Selasa, 02 Februari 2016

KABUDAYAN JAWA SING DIANGGEP KLIRU KARO AJARAN ISLAM


Masyarakat Jawa kang muslim nganti saiki durung bisa ninggalake tradhisi lan budaya Jawa, sanajan tradhisi lan budaya iku ora trep karo ajaran Islam. Ana akeh budaya Jawa sing ajarane becik uga bisa kanggo tuladha lan ana budaya Jawa sing kliru karo ajaran Islam amarga masyarakat Jawa nganggo budaya sing esih ana gayutane karo agama Hindhu lan Buddha. Nalika masyarakat Jawa sing ora duwe pangerten ajaran Islam kang cukup, bakal njaga warisan lan laku mau ing panguripane, sanajan ajaran mau nyimpang saka ajaran Islam. Sayange, kedadean iki terus ana nganti saiki.
Antarane wong-wong mau ana akeh kang marisi agama para leluhure, yaiku agama Hindhu utawa Buddha, lan liyane mlebu agama Kristen lan Katolik. Sing agama Islam, masyarakat Jawa bisa diklompokake dadi rong bagian yaiku klompok kang nganut agama Islam murni (Islam Santri) lan klompok sing nganut Islam Kejawen (Agama Jawa/Islam Abangan). Masyarakat Jawa sing nganut Islam Santri biasane manggon ing wilayah pesisir, kayata Surabaya, Gresik lan liya-liyane, nek sing Islam Kejawen biasane netep ing Yogyakarta, Surakarta, lan Bagelen. Agama Kejawen iku dihasilke saka budaya Jawa dhewe. Kejawen isine babagan seni, budaya, tradhisi, ritual, prilaku sarta gambarane wong Jawa.
Wong Jawa, utamane sing nganut Kejawen, ngerti akeh babagan bendha lan wong sing dianggep kramat. Biasane wong sing dianggep kramat iku tokoh sing duweni jasa ing masyarakat utawa para ulama sing nyebarake ajaran agama lan liya-liyane. Bendha kang asring dikramatke biasane warisan pusaka lan uga pasareane para leluhur lan pandhega utawa pamimpin sing dihormati. Wong sing ngono kuwi percaya tokoh lan bendha mau bisa menehi berkah. Kuwi sabab padha nindakake macem-macem kagiatan kanggo njaluk berkah saka pamimpin lan bendha sakral. Tuladhane sedekah laut, sesajen, lan liya-liyane.
Masyarakat Jawa uga percaya babagan roh kang miturute roh sing ana ing sekitare wong sing isih urip. Makhluk alus iku ana sing nguntungke lan sawetara ana sing ngrugikake kanggo manungsa. Mulane, wong Jawa padha nyoba njinake makhluk alus kuwi nganggo maneka sesajen, ritual utawa upacara.
Liyane iku, masyarakat Jawa uga percaya dewa kuwi ana. Buktine ana ing daerah pesisir kidul, masyarakat kana percaya karo Nyai Roro Kidul (Ratu Segara Kidul). Masyarakat Jawa sing manggon ing pesisir Kidul percaya Nyai Roro Kidul kuwi panguasane segara Kidul sing duwe hubungan karo sederek Mataram (Yogyakarta). Wong daerah kana menehi sedekah laut supaya ora ana bebaya kang nimpa masyarakat daerah kuwi.
Sing ringkesan masyarakat Jawa karo agama lan budaya sing unik. Nganti saiki iki bakal warisan unik ayating lan maintained ing gesang. Malah karo wilayah otonomi, saben wilayah nyoba kanggo dig tradhisi kayata kanggo digunakake minangka tujuan wisata sing bisa nambah income kanggo wilayah sing duwe lan ngatur kabeh mau.
Tuladha kabudayan lan tradhisi masyarakat Jawa dianggep nyimpang saka ajaran Islam lan Al – Quran:
  1. Larungan
Larungan iki ritual nglarungke sesaji menyang segara. Warga percaya larungan sesaji bakal nekake berkah utawa tolak bala, ana uga sing ngomong larungan minangka raos sukur. Ritual Larungan dianakake pas tanggal 1 Suro lan tanggal 1 Syawal. Larungan biasane ana ing daerah Jogjakarta. Larungan diwiti saka desa, banjur kirab, nggawa sesajen saka hasil tetaneman masyarakat kana kaya sayuran lan buah-buahan kang disusun kaya wangunan gunung, tumpeng karo kabeh piranti kayata, sirah wedhus, ingkung (pithik panggang), jajanan pasar, ana kembang pitung rupa lan kemenyan. Tekan ing segara, kabeh sesaji mau dibuang ing tengah segara, diiringi dening pandhongan bebarengan. Ritual kuwi mau disembahke kanggo Ratu Kidul utawa Nyai Roro Kidul.
Ing pantai Parangtritis lan meh kabeh pesisir kidul ing daerah Jogyakarta masyarakate ngadakake ritual larung sesajen. Menawa ana ritual kuwi biasane atusan wong padha teka ing pinggire pantai. Ana yakin nek teka marang daerah pantai kana ora kena nganggo klambi warna ijo amarga iku warna kesenengane Ratu Kidul. Nglarung sejajen iku wekasane ritual sedekah laut utawi larungan. Liyane iku, nek dina Jum’at uga wewalere nelayan kanggo menyang segara.

  1. Ziarah kubur
Ziarah kubur karo niat njaluk apa wae marang sing diziarahi, tradhisi iki isih digunakake praktek ing masyarakat Jawa. Biasane menawa ziarah njaluk marang para leluhur supaya diwenehi kaslamatan lan kalancaran. Akeh uga teka menyang kuburan sing dianggep sekti kaya wali, Syeh, utawa wong wicaksana kanggo njaluk riski, njaluk keturunan, lan njaluk berkah.

  1. Menehi Sesajen
Menehi sesajen kanggo para leluhur lan watu gedhe utawa wit gedhe, kabiasaan iki isih dianggo ana ing daerah sing rada ketinggal, tujuane supaya diwenehi kaslamatan, ora diganggu dening sing jaga utawa tujuan liyane.

  1. Grebeg
Grebeg iku upacara adat tradhisional ing Kraton Yogyakarta, kang dianakake telung taun sekali kanggo mangeti dina gedhe Islam. Ing saben upacara grebeg, Sultan menehi sedekah wujude kaya wangun gunung sing digawe saka panganan kaya beras ketan, endhog, woh-wohan, lan sayuran. Banjur, gunungan kuwi digawa menyang plataran Masjid Agung kanggo diwacani doa disit dening Abdi Dalem Penghulu Kraton. Sawise iku gunungan mau direbutke dening wong-wong sing arep njaluk berkah saka gunungan.

  1. Ruwatan
Ruwatan iku upacara adat Jawa sing ancase kanggo mbebasake wong utawa daerah saka bebaya. Inti upacara ruwatan iki sejatine arupa ndonga, nyuwun pangayoman saka ancaman bebaya umpamane bencana alam lan liyane, uga ndonga nyuwun pangampunan dosa sing wis diakoni kang bisa marake bencana. Yen arep dianggo tolak bala utawa mbuang sial wong sing ngalami sukerta, wong sing diruwat kudu njalani siraman banyu suci lan nggunting rambut, rambute banjur dilarung neng segara.
Saliyane budaya ing dhuwur, ana luwih akeh maneh budaya lan tradhisi masyarakat kang dianggep adoh banget saka konsep Islam lan Al-Quran kang nekanake iman ing Gusti Allah SWT. Selain iku budaya mau bisa marakake syirik lan gawe rusak iman. Minangka wong Muslim lan bagain saka masyarakat Jawa, dhewe dipanggonke sijine posisi kang bingungke, milih antarane njaga budaya utawa mbuang adoh amarga budaya mau ora trep saka konsep Islam lan Al-Quran kang nekanake ing ajaran “Tauhit” utawa ngagungke Allah SWT . Nanging, dhewe ora bisa mung meneng budaya kuwi mau sing nggawe musyrik, dene iku salah siji saka dosa utama kang disengiti dening Gusti Allah.

SIMPULAN
Minangka Muslim kang bakal becik yen dhewe uga melu menehi nasihat marang wong-wong kang tumindak syirik, amarga syirik iku dosa sing disengiti dening Gusti Allah, nanging yen tetep nglakoke tumindak kuwi, dhewe mung isa ndoake lan sikape dhewe kudu bisa ngindari tumindak kang dosa lan syirik kuwi.
Mulane kuwi dhewe kudu tumindak kanthi teliti, nliti saka asal usule, apa iku budaya nduweni unsur kang dilarang dening agama utawa ora. Sabab, kita kudu ndadike hukum Islam minangka barometer, ora kosok balene. Amarga panuntun paling apik kuwi panuntune Rasulullah, lan pedoman kang bener-bener pedoman kuwi pedomane para salaf.
Budaya karo agama kuwi ora bakal bisa nyatu, nanging bisa jejer mlaku bareng. Agamane jejeg budayane mlaku. Agama tanpa budaya kuwi kaku, budaya nek ora duwe agama ya ora cetha uripe. Budaya lan agama kuwi kanggo tegake kauripan ing donya.


Sumber :
http://www. kompasiana.com/u_zansmile/standar-kejawen-adalah-syariat5529a070f17e 617e10d623a9
http://aliwafapuncak.blogspot.com/p/budaya-sesajen.html
https://aslibumiayu.wordpress.com/2012/12/03/pandanan-islam-terhadap-kebudayaan-bagaimana-seharusnya-kita-menyikapinya