Senin, 18 Januari 2016

SURAN KERATON SURAKARTA NGIRAB KEBO BULE



            Sanajan Keraton Surakarta isih kabulet dening ratu kembar nanging perkara tradhisi tetep wae dileksanani kaya adat saben. Kaya dhek malem siji suro Taun Alip 1939 Windu Kunthara kepungkur. Keraton Surakarta Hadiningrat ngirab kebo bule cacah wolu mubeng kutha sewengi natas.
            Kirab Kebo Bule Cacah Wolu minangka cucuk laku Kirab Pusaka Keraton. Tradhisi iki wis muncul sadurunge Mataram Islam karan prosesi wilujengan nagari ing awal keraton Matara Pusaka lan Kebo Bule kang padha-padha dijenengi Kyai Slamet di kirab yen negari ing kahanan darurat umpamane yen pinuju ana pageblug lan musibah bencana alam.
            “Kirab diajab aweh kekuatan masyarakat. Ing pengajab kanthi nindakake kirab Allah paring keslametan lan kekuatan, kaya dene Panjenengane paring kekuatan marang pusaka kang dipercaya masarakat Jawa duwe kekuatan, “ pratelane Kepala Sasana Pusaka Keraton Surakarta Gusti Pangeran Haryo (GPH) Puger. Pusaka lan Kebo Bule Kyai Slamet ing khasanah agama, ujare Puger bisa kabandhingake tongkat Nabi Musa. “Nabi Musa nuwun kekuatan marang Gusti kang pinaringake lumantar tongkat sing bisa marasuke utawa ngataske samodra lan ngeremake Raja Fir’un sawadya balane. Iki maksud kang sajatine, “ujare. Dado Kirab Pusaka lan Kyai Slamet iku minangka pandongan.
Sejarawan saka Univeitas Sebelas Maret Solo mratelakake kejaba Kebo cedhak karo panguripane petani, uga akeh sinebut ing sejarah kerajaan ing Jawa. Kisah pemberontakan Ken Arok marang Tunggul Ametung kanthi intrik politik kang ngorbanake prajurit sekti Kebo Ijo. Tuladha liyane nalika Kerajaan Demak ana jeneng Kebo Danu sing ngamuk lan ora ana pawongan siji wae sing bisa ngalahake. Sing bisa ngatasi Jaka tingkir kang banjur ngepek putri Raja Demak Sultn Trenggana. Wusana dadi ratu lan mindhah Kraton saka Demak menyang Panjang. Saka sekarah mau miturut Sudarmono, Kebo tansah didakekake alat legitimasi kekuasaan kerajaan ing budaya agraris. Kebo simbolisasi kekuatan petani.
            Jaman PB XII ing tahun 1970 ngendheg tradisi kirab. Jaman wis owah, kraton ora kaya disik panjlentrehe. Tahun 1972 pemerintah orde baru njaluk supaya kraton Surakarta ngleksanakake maneh tradisi kirab kasebut. Diputusake kirab Pusaka lan Kebo Kyai Slamet dianakake saben tanggal 1 Suro wiwit jam 00.00. jumlah pusaka sing di Kirab lan jalur Kirab uga ditambah. Sing maune mung mubeng Kampung Baluweti lokasi Keraton saiki mubeng kutha.
Kapethik saka Panjebar Semangat 6/2006