Lir ilir lir ilir tandure wis sumilirTak ijo royo-royoTak sengguh temanten anyarCah angon cah angonPenekno blimbing kuwiLunyu-lunyu peneknoKanggo mbasuh dodotiraDodotira-dodotiraKumitir bedhahing pinggirDondomana jlumatanaKanggo seba mengko soreMumpung jembar kalanganeMumpung padhang rembulaneYo surako…o..o..o.. surak iyoo
Sapa wong jawa sing ora ngerti tembang dolanan iki? Yen ana, pirang taun anggonmu dadi wong Jawa?
Ilir-ilir yaiku salah sawijine tembang
dolanan kang dianggit dening Kanjeng Sunan Kalijaga udakara 5 abad
kepungkur. Nanging, senajan suwene wis 5 abad, durung mesthi padha
ngerti artine, paham tegese. Iya ta?! Kanjeng Sunan Kalijaga nganggit
tembang “Ilir-ilir” kangge pepeling marang kita supaya kita bisa
ngati-ngati anggone ngayahi urip ing donya iki. Tembang iki cinipta ing
era Islam. Mula akeh sithike ana kaitane karo Islam.
Mula, ing kene panulis arep pratelaake
saka maneka warna sumber, mligine Renungan Ilir-Ilir.mp3 anggitane
sastrawan lan budayawan Emha Ainun Najib ngenani arti lan makna tembang dolanan “Ilir-ilir” kang sejatine ngemu pitutur luhur.
Lir ilir lir ilir tandure wis sumilir. Tak ijo royo-royo. Tak sengguh temanten anyar
Salarik tembang ing dhuwur anduweni teges yen saiki wis wayahe padha tangi, padha sadar yen bumi sing kita singgahi iki subur, kabeh tanduran apa wae tukul subur
(ijo royo-royo). Kaya-kaya swarga tau bocor ing tlatah Nuswantara iki,
ing bumi Indonesia iki. Perkara sing kaya ngene iki ndadiake senenging
rasa, bungahing ati pindha penganten anyar kang mesam-mesem rina wengi.
Cah angon cah angon. Penekno blimbing kuwi. Lunyu-lunyu penekno. Kanggo mbasuh dodotira
Cah angon tegese wong kang penggeane angon (saka tembung ingon-ingon = hewan piaraan), mbuh angon wedhus, sapi, kebo, utawa bebek. Angon tegese ngopeni, ngreksa.
Yaiku wong sing bisa ngopeni, sing bisa ngreksa. Lha sing diopeni apa?
Kamangka jaman saiki wis arang wong duwe ingon-ingon. Sing kudu diopeni
yaiku siji, ati. Atimu lan hawa nepsumu kudu bisa ngendalikana. Supaya urip ora nemahi kacilakan.
Kenapa Kanjeng Sunan nganggo tembung cah
angon? Kenapa dudu Raja, Patih, utawa Senapati sing derajade luwih
dhuwur? Yen miturut pamanggihe Cak Nun ( Emha Ainun Najib), cah angon
yaiku sawijining wong sing bisa angon/ngemong sapa bae lan kahanan ing
bangsa iki. Bocah angon yaiku bocah sing bisa dadi narendra kang
manunggal ing prabeda, dadi raja sing asah-asih-asuh marang
sapadha-padha lan alam donya. Lan cah angon bisa sapa bae, ora kudu
raja, patih, utawa senapati. Cah angon bisa uga amung wong cilik. Yen
saiki, cah angon ora kudu Presiden, nanging uga bisa guru, polisi,
dokter, sastrawan, lan rakyat biasa sing nduweni daya ngemong kang
gedhe.
Cah angon kudu menek wit blimbing. Kenapa
kudu blimbing, ora liyane bae? Amarga blimbing duwe gir kang jumlahe
lima. Ya Lima perkara kuwi kang kudu digayuh lan direksa dening cah
angon. Lima perkara kuwi akeh tafsirane. Bisa uga Rukun
Islam, bisa uga Sholat limang wektu, bisa uga Sedulur Papat Lima
Pancer, bisa uga Pancasila, bisa uga liyane manut panemumu sing kok
anggep pas.

Blimbing kuwi kudu dipenek senajan lunyu,
ora diketok utawa den bruke. Lima perkara iku kudu den reksa, den gayuh
senajan akeh gegodha. Wit blimbing minangka sarana nggayuh lima
perkara. Amarga lima perkara iku dasar-dasar supaya cah angon tetep bisa
ngangon kanthi bener. Kita kudu duwe prinsip ( misale Pancasila) supaya
saben tindak tanduk duweni cekelan sahengga ora gampang denjur dening
liyan.
Lima perkara iku den gunaake cah angon
kanggo mbasuh dodot. Dodot yaiku sandangan. Ya sandangan kuwi sing
nggawe awakmu den ajeni. Yen ora percaya, cobaa tanpa wusana mlaku ijen
ing tengah dalan, mesthi bae diarani wong edan, mesthi bae ora kajen.
Kaya paribasan jawa “ajining dhiri gumantung saka kendaling lathi,
ajining sarira gumantung saka busana”.
Nanging, dodot utawasandangan bisa uga
tegese awak dhewe. Kaya Saben menungsa mesthi bae ora luput saka salah,
mula sandangan sing reged, awak sing kebak salah lan dosa kudu den
basuh, den suceni nganggo perkara lima mau. Perkara kang bisa cerak
marang Gusti Kang Akarya Jagad.
Dodotira-dodotira. Kumitir bedhahing pinggir. Dondomana jlumatana. Kanggo seba mengko sore.
Sandangan mesthi wae ora apik terus, ana
kalane suwek lan bolong. Semana uga awak kita, ora luput saka tumindak
ala. Mula, sandangan yen suwek kudu didondomi, dijahit maneh, dibenahi.
Semono uga awak yen kebak doso kudu taubat, kudu denbeneri tumindak sing
ala wingi, kudu densuda. Supaya yen tiba wektune seba ( ngadep marang
Gusti Allah) mengko sore ( nalika wis titi wancine, mbuh mengko, sesok,
taun ngarep) ora muspra olehe ana ing alam donya.
Mumpung jembar kalangane. Mumpung padhang rembulane. Yo surako…o..o..o.. surak iyoo
Kabeh mau kudu
ditindaki saiki, mumpung Ingkang Kuwaos taksih paring kalodhangan wektu,
kasempatan. Mula, yen ana sing ngajak “Ayo” marang kabecikan, mangka
nuli jawabana “Iyo” uga.
Kapethik Saking https://seratanjawa.wordpress.com/2016/01/14/tembang-dolanan-lir-ilir-apa-ta-tegese/