Crita
wayang ana kang sumbere saka :
a. Ramayana
anggitane Walmiki
b. Mahabharata
anggitane Wiyasa.
Ramayana
iku nyritakake lelakone Ramawijaya karo
garwane yakuwi Dewi Shinta. Dewi shinta dicolong raja ing Ngalengka kang arane
Rahwana. Ramawijaya dibantu adhine, Laksmana, nggoleki Dewi Shinta.
Mahabharata
nyritakake Pandhawa lan Kurawa. Crita sadurunge lan sawise Pandhawa uga
dijlentrehake. Pandhawa lan kurawa sedulur nanging ora bisa akur amarga Kurawa
ngrebut hake Pandhawa nduweni Praja Asthina. Wusanane kedadeyan peraang gedhe
kang nggegirisi aran perang Baratayudha.
Ing
ngisor iki ana tuladha wacan crita wayang.
RADEN JANAKA
Raden Janaka iku satriya saka
Madukara. Raden Arjuna iku putra sing kapin telune prabu Pandhu Dewanata, ratu
ing Ngastina. Ibune asmane Dewi Kunthi Nalibrata. Nalika isih cilik, asmane yaiku
Raden Permadi. Dene jeneng-jeneng liyane
Raden Arjuna yaiku Raden Janaka, Raden Margana, Raden palguna, Raden
Dananjaya, Kumbawali, Parta, Pandhuputra, Kuntadi, Endratanaya.
Raden Arjuna socane jaitan, irunge
mbangir, sanggule kadhal menek,jarite bokongan putran, pasuryane anteng
jatmika, nduweni garwa akeh nanging garwa prameswarine mung siji yaiku Dewi
Wara Sembadra, rayine Prabu Kresna ratu ing Dwarawati. Karo Dewi Wara Sumbadra
duwe putra siji yaiku Raden Abimanyu, dene putra liya ana sing asma Bambang
Irawan, Raden Brata Laras, Raden Priyambada, Raden Wisanggeni, Endang Pregiwa.
Raden Arjuna kuwi sekti mandraguna
kekasihe para dewa. Raden Arjuna kuwi tumindake adil lan pinter olah sanjata
panah. Raden Arjuna uga nggatekake babagan pendhidhikan lan kaendahan. Raden
Arjuna nduwe lenga jayeng katon kang
nduweni kasiyat yen diusapake ing socane bisa ndeleng bangsane lelembut. Dene
pusakane Raden Arjuna iku akeh sing diparingi para dewa, tuladhane yaiku Panah Pasopati, Keris Pulanggeni, lan Arda
Dedali. Dheweke uga sinebut satriya Pamadyaning
Pandhawa kang kondhang minangka
Satriya “LELANANGING JAGAD”.
PRABU YUDHISTIRA
Prabu
Yudhistira iku putra pambarepe Prabu Pandhu Dewanata karo Dewi Kunthi. Sadulure
nunggal ibu ana loro, yaiku Nakula lan Sadewa. Prabu Yudhistira jejuluk
Puntadewa, Darmaputra, Dwijakangka. Tata lair Yudhistira kuwi putrane Pandhu
nanging sejatine Yudhistira iku putrane Dewa Darma mula Yudhistira uga diarani
Darmaputra.
Garwane aran Dewi Drupadi, putrane mung siji aran Raden
Pancawala. Yudhistira kadunungan getih putih mula sabar, narima, ora bisa nesu,
ora gelem goroh, jujur, wicaksana lan bekti marang Pangeran. Kagungan pusaka
Jamus Kalimasada paringane Bathara Darma. Pusakaliyane aran tumbak Tunggulnaga
lan Tumbak Kyai Karawelang.
Selawase urip, Yudhistira mung perang
sepisan yaiku lumawan Prabu Salya kang duwe aji-aji Candrabirawa. Yen diwateg,
aji-aji mau bisa metu buta bajang siji nanging yen dipateni bisa dadi loro lan
sateruse. Manut Prabu Kresna ya mung Yudhistira kang bisa ngalahake Prabu
Salya.
Kapethik
saka : Pamekaring Pathi Jawi Kelas VIII SMP