murkane kaknge sing saya ngambra-ambra. Ora dinyana kepethuk ing madyaning palagan.
“Sangertos kula kakang Kumbakarna tansah mbelani dhareng kautaman. Kenging menapa sakpunika kakang madeg dados senapati mbelani Prabu Dasamuka ingkang ateges mbelani kamurkan?” ature Wibisana.
“Dadi kaya ngono pangiramu marang pun kakang? Aku maju ing palagan iki amarga nglungguhi darmaning satriya kang kudu bela negara. Perkara tumindake Prabu Dasamuka iku dudu tanggung jawabku. Nanging rusake negara ngalengka, aku ora bisa nrimakake!” Wibisana ndheprok nyuwun pangapura awit wis duwe pandakwa ala.
“Wis.. wis dhi ora dadi apa. Lha kowe dhewe kok ana kene larahe kepriye?” pitakone kumbakarna. Wibisana nyritakake yen sawise ditudhung Dasamuka banjur nyuwita marang Prabu Rama.
“Boten ateges kula cidra dhateng nagari Ngalengka, kakang. Nanging kula kedah netepi darmaning satriya ingkang tansah mbela dhateng sinten ingkang leres!” ature Wibisana. Kakarone krasa nggrentes atine kudu adhep-adhepan minangka mungsuh.
“Jagad Dewa Bathara wis dadi garising Jawata kita kudu kaya ngene. Kowe ora luput, Dhi! Antepana dharmamu kaya dene aku netepi dharmaku! Aturana supaya ngayunake yudaku, kareben perkerene enggal rampung!” wibisana nyawang kakange kanthi trenyuh, atur sembah nuli mungkur.
Kumbakarna klakon adhep-adhepan karo Prabu Rama. Durung kober senapati Ngalengka iku ngrangsek, kedhisiksan panahe Rama wola-wali mutung tangane banjur siskile. Saengga kari sirah lan gembung. Ewa semana ora luntur tekade Kumbakarna gawe pepati seakeh-akehe. Dumadakan sanjatane Prabu Rama panah Gunawijaya, ngrampungi krodhane Kumbakarna. Kumbakarna gugur.

Kapethik saking http://nguriurijawa.blogspot.co.id/2009/12/kumbakarna-gugur.html (Panjebar Semangat 16/2005)

Cerita Wayang: Dewa Ruci


Dikisahke Bima nduweni sawong guru kanthi jeneng Resi Drona. Banjur Resi Drona merintah Bima supaya nggoleki banyu kuripan sing bakal nggawe Bima tumeko kasampurnan urip. Perintah iki sayektine mung siasat kanggo nglenyapake Bima supaya ora melu perang njero Perang Baratayuda sing kala kuwi lagi dipersiapke.

Bima sing nduweni jiwa sawong murid, tanpa pitakon banjur nglakokake titah saka sang guru. Dheweke mangkat nuju panggon-panggon berbahaya sing wis ditentukan dening Resi Drona.
Pisan, dheweke dikongkon menyang gua gunung Candramuka. Nning, banyu sing den upadi jebulna ora ana, nuli gua neng sakiwo tengene diobrak-abrik nganti nggawe kaget buta sing tinggal neng kana, yaiku Rukmuka lan Rukmakala. Banjur kedadean gelut antarane dekne kabeh lan nggawe loro raksaksa kesebut kalah ditendang, dibanting mendhuwur watu lan njeblok dadi lebu.
Bima durung bisa nemu banyu kauripan, akhire dheweke pasrah lan tersandar nang siji wit beringin sing gede banget.

Ora suwe banjur, dheweke krungu suwara sing ora ana wujud e, “Hei putuku sing lagi sedhih, kowe nggoleki sawijining barang sing ora ana neng kene. Mustahil nggoleki banyu kauripan neng kene”.
Suwara kuwi asale saka Batara Indra lan Bayu sing banjur ngandhani bima menawa loro buta sing dipateni mau ternyata nyat lagi dihukum Batara Guru.
Nuli diomongke uga supaya Bima leren anggone nggoleki banyu kauripan, Bima di kongkon supaya bali menyang istana Astina.

Sakwise dheweke bali menyang astina, dheweke memoni gurune maneh, yaiku Resi Drona. Bukane ngakoni kaluputan, Resi Drona berdalih mung nguji Bima wae. Dheweke banjur merintahake bima kanggo nuju samudra supaya oleh banyu kauripan.
Sadurung lunga, kabeh sedulur bima ing pandawa lima uga Arjuna nglarang lan wanti-wanti menawa kabeh kuwi mung jebakan wae. Nanging Bima/ Werkudara tetap kukuh lan bertekad lunga demi nglakoni titah saka guru Druna.

Malah yen dheweke kudu memoni kemalangan dheweke wis siap, amerga dheweke dhewe nduweni kepitaya an menawa apa sing dilakoni dheweke yaiku Darma, lan kabeh ana sing ngatur.
Saketuke neng pinggir segara, dheweke ngatur emosi sing timbul, keweden, keraguan neng jero awak saguh lan orane dheweke renang ing samudra kui.

Kanthi kesekten aji jalasegara sing dheweke olehke saka Batara Bayu nang dalan sadurunge, dheweke mleboni dasar segara karo menyibak banyu, malah saguh ngambekan neng jero banyu segara.
Dikisahke ana naga sagedhe anakan kali, pemangsa iwak neng segara, rai liar lan ganas, nduweni bisa sing isoh mateni sopo wae, cangkeme kaya gua, siunge katon landep cemlorot, melilit Bima nganti mung kari ketok gulune, menyemburkan bisa kaya banyu udan saka naga kesebut.
Bima bingung lan nduga supaya cepet mati, nanging wektu kesel ora kuwasa nglawan, dheweke eling banjur cepet-cepet nggunakake kukune yaiku  kuku pancanaka, nancap neng awak naga, getih kemocor, naga gedhe kuwi banjur mati, seisi segara bagyo mulya mergo ora ana maneh mangsa sing ganas.
Nganti akhire neng segara den samya Bima ketemu karo Dewa cebol sing nduwe jeneng Dewa Ruci sing raine persis Bima dewe. Gedhe saka Dewa Ruci ora luwih gedhe dibanding epek-epek Bima.  Dewa Ruci merintah Bima kanggo mlebu kuping kiwa saka Dewa Ruci, siji perintah sing mustahil.
Nanging, kanthi keajaiban, Bima kedadeyan bisa mlebu menyang kuping Dewa cebol kuwi lan neng jerone Bima mbisani donya sing jembar banget.

Dewa Ruci ngomongke menawa banyu kauripan ora ana nengendi-endi, rakacek nggoleki banyu kauripan neng panggon ing donya, amerga banyu kauripan ana ing jero awak manungsa kuwi dewe.
Saka kunu Bima mahami wejangan Dewa Ruci sing sayekti yaiku gambaran saka deweke dhewe, sing ngetok lan menehi pamulangan marang dheweke  amarga dheweke wis matuhi parintah saka gurune.
Ana papat wujud sing katon saka Bima, yaiku ireng, abang, kuning lan putih. nuli celathua Dewa Ruci, “sing pisan kok delok cahayane, urip ora ngerti jenenge, Pancamaya kuwi, sayekti ana sajroning atimu, sing dadi pangarepmu, yaiku ati, sing nuntun awakmu marang sifat luwih, ngrupakne hakikat sifat kuwi dhwe.
Lekas mulih aja mlaku, delengen rupa kuwi aja mangu, ati kuwi sejatine hakikatmu, lagekne sing arupa abang, ireng, kuning lan putih, kuwi yaiku pangalang saka atimu.

Bima sakwise krungu tembung Dewa Ruci, atine padhang, nrima kanthi ati seneng, jero ati ngarepake oleh anugerah wahyu sing sak tenane. Banjur Dewa Ruci ngomong, “Bima, mangertenana sliramu, sing tok kerjakne, ora ana ngelmu sing ditekake, kabeh wis kok kuwasani, ora ana meneh sing den upadi, kasekten, ugo kepinteran, amarga ati sing temenan yaiki ati sing nglaksanakake.

Kapethik saking http://ceritawayangbahasajawa.blogspot.co.id/2016/01/cerita-wayang-bahasa-jawa-dewa-ruci.html

KABUDAYAN JAWA SING DIANGGEP KLIRU KARO AJARAN ISLAM


Masyarakat Jawa kang muslim nganti saiki durung bisa ninggalake tradhisi lan budaya Jawa, sanajan tradhisi lan budaya iku ora trep karo ajaran Islam. Ana akeh budaya Jawa sing ajarane becik uga bisa kanggo tuladha lan ana budaya Jawa sing kliru karo ajaran Islam amarga masyarakat Jawa nganggo budaya sing esih ana gayutane karo agama Hindhu lan Buddha. Nalika masyarakat Jawa sing ora duwe pangerten ajaran Islam kang cukup, bakal njaga warisan lan laku mau ing panguripane, sanajan ajaran mau nyimpang saka ajaran Islam. Sayange, kedadean iki terus ana nganti saiki.
Antarane wong-wong mau ana akeh kang marisi agama para leluhure, yaiku agama Hindhu utawa Buddha, lan liyane mlebu agama Kristen lan Katolik. Sing agama Islam, masyarakat Jawa bisa diklompokake dadi rong bagian yaiku klompok kang nganut agama Islam murni (Islam Santri) lan klompok sing nganut Islam Kejawen (Agama Jawa/Islam Abangan). Masyarakat Jawa sing nganut Islam Santri biasane manggon ing wilayah pesisir, kayata Surabaya, Gresik lan liya-liyane, nek sing Islam Kejawen biasane netep ing Yogyakarta, Surakarta, lan Bagelen. Agama Kejawen iku dihasilke saka budaya Jawa dhewe. Kejawen isine babagan seni, budaya, tradhisi, ritual, prilaku sarta gambarane wong Jawa.
Wong Jawa, utamane sing nganut Kejawen, ngerti akeh babagan bendha lan wong sing dianggep kramat. Biasane wong sing dianggep kramat iku tokoh sing duweni jasa ing masyarakat utawa para ulama sing nyebarake ajaran agama lan liya-liyane. Bendha kang asring dikramatke biasane warisan pusaka lan uga pasareane para leluhur lan pandhega utawa pamimpin sing dihormati. Wong sing ngono kuwi percaya tokoh lan bendha mau bisa menehi berkah. Kuwi sabab padha nindakake macem-macem kagiatan kanggo njaluk berkah saka pamimpin lan bendha sakral. Tuladhane sedekah laut, sesajen, lan liya-liyane.
Masyarakat Jawa uga percaya babagan roh kang miturute roh sing ana ing sekitare wong sing isih urip. Makhluk alus iku ana sing nguntungke lan sawetara ana sing ngrugikake kanggo manungsa. Mulane, wong Jawa padha nyoba njinake makhluk alus kuwi nganggo maneka sesajen, ritual utawa upacara.
Liyane iku, masyarakat Jawa uga percaya dewa kuwi ana. Buktine ana ing daerah pesisir kidul, masyarakat kana percaya karo Nyai Roro Kidul (Ratu Segara Kidul). Masyarakat Jawa sing manggon ing pesisir Kidul percaya Nyai Roro Kidul kuwi panguasane segara Kidul sing duwe hubungan karo sederek Mataram (Yogyakarta). Wong daerah kana menehi sedekah laut supaya ora ana bebaya kang nimpa masyarakat daerah kuwi.
Sing ringkesan masyarakat Jawa karo agama lan budaya sing unik. Nganti saiki iki bakal warisan unik ayating lan maintained ing gesang. Malah karo wilayah otonomi, saben wilayah nyoba kanggo dig tradhisi kayata kanggo digunakake minangka tujuan wisata sing bisa nambah income kanggo wilayah sing duwe lan ngatur kabeh mau.
Tuladha kabudayan lan tradhisi masyarakat Jawa dianggep nyimpang saka ajaran Islam lan Al – Quran:
  1. Larungan
Larungan iki ritual nglarungke sesaji menyang segara. Warga percaya larungan sesaji bakal nekake berkah utawa tolak bala, ana uga sing ngomong larungan minangka raos sukur. Ritual Larungan dianakake pas tanggal 1 Suro lan tanggal 1 Syawal. Larungan biasane ana ing daerah Jogjakarta. Larungan diwiti saka desa, banjur kirab, nggawa sesajen saka hasil tetaneman masyarakat kana kaya sayuran lan buah-buahan kang disusun kaya wangunan gunung, tumpeng karo kabeh piranti kayata, sirah wedhus, ingkung (pithik panggang), jajanan pasar, ana kembang pitung rupa lan kemenyan. Tekan ing segara, kabeh sesaji mau dibuang ing tengah segara, diiringi dening pandhongan bebarengan. Ritual kuwi mau disembahke kanggo Ratu Kidul utawa Nyai Roro Kidul.
Ing pantai Parangtritis lan meh kabeh pesisir kidul ing daerah Jogyakarta masyarakate ngadakake ritual larung sesajen. Menawa ana ritual kuwi biasane atusan wong padha teka ing pinggire pantai. Ana yakin nek teka marang daerah pantai kana ora kena nganggo klambi warna ijo amarga iku warna kesenengane Ratu Kidul. Nglarung sejajen iku wekasane ritual sedekah laut utawi larungan. Liyane iku, nek dina Jum’at uga wewalere nelayan kanggo menyang segara.

  1. Ziarah kubur
Ziarah kubur karo niat njaluk apa wae marang sing diziarahi, tradhisi iki isih digunakake praktek ing masyarakat Jawa. Biasane menawa ziarah njaluk marang para leluhur supaya diwenehi kaslamatan lan kalancaran. Akeh uga teka menyang kuburan sing dianggep sekti kaya wali, Syeh, utawa wong wicaksana kanggo njaluk riski, njaluk keturunan, lan njaluk berkah.

  1. Menehi Sesajen
Menehi sesajen kanggo para leluhur lan watu gedhe utawa wit gedhe, kabiasaan iki isih dianggo ana ing daerah sing rada ketinggal, tujuane supaya diwenehi kaslamatan, ora diganggu dening sing jaga utawa tujuan liyane.

  1. Grebeg
Grebeg iku upacara adat tradhisional ing Kraton Yogyakarta, kang dianakake telung taun sekali kanggo mangeti dina gedhe Islam. Ing saben upacara grebeg, Sultan menehi sedekah wujude kaya wangun gunung sing digawe saka panganan kaya beras ketan, endhog, woh-wohan, lan sayuran. Banjur, gunungan kuwi digawa menyang plataran Masjid Agung kanggo diwacani doa disit dening Abdi Dalem Penghulu Kraton. Sawise iku gunungan mau direbutke dening wong-wong sing arep njaluk berkah saka gunungan.

  1. Ruwatan
Ruwatan iku upacara adat Jawa sing ancase kanggo mbebasake wong utawa daerah saka bebaya. Inti upacara ruwatan iki sejatine arupa ndonga, nyuwun pangayoman saka ancaman bebaya umpamane bencana alam lan liyane, uga ndonga nyuwun pangampunan dosa sing wis diakoni kang bisa marake bencana. Yen arep dianggo tolak bala utawa mbuang sial wong sing ngalami sukerta, wong sing diruwat kudu njalani siraman banyu suci lan nggunting rambut, rambute banjur dilarung neng segara.
Saliyane budaya ing dhuwur, ana luwih akeh maneh budaya lan tradhisi masyarakat kang dianggep adoh banget saka konsep Islam lan Al-Quran kang nekanake iman ing Gusti Allah SWT. Selain iku budaya mau bisa marakake syirik lan gawe rusak iman. Minangka wong Muslim lan bagain saka masyarakat Jawa, dhewe dipanggonke sijine posisi kang bingungke, milih antarane njaga budaya utawa mbuang adoh amarga budaya mau ora trep saka konsep Islam lan Al-Quran kang nekanake ing ajaran “Tauhit” utawa ngagungke Allah SWT . Nanging, dhewe ora bisa mung meneng budaya kuwi mau sing nggawe musyrik, dene iku salah siji saka dosa utama kang disengiti dening Gusti Allah.

SIMPULAN
Minangka Muslim kang bakal becik yen dhewe uga melu menehi nasihat marang wong-wong kang tumindak syirik, amarga syirik iku dosa sing disengiti dening Gusti Allah, nanging yen tetep nglakoke tumindak kuwi, dhewe mung isa ndoake lan sikape dhewe kudu bisa ngindari tumindak kang dosa lan syirik kuwi.
Mulane kuwi dhewe kudu tumindak kanthi teliti, nliti saka asal usule, apa iku budaya nduweni unsur kang dilarang dening agama utawa ora. Sabab, kita kudu ndadike hukum Islam minangka barometer, ora kosok balene. Amarga panuntun paling apik kuwi panuntune Rasulullah, lan pedoman kang bener-bener pedoman kuwi pedomane para salaf.
Budaya karo agama kuwi ora bakal bisa nyatu, nanging bisa jejer mlaku bareng. Agamane jejeg budayane mlaku. Agama tanpa budaya kuwi kaku, budaya nek ora duwe agama ya ora cetha uripe. Budaya lan agama kuwi kanggo tegake kauripan ing donya.


Sumber :
http://www. kompasiana.com/u_zansmile/standar-kejawen-adalah-syariat5529a070f17e 617e10d623a9
http://aliwafapuncak.blogspot.com/p/budaya-sesajen.html
https://aslibumiayu.wordpress.com/2012/12/03/pandanan-islam-terhadap-kebudayaan-bagaimana-seharusnya-kita-menyikapinya

Batik Pemalang Kawentar Merga Warna Alam

foto0010
Nate midhanget tembung Parang Curiga, Kepedhak, Gemek setekem lan Sawat Rante? Ya bener iku jenenge motif-motif bathik Pemalang. Akeh sing duwe penganggep yen bathik Pemalang padha karo bathik Pekalongan. Dianggep mangkono amarga Pemalang iku melu wilayah eks Karesidenan Pekalongan. Anggepan iku ora salah wong jenenge bathik iku bageyan budaya sing sumebare liwat tiru-tiru (asimilasi). Wiwit mbiyen tumeka saiki sing jenenge motif bathik klasik kadidene Barong, Gringsing, Kawung, Rujak Senthe ing endi-endi ana, kalebu ing Pekalongan lan Pemalang.
 
Bathik Pekalongan kawentar marga regane sing relatif murah, motife maneka warna, iki sing ndadekake para pengrajin bathik/pengusaha bathik ing Kabupaten Pemalang terasimilasi mbok iyaa motif bathik ing Pemalang iku sing maneka warna, regane terjangkau, merakyat. Salah sijine usaha, ikhtiyar kang kawentare bathik Pemalang yaiku kanthi nggawe bathik kanthi motif warna alam.