Sesongar Gawe Ajur, Nrima Gawe Makmur
(Wiwitane Desa Karanggede lan Desa Wirogaten, Kebumen)
Kawiwitan saka paprangan antarane Singojiwo lan
Wirogati kang rebutan wilayah. Sakwise wong tuwane tilar dunya, Singojiwo
ngumbara lan mbukak alas. Alas kang dibukak Singojiwo jebul wis ana sing duwe
yaiku Wirogati. Wirogati yaiku wong asli dhaerah kono kang sadurunge wis duweni
kuwasa ana kono. Wirogati kang ngerti menawa alase ana sing mbukak, dheweke
nemoni Singojiwo. Singojiwo ora trima menawa alas kang wis dibukak iku wis ana
sing duwe yaiku Wirogati. Singojiwo kang duweni watek sesongar nantang gelut
Wirogati, nanging Wirogati ora nanggepi tantangane Singojiwo. Wirogati lunga
saka omahe tapa ana guwa nglungani paprangan tantangane Singojiwo. Wirogati
bali lan olih wangsit supaya dheweke menehi alas kang wis dibukak marang
Singojiwo kanthi pathok kanggo wates pekarangane lan supaya Singojiwo ora gawe
sesongar ana desa iku.
Dhasar Singojiwo, dheweke ngambani alas kang wis dadi pekarangane ngluwehi
pathok nganti rong dusun. Perjanjen kang wis dadi sepakate wong loro iku
dilanggar Singojiwo. Wirogati kang ngerti alase diambani marang Singojiwo,
dheweke nimbali Singojiwo. Singojiwo ora netepi dhawuhe Wirogati. Singojiwo
malah nantang gelut. Dheweke malah nduweni kekarepan, menawa dheweke kalah
dheweke gelem mbalekake pekarangane. Nanging menawa sewalike dheweke menang,
pekarangan kang wis dibukak lan ditambahi rong dusun iku dadi dhuweke. Wirogati
nrima apa kang dikarepake Singojiwo. Paprangan antarane wong loro iku
kaleksanan.
Nalika perang, Singojiwo malih wujud dadi macan loreng lan Wirogati ora malih
wujud nanging dheweke nitih jaran. Nganggo jaran iku Wirogati bisa ngalahake
Singojiwo. Singojiwo kalah, nanging dheweke tetep ora gelem netepi janjine
menehake alas pekarangan kang wis direbut. Wirogati kang nduweni watek nrima
dheweke menehake pekarangan lan alas kang wis dibukak nganti rong dusun iku.
Wirogati menang nanging dheweke ikhlas menehake pekarangan kang dijaluk
Singojiwo. Wirogati menehi pekarangan iku kanthi panjaluk supaya anak putune
bisa urip bebrayan ora ana sing padha gelutan.
Saka kedaden iku, ora ana maneh paprangan antarane wong loro iku nganti anak
putune. Menawa ana ya ora nganti geger. Dhaerah kang diduweni Singojiwo lan
Wirogati dadi desa kang guyub. Desa Karanggede lan Desa Wirogaten arane.
Karanggede nduweni teges karangan/pekarangan kang gedhe/amba. Desa Karanggede
iku wiwitane saka pekarangane Singojiwo sing amba, mula diarani Karanggede.
Menawa Desa Wirogaten, jeneng iku dijupuk saka jeneng Wirogati kang dadi
patriote Desa iku.
Sanjange para sesepuh desa loro iku leluhure iku yaiku Mbah Singojiwo lan Mbah
wirogati sawektu-wektu menthengul. Mbah Singojiwo biyasane mujud singo kang
menthengul ing wayah-wayah sandikala utawa wengi-wengi tartemtu. Menawa Mbah
Wirogati, ora mujud nanging mujud swara jaran ngringik kang biyen-biyene
titihane Mbah Wirogati.
Singojiwo kang nduweni watek sesongar nyebabake anak turune mung dadi wong
biyasa-biyasa wae. Ora ana sing sugih banget utawa mlarat banget, ngalim banget
utawa sewalike. Anak turune percaya, saumpama kepengin dadi wong gedhe kudune
lunga saka desa iku. Beda karo wateke Mbah Wirogati kang nrima, anak turune
Mbah Wirogati beda karo anak turune Mbah Singojiwo. Anak Turune Mbah Wirogati
akeh kang dadi wong gedhe. Dadi desa kang makmur.