SABABÉ TAUN KURUP UMUR 120 TAUN
Saka karsané Sultan Agung Prabu Anyakrakusuma
ing Mentaram, wiwit taun Saka 1555, kang wis dianggep dadi taun Jawa, kang
sasi-sasiné nganggo sasi-sasi pétungan mangsa, lan dipétung miturut:
a. solan-saliné
musim, kayata: solan-saliné
arah lakuning angin, solan-saliné
mangsa udan (rendheng) lan bedhidhing (ketiga),
b. pétungan
wetuné
lintang Garu, lintang Luku, lintang Gubug-pèncèng lan lintang Bimasekti,
c.
kang ana ing jaman
anyar disebut taun
srengéngé, kang dipétung
miturut lakuning bumi ngubengi srengéngé,
kala
wiwit tumapaké
taun Saka (Jawa) 1555 dirombak, disalini nganggo sasi-sasiné
taun Hijrah (Arab), kang dipétung miturut lakuning
rembulan ngubengi bumi,
lan kang disebut taun rembulan. Mangkono uga jeneng-jenengé ya
disalini diturutaké
karo jeneng-jenengé
sasi taun Hijrah, kayata Sura, Sapar, Mulud lan sapituruté.
Pétungané windu isih miturut windu
lawas kang cacahé ana 4, yaiku : Kunthara, Sangara, Sancaya karo Adi, kang
sawinduné umur 8 taun,
Jeneng-jenengé taun sajroning
sawindu (8 taun), ditengeri nganggo kurup (huruf)
Arab, kayata : Alip, Éhé, Jim-awal,
Jé, Dal, Bé, Wawu,
sarta Jim-akir. Marga saka iku taun anyar iyasan Sultan Agungan, kang uga disebut
taun Jawa, diarani taun kurup, tegesé pétungan taun kang ditengeri nganggo
kurup (huruf) Arab.
Taun Jawa lawas (taun Saka) umuré
setaun 365 utawa 366 dina. Taun kurup utawa taun Jawa anjar umuré setaun 354 utawa 355 dina, padha
karo umuré taun Hijrah.
Sawindu taun kurup umuré 8 taun, pétungané dina ana 2835 dina. Tauné dawa 3. Ana sajroné
kurup Jamngiyah sing
dienggo taun dawa: Éhé, Dal, lan Jimakir.
Wiwit kurup Kamsiyah, kang dienggo taun dawa: Éhé, Jé lan Jimakir.
Sawindu Hijrah umuré 30 taun, tauné dawa 11, tauné cendhak 19. Kang dienggo taun dawa
taun nomer : 2, 5, 7, 10, 13, 16, 18, 21, 24, 26, lan 29. Nèk nggolèki nomeré cacahé angka taun dipara 30 malang pira. Ya
malangané iku kang dadi nomeré taun. Nèk cèples dianggep malang
30. Pétungané dina sawindu taun Hijrah ana 10631
dina.
Taun kurup iku digawé supaya ana ing wiwitané saben windu, yaiku tanggal 1 Sura
Alip bareng karo tanggal 1 Mukaram. Iki sing dienggo pathokan. Takbalèni: tanggal 1 Sura Alip bareng karo tanggal 1 Mukaram.
Déné
tanggal-tanggal liyané,
sajroning sawindu mau,
ora prelu mesthi padha (bareng) karo tanggal-tanggalé
taun Hijrah.
Sabab mula ora bisa mesthi padha. Sajroné sawindu kurup kang lawasé 8 taun, karo 8 taun Hijrah kang
mbarengi, tauné dawa ora mesthi padha (bareng). Kayata
taun Jé ana ing wiwitané kurup Jamngiyah iku taun cendhak
umure 354 dina, bareng karo taun Hijrah No. 26 iku taun dawa umuré 355 dina. Mula tanggal 1 Sura 1
Dal tiba tanggal 30 Dulhijah. Nanging iku ora dadi ngapa, watoné mbésuk tanggal 1 Sura Alip bali bareng
manèh karo tanggal 1
Muharam.
Taun kurup umure 15 windu, padha
karo 4 windu Hijrah, yaiku 120 taun. Nanging pétungané dina ora padha. 15 windu kurup pétungané dina ana 2835 X 15 utawa 42525
dina. 4 windu Hijrah umuré 10631 X 4 utawa 42524 dina. Dadi
kacèk 1 dina akèh tauné kurup.
Dadi miturut pétungan, supaya tanggal 1 Sura Alip
bisa ajeg tiba tanggal 1 Muharam, tauné kurup saben 15 windu (120 taun)
sepisan disuda 1 dina. Taun Jimakir pungkasané windu kang kaping 15 iku taun
dawa, didadèkaké taun cendhak. Tanggalé 1 Sura Alip kurup candhaké diajokaké 1 dina. Kayata tanggal 1 Sura Alip
ana ing kurup Jamngiyah, kang mesthiné tiba dina Jumuah Legi, diajokaké 1 dina, ditibakaké dina Kemis Kliwon. Ya iki kang
diarani 'salin
kurup. Mauné kurup Jamngiyah, disalini kurup
Kamsiyah. Dadi
miturut pétungan umuré kurup 15 windu utawa 120 taun.
Taun kurup sepréné tekan taun Wawu 1889 iki, wis
lumaku 41 windu punjul 7 taun utawa 335 taun. Kurup Jamngiyah umure 15, Kamsiyah 9 windu, Arbangiyah 15
windu, lan Selasangiyah lagi lumaku éntuk 2 windu punjul 7 taun.
Mesthiné banjur tuwuh pitakonan: Apa sababé kurup Kamsiyah umuré ming 8 windu utawa 72 taun?
Keterangané mangkéné: Nèk miturut pétungan mula bener umuré taun kurup 15 windu, utawa 120
taun, lan pétungané dina disuda 1 dina, dadi ming ana 42524 dina, dipadhakaké karo umuré 4 windu taun Hijrah.
Nanging panyudané kala lumakuné kurup Jamngiyah ora tepat lan marga saka iku kala lumakuné kurup Jamngijah dadi ana sawetara
windu kang tanggalé 1 Sura Alip ora bareng karo tanggal
1, nanging tiba tanggal 2 Mukaram, jaiku wiwit windu kang kaping 10 tekan 15.
Lawasé ana 6 windu utawa 48 taun, lan kang déning para ahli pananggalan disebut
taun mlèsèt. Déné sababé marga ana ing windu kang kaping 9 yaiku
wiwit taun Alip 1619 tekan Jimakir 1626, tauné Hijrah kang mbarengi ming ana tauné dawa 2, lan pétungané dina dadi ming ana 2834 dina, kacèk
1 dina akèh windu kurup.
Taun kurup mlèsèt kang lawasé 6 windu iku dadi pulih manèh,
utawa pétungané dadi bener manèh, yaiku wiwit tumapaké kurup Kamsiyah, utawa bareng
tanggal 1 Sura Alip diajokaké 1 dina, ditibakaké dina Kemis Kliwon.
Nanging kurup Kamsiyah lagi lumaku
9 windu, dumadakan ana ing
windu kang kaping 9 iku diweruhi, menawa taun Hijrah kang mbarengi ming
ana tauné dawa 2, lan nèk ora dibeneraké bakal ana taun mlèsèt manèh kaya
kang kedadéan ana ing kurup Jamngiyah biyèn,
lan sabab saka iku mula
kurup Kamsiyah ming digawé umur 9 windu utawa 72 taun. Banjur
disalini kurup Arbangiyah kang wiwit lumaku ana ing dina Rebo Wagé tanggal 1 Sura Alip 1747.
Wiwit lumakuné kurup Arbangiyah iku miturut pétungan taun kurup bisa ajeg umur 15
windu utawa 120 taun. Tegesé saben tanggal 1 Sura Alip ajeg
bareng karo tanggal 1 Mukaram, sabab windu sing bareng karo taun Hijrah kang
tauné dawa ming 2, ditibakaké ana ing pungkasané taun kurup, ora nyela ana ing
tengah kaya dhèk lumakuné kurup Jamngiyah biyèn.
Murih cethané mriksanana dhaftar barengé windu kurup karo taun Hijrah kaya
ing ngisor iki:
BARENGÉ
WINDU KURUP KARO TAUN HIJRAH.
1. KURUP JAMNGIYAH
1 Sura Alip 1555 =
1 Muharam 1043 - H.
Taun 1043-H tiba taun No. 23.
Taun 1043-H tiba taun No. 23.
Angka kandel taun dawa.
W
i n d u
|
Nomer
taun Hijrah
|
||||||||
1.
|
Kunthara
|
23
|
24
|
25
|
26
|
27
|
28
|
29
|
30
|
2.
|
Sangara
|
1
|
2
|
3
|
4
|
5
|
6
|
7
|
8
|
3.
|
Sancaya
|
9
|
10
|
11
|
12
|
13
|
14
|
15
|
16
|
4.
|
A d i
|
17
|
18
|
19
|
20
|
21
|
22
|
23
|
24
|
5.
|
Kunthara
|
25
|
26
|
27
|
28
|
29
|
30
|
1
|
2
|
6.
|
Sangara
|
3
|
4
|
5
|
6
|
7
|
8
|
9
|
10
|
7.
|
Sancaya
|
11
|
12
|
13
|
14
|
15
|
16
|
17
|
18
|
8.
|
A d i
|
19
|
20
|
21
|
22
|
23
|
24
|
25
|
26
|
9.
|
Kunthara
|
27
|
28
|
29
|
30
|
1
|
2
|
3
|
4
(1)
|
10.
|
Sangara
|
5
|
6
|
7
|
8
|
9
|
10
|
11
|
12
(2)
|
11.
|
Sancaya
|
13
|
14
|
15
|
16
|
17
|
18
|
19
|
20
|
12.
|
A d i
|
21
|
22
|
23
|
24
|
25
|
26
|
27
|
28
|
13.
|
Kunthara
|
29
|
30
|
1
|
2
|
3
|
4
|
5
|
6
|
14.
|
Sangara
|
7
|
8
|
9
|
10
|
11
|
12
|
13
|
14
|
15.
|
Sancaya
|
15
|
16
|
17
|
18
|
19
|
20
|
21
|
22
|
II. KURUP
KAMSIYAH
1 Sura
Alip 1675 = 1 Mukaram 1163 - H
Taun 1163-H tiba taun No. 23.
Taun 1163-H tiba taun No. 23.
W
i n d u
|
Nomer
taun Hijrah
|
||||||||
1.
|
A d i
|
23
|
24
|
25
|
26
|
27
|
28
|
29
|
30
(3)
|
2.
|
Kunthara
|
1
|
2
|
3
|
4
|
5
|
6
|
7
|
8
|
3.
|
Sangara
|
9
|
10
|
11
|
12
|
13
|
14
|
15
|
16
|
4.
|
Sancaya
|
17
|
18
|
19
|
20
|
21
|
22
|
23
|
24
|
5.
|
A d i
|
25
|
26
|
27
|
28
|
29
|
30
|
1
|
2
|
6.
|
Kunthara
|
3
|
4
|
5
|
6
|
7
|
8
|
9
|
10
|
7.
|
Sangara
|
11
|
12
|
13
|
14
|
15
|
16
|
17
|
18
|
8.
|
Sancaya
|
19
|
20
|
21
|
22
|
23
|
24
|
25
|
26
|
9.
|
A d i
|
27
|
28
|
29
|
30
|
1
|
2
|
3
|
4
(1)
|
III. KURUP
ARBANGIYAH
1 Sura Alip 1747 = 1 Mukaram 1235 - H
Taun 1235 - H tiba taun No. 5.
Taun 1235 - H tiba taun No. 5.
W
i n d u
|
Nomer
taun Hijrah
|
||||||||
1.
|
Kunthara
|
5
|
6
|
7
|
8
|
9
|
10
|
11
|
12
(4)
|
2.
|
Sangara
|
13
|
14
|
15
|
16
|
17
|
18
|
19
|
20
|
3.
|
Sancaya
|
21
|
22
|
23
|
24
|
25
|
26
|
27
|
28
|
4.
|
A d i
|
29
|
30
|
1
|
2
|
3
|
4
|
5
|
6
|
5.
|
Kunthara
|
7
|
8
|
9
|
10
|
11
|
12
|
13
|
14
|
6.
|
Sangara
|
15
|
16
|
17
|
18
|
19
|
20
|
21
|
22
|
7.
|
Sancaya
|
23
|
24
|
25
|
26
|
27
|
28
|
29
|
30
|
8.
|
A d i
|
1
|
2
|
3
|
4
|
5
|
6
|
7
|
8
|
9.
|
Kunthara
|
9
|
10
|
11
|
12
|
13
|
14
|
15
|
16
|
10.
|
Sangara
|
17
|
18
|
19
|
20
|
21
|
22
|
23
|
24
|
11.
|
Sancaya
|
25
|
26
|
27
|
28
|
29
|
30
|
1
|
2
|
12.
|
A d i
|
3
|
4
|
5
|
6
|
7
|
8
|
9
|
10
|
13.
|
Kunthara
|
11
|
12
|
13
|
14
|
15
|
16
|
17
|
18
|
14.
|
Sangara
|
19
|
20
|
21
|
22
|
23
|
24
|
25
|
26
|
15.
|
Sancaya
|
27
|
28
|
29
|
30
|
1
|
2
|
3
|
4
(1)
|
IV. KURUP SELASANGIYAH
1 Sura Alip 1867 = 1 Mukaram 1355 - H.
Taun 1355 - H tiba taun No. 5.
1 Sura Alip 1867 = 1 Mukaram 1355 - H.
Taun 1355 - H tiba taun No. 5.
W
i n d u
|
Nomer
taun Hijrah
|
||||||||
1.
|
A d i
|
5
|
6
|
7
|
8
|
9
|
10
|
11
|
12
|
2.
|
Kunthara
|
13
|
14
|
15
|
16
|
17
|
18
|
19
|
20
|
3.
|
Sangara
|
21
|
22
|
23
|
24
|
25
|
26
|
27
|
28
|
4.
|
Sancaya
|
29
|
30
|
1
|
2
|
3
|
4
|
5
|
6
|
5.
|
A d i
|
7
|
8
|
9
|
10
|
11
|
12
|
13
|
14
|
6.
|
Kunthara
|
15
|
16
|
17
|
18
|
19
|
20
|
21
|
22
|
7.
|
Sangara
|
23
|
24
|
25
|
26
|
27
|
28
|
29
|
30
|
8.
|
Sancaya
|
1
|
2
|
3
|
4
|
5
|
6
|
7
|
8
|
9.
|
A d i
|
9
|
10
|
11
|
12
|
13
|
14
|
15
|
16
|
10.
|
Kunthara
|
17
|
18
|
19
|
20
|
21
|
22
|
23
|
24
|
11.
|
Sangara
|
25
|
26
|
27
|
28
|
29
|
30
|
1
|
2
|
12.
|
Sancaya
|
3
|
4
|
5
|
6
|
7
|
8
|
9
|
10
|
13.
|
A d i
|
11
|
12
|
13
|
14
|
15
|
16
|
17
|
18
|
14.
|
Kunthara
|
19
|
20
|
21
|
22
|
23
|
24
|
25
|
26
|
15.
|
Sangara
|
27
|
28
|
29
|
30
|
1
|
2
|
3
|
4
(1)
|
(1) =
8 taun Hijrah kang mbarengi windu kurup ming ana tauné dawa 2.
(2) =
wiwit mlèsèt, tanggal 1 Sura Alip tiba
tanggal 2 Mukaram.
(3) =
wiwit bener manèh.
(4) =
wiwit miturut pétungan kurup sing bener.
Dadi taun Kurup
iku umuré 120 taun. Tegesé saben 120 taun jenengé diganti miturut tibaning dina sing
dienggo wiwitan taun Kurup.
Kurup sing
sepisanan kang diwiwiti dhèk tanggal 1 Sura Alip 1555 diarani Kurup Jamngiyah,
sabab wiwitaning Kurup iku tiba dina Jumuah (Jumuah Legi), umuré digawé 120
taun.
Kurup kang kapindho
diarani Kurup Kamsiyah, amarga wiwitaning Kurup tiba dina Kemis (Kemis Kliwon),
umuré digawé 72 taun.
Kurup kang kaping
telu wiwitané tiba dina Rebo (Rebo Wagé), lan diarani Kurup Arbangiyah, umuré
digawé 120 taun.
Kurup kang kaping
papat, kang lagi dilakoni saiki, diarani Kurup Selasangiyah, sabab wiwitaning
Kurup tiba dina Selasa (Selasa Pon), lan umuré 120 taun.
Bab umuré Kurup
Kamsiyah ming 72 taun, keterangané wis diandharaké ing ngarep.
Dadi saliné Kurup
iku lakuné mundur sedina. Mentas Kurup Jumuah Legi, bareng salin Kurup
diunduraké sedina, ditibakaké dina Kemis Kliwon. Mangkono sabanjuré.
Apa sababé lakuné
Kurup mundur sedina ?
Ana ing ngarep
wis diterangaké menawa pétungan, taun Kurup iku pétungan taun Jawa kang dicocogaké
karo taun Arab. Nanging senajan padhadéné pétungan taun Rembulan, pétungan
dina taun Kurup iku ora pada karo pétungan dina taun Arab. Saben 120 taun pétungané
dina dawa tauné Kurup, kacèk sedina. Mula supaya bisa tansah cocog, saben. 120
taun tauné Kurup kudu disuda utawa diundur sedina.
Taun Kurup kang
umuré 120 taun iku ana 15 windu, pétungané dina ana 2835 dina kaping 15 utawa
ana 42525 dina.
Taun Arab 120 ana
4 windu. Sawindu taun Arab umuré 30 taun, tauné cendhak 19 lan tauné dawa 11.
Dadi sawindu taun Arab umuré 354 dina kaping 30 lan 11 dina padha karo 10620
dina lan 11 dina utawa ana 10631 dina. 120 taun taun Arab umuré ana 10631 dina
kaping 4 utawa ana 42524 dina. Dadi kurang sedina tinimbang umuré taun Kurup kang
cacahé ana 42525 dina. Iku sababé saben 120 taun umuré taun Kurup disuda utawa
diundur sedina.
Déné panyudané
taun Kurup iku saben tiba ing windu kang bebarengan taun Arab sajroning windu
iku utawa sajroning 8 taun iku tauné Arab ming ana tauné dawa 2 (mriksanana keterangan
ing dhuwur).
Wewatoné taun Kurup:
Umure 120 taun
padha karo 15 windu, kang sawinduné umur 8 taun, yaiku: Alip, Éhé, Jimawal, Jé,
Dal, Bé, Wawu, lan Jimakir. Kang dienggo taun dawa Éhé, Jé lan Jimakir. Saben
120 taun disuda utawa diundur sedina.
Wewatoné taun
Arab:
Sawindu taun Arab
ana 30 taun, tauné cendhak ana 19, yaiku taun No. 1, 3, 4, 6, 8, 9, 11, 12, 14,
15, 17, 19, 20, 22, 23, 25, 27 23 lan 30. Tauné dawa ana 11, yaiku taun No. 2,
5, 7, 10. 13, 16, 18, 2', 24, 26 lan 29. Pangétungé windu cacah angka taun Arab
dipara 30, turahané utawa malangané iku dadi tenger pétungané windu taun Arab
kang pungkasan. Conto: Ana ing wiwitané taun Masehi 1959 iki taun Arab tiba angka
1378-H. Angka 1378 dipara 30 malang utawa turah 28. Dadi tegesé taun 1378-H iku
tiba windu No. 28.
Wewatoné taun Masèhi
1.
Saben angkané taun
kena dipara 4, didadèkaké taun dawa, umure 366 dina. Sasi Pèbruari
umuré 29 dina. Nèk angkané taun ora cèples dipara 4, iku tegese taun cendhak,
umure 365 dina. Sasi Pebruari umure 28 dina.
2.
Angka taun kang cocog
utawa cèples dipara 400, jaiku taun 1600, 2000 lan sapituruté, didadèkaké taun dawa. Nanging taun entèk-entèkané abad
kayata: taun 1700, 1800, 1900 lan sapituruté kang ora cèples dipara 400, didadèkaké
taun cendhak. Sasi Pèbruari umuré 28 dina.