Rajaning peksi menika
asmanipun Jathayu. Piyambakipun dados mitra kenthelipun Raja Dasarata. Nalika
sumerep bilih putra saking mitranipun dipuncidra dening Rahwana, Jathayu
enggal-enggal paring tetulung. Kreta kencana dipuntrajang kemawon lajeng Shinta
dipun rebat. Nanging Rahwana nggegegi, boten nguwalaken, dedreg udreg-udregan,
rebatan Shinta wonten ing gegana. Eman, dene Jathayu kalindhih, dipuntatoni
saha dipunajar dening Rahwana. Salah satunggaling swiwi sengkleh tugel. Taksih
megap-megap dipuntendhang, kumleyang ing awang-awang. Lajeng dhawah ing siti
klebekan.
Laju lampahing kretanipun
Rahwana nggondhol Shinta. Badanipun Shinta lungkrah boten kanten-kantenan
dipunceneng-ceneng kangge rebatan. Sakedhap-sakedhap polah nedya uwal nanging
tetep kasikep dening Rahwana ingkang linambaran raos nepsu lan kasmaran dhateng
Shinta. Shinta namung saged nangis sesenggukan. Sekar cundhuk, gelang tuwin
kalungipun sami dhawah pating kececer. Sinten kemawon boten tegel menawi
sumerep kawontenan saha polahipun menapa dene mireng tangis pisambatipun
Shinta. Nanging raos menika boten dipungadhahi dening Rahwana.
Dumugi ing Nagari Alengka,
Shinta dipunsumerepi kaendahaning kraton, prabot ingkang sakalangkung edi peni,
mawarni-warni rerenggan, mas, intan, lan barleyan. Nanging sedaya kala wau boten dipun rewes
dening Shinta. Rahwana pengin supados Shinta menika purun dados garwanipun.
Pepenginan menika boten dipungugu, Shinta malah cariyos bilih taksih
piyambakipun taksih enget lan tansah setya dhateng Rama.
Mireng mekaten, Rahwana
muntab nesunipun lajeng paring prentah dhateng raseksi ingkang galak ndrawasi
supados njagi Shinta. Wonten ing wana, Rama kaliyan Lesmana kaget amarga nalika
kondur saking beburu kidang kencana boten sumerep Shinta. Rama manggihi sekar cundhuk
tuwin saperanganing anggen-anggenipun Shinta manika sami pating kececer. Rama
duka sanget amarga mangertosi bilih sejatosipun Shinta sampun dipunpundhung
utawi dipunculik.
Rama kaliyan Lesmana lajeng
madosi Shinta ngantos dumugi wonten ing panggenanipun Jatayu menika taksih
sekarat. Jatayu lajeng nyariosaken lelampahanipun Shinta ingkang dipunplayokaken dening
Rahwana. Sasampunipun paring pitudhuh marang Rama, Jatayu nemahi seda.
Raganipun Jathayu lajeng dipunkremasi dening Rama kaliyan Lesmana. Tiyang kalih
wau lajeng njujug lakunipun Rahwana ngantos dumugi ing Alengka.Wonten ing
Alengka, Rama bungah amarga saged manggihi Shinta kanthi boten kirang setunggal
menapa. Tiyang tetiganipun lajeng budhal saking negari Alengka kanthi slamet.