
Nate midhanget tembung Parang Curiga, Kepedhak, Gemek setekem lan
Sawat Rante? Ya bener iku jenenge motif-motif bathik Pemalang. Akeh sing
duwe penganggep yen bathik Pemalang padha karo bathik Pekalongan.
Dianggep mangkono amarga Pemalang iku melu wilayah eks Karesidenan
Pekalongan. Anggepan iku ora salah wong jenenge bathik iku bageyan
budaya sing sumebare liwat tiru-tiru (asimilasi). Wiwit mbiyen tumeka
saiki sing jenenge motif bathik klasik kadidene Barong, Gringsing,
Kawung, Rujak Senthe ing endi-endi ana, kalebu ing Pekalongan lan
Pemalang.
Bathik Pekalongan kawentar marga regane sing relatif murah, motife
maneka warna, iki sing ndadekake para pengrajin bathik/pengusaha bathik
ing Kabupaten Pemalang terasimilasi mbok iyaa motif bathik ing Pemalang
iku sing maneka warna, regane terjangkau, merakyat. Salah sijine usaha,
ikhtiyar kang kawentare bathik Pemalang yaiku kanthi nggawe bathik
kanthi motif warna alam.