Saben manungsa mesti nduweni
pengalaman kang ora gampang dilalekake utawa kang narik kawigaten ana ing
uripe. Pengalaman iku ana kang nyenengake, gawe sedih, lucu, utawa malah
ngayelake. Dening wong Jawa, pengalaman didadekake guru utawa tuladha kang
wicaksana.
Pengalaman biasane dicritakake
nganggo tembung pilihan kang trep lan ukara kang bisa narik kawigaten. Kajaba
saka iku, pengalaman kudu bisa dicritakake kanthi urut (runtut) lan cetha.
Tujuane, wong liya kang ngrungokake bisa melu bayangake kedadeyan kang wis
kelakon ana ing crita mau.
Nyritakake
pengalaman kudu nduweni unsur-unsur kaya ing ngisor iki :
a. Pengalaman
apa kang bakal dicritakake
b. Wektu
kedadeyane pengalaman iku
c. Papan
panggona kedadeyane pengalaman iku
d. Wong-wong
kang meluu andil ana ing pengalaman
e. Sebab-sebab
pengalaman iku kedadeyan
f. Kepriye
pengalaman iku kedadeyan
Tuladhane
pengalaman kang lucu :
Kacang Atom Gadhungan
Kedadeyane
iki sakjane ngono wis rada suwe. Nganti taune barang iku ya wis lali. Nanging
kedadeyane sing mesthi nalika bapakku isih kersa dhahar apa wae, klebu panganan
kethikan sing rada atos, merga dhek semana wajane bapak isih pepak, ora kaya
saiki sing mung kari loro.
Dene critane kaya mengkene Bapak lan Ibu
kuwi bubar sholat biasa wiridan. Nanging orra kaya wong liyane kang mung kaping
99, Bapak lan Ibu olehe wiridan cacahe nganti atusan malah kadhang kala nganti
ewon barang.
Dhek semana durung usum bang tally counter utawa alat itung sing
kari ndumuk nganggo driji ngono kuwi. Dadi, anggone wiridan sakmono akehe kuwi
ya mung nganggo tasbih. Tasbih kuwi kang biasane dioleh-olehi tangga teparo
utawa kanca-kancane Bapak lan Ibu sabubare tindak ngana kae. Sengaja dipilih sing montene
gedhe-gedhe. Jarene supaya gampang olehe nyekel.
Monte asbih kang diprotoli Ibu kuwi jebule
turah akeh. Dening Ibu, sisa monte kuwi ora disimpen kanthi premati, nanging
mung diglethekake ana dhuwur meja, diwadahi piring.
Bapak kuwi klebu seneng ngemil nanging
wegah yen kudu ndhuwiti. Jan-jane ngono ya wis bar dhahar, nanging lha kok ana
bunder-bunder cilik-cilik diwadhahi piring neng dhuwur meja. Dening bapak,
barang kuwi langsung diemplok wae. Aku sing ana cedhake yo ora nggatekake yen
bapak ora ngendikan.
“Kavang atom kok atose kaya ngene, apa
merga untu lara terus ora tedhas mangan kacang atom pa ya?”
Bareng tak toleh lan ngerti sing didhahar
bapak, langsung aku ngguyu kekel. “pak, niku protholane monthe tasbih, sanes
kacang atom!”
“Ealah, mulane kok atos, jebule kacang
atom gadhungan, ta !”
Apa tumon, lhha wong protholane monte kok
didhahar, mesthi bae uuuuuatoos!
(kapethik saka Panjebar semangat Nomer 3b)