Sadurunge
nindhakake sandhiwara/ drama/ film apa dene sinetron, mula luwih becike gawe
rantaman ceritane dhisik. Rantaman lakon sandiwara, drama, film, apa den e
sinetron iku diarani skenario. Naskah utawa skenario iku kedadeyan saka babak-babak.
Saben babak kabagi perangan-perangan kang diarani adhegan. Uga ana sing diarani
pandhom, yaiku peranganing naskah kang nerangake kahanan utawa swasana, sipat
lan tingkah lakuning paraga, lan liya-liyane. Perangan iku tinulis ana ing
antarane tandha kurung. Tuladha skenario sandhiwara:
Tangi turu
jatmiko gembor-gembor kaya kesurupan.
Ibune
Jatmiko : “ngger, Jatmiko ana apa ta
ko ndadak gemboran kaya ngono?”
Jatmiko : (karo menggos-menggos mripate
iseh merem). “Kula ngimpi Bu”.
Ibune
Jatmiko : “ ngimpi apa ta? Dadi ora
eling apa-apa kowe ngger”.
Jatmiko : (ngombe banyu putih sing
dijupukake ibune)
Rini :
“Ngimpi apa ta mas? Wis saiki cerita ndhisik.”
Jatmiko :
“Aku ngimpi diajak lunga wong edan Rin”.
Rini :”
oalah mas, hahaha”. (gumuyu krungu wangsulane Jatmiko)
Ibune
Jatmiko : “ Mulane yen arep mapan
turu dedonga dhisik marang sing kuwasa”.
Jatmiko : “inggih bu”.
Sumber : BUKU BASA JAWA SMA/MA/SMK Kelas XII Semester I