A. Wangsalan
Yaiku
unen-unen kang awujud cangkriman kang batangane ana ing njero unen- unen kuwi.
Wangsalan dianggo ana ing pacelathon saben dinane.
Tuladha
wangsalan :
a.
Wah,
kok njanur gunung.
(janur gunung = aren, dadi kadingaren).
b.
Bocah
cilik ora pareng ngrokok cendhak.
(rokok cendhak= tegesan, dadi neges-neges)
c.
Aja
njenang gula lho, Le!
(jenang gula= glali, dadi lali)
d.
Esuk-esuk
kok wis nggodhong garing.
(godhong garing= klaras, dadi nglaras)
e.
Balung
klapa, ethok-ethok ora ngerti yen disapa.
(balung klapa= bathok, dadi ethok-ethok)
f.
Kembang
jambu, kemaruk duwe sepedha anyar.
(kembang jambu= karuk, dadi kemaruk)
g.
Sekar
aren mas, sampun dangu-dangu.
(sekar aren= dangu, dadi dangu-dangu)
h.
Roning
Mlinjo, yen wis sayah kena ngaso.
(roning mlinjo= so, dadi ngaso)
i.
Kolik
priya, wanarra Anjani putra.
Tuhu eman, wong enom
dadi kangelan.
(kolik priya=manuk tuhu, dadi tuhu)
(anoman putra= Anoman, dadi enom)
j.
Roning
kamal, putrane Pandhitta Durma.
Mumpung enom ngadiya
laku utama.
(roning kamal= sinom, dadi enom)
(Putrane Pandhita Durna= Aswatama, dadi utama)
k.
Witing
klapa, jawata ing ngarcapada.
Salugune, wong sinau aja
sembrana.
(witing klapa=glugu, dadi salugu)
(jawata ing ngarcapada= wong, dadi wong)
l.
Kawi
gajah, kramaning watu ing jarwa.
Mesthi tetep, angugemi
pancasila.
(kawi gajah=esthi, dadi mesthi)
(kramaning
watu=sela, dadi pancasila)
B.Cangkriman
Cangkriman
= batangan= bedhekan yaiku tetembungan utawa unen-unen kang kudu dibatang
kekarepane amerga tetembungan mau ndhuweni teges ora sabenere. Werna-werna
cangkriman ana 4, yaiku:
1. Cangkriman
tembang.
Tuladha :
a. bapak
pucung rupane saengga gunung
tan ana kang tresna
kabeh uwong mesthi sengit
yen kanggonan dielus-elus tinangisan (=wudun)
b. bapak
pucung dudu watu dudu gunung
sabane ing alas
ngon ingone sang bupati
yen lumaku si pocung lambehan grana (=gajah)
2. Cangkriman
wancah / cekakane tembung
Tuladha :
a. Pindhang
kileng = sapi nang kandhang kaki mentheleng.
b. Pak
kenthik= tepak teken sethithik.
c. Pak
lawa= tepak ula dawa.
d. Karwapete=
cikar dawa tipete.
e. Burnaskopen
= bubur panas kokopen.
f. Wiwa
wite, lesba dhonge, karwa pete= uwi dawa uwite, tales amba godhonge, cikar dawa
tipete.
3. Cangkriman
pepindhan
Tuladha :
a. Dicokot
puucuke, sing kalong bongkote = rokok.
b. Wit
adhikih uwoh adhakah= waloh.
c. Wit
adhakah, who adhikih= ringin
d. Anake
klamben ibune wuda = pring
e. Emboke
dielus-elus, anake diedak-edak= andha.
f. Yen
cilik dadi kanca, yen gedhe dadi mungsuh= geni.
4. Cangkriman
plesedan
Tuladha :
a. Wong
adol pitik disrimpungi (sing disrimpungi kuwi pitike dudu wonge)
b. Ana
wong mati dilumpati kucing urip. (sing urip kucinge)
c. Ana
kapal disawat watu kelem, kira-kira gedhe apane? (gedhe omonge)
d. Ana
gajah numpak becak, ketok apane? (ketok ngapusine)
e. Lawa
lima, kalong telu dadi pira? (wolu)
Kapethik
saka LKS BASA JAWA Kelas XII semester gasal lan Buku Pepak Basa Jawa anyar.