Pidhato
utawa sesorah/ medhar sabda yaiku njlentrehake ide utawa pokok pikiran kanthi
wujud tembung-tembung kanggo wong akeh kanthi paugeran tartamtu. Pamedhar sabda
yaiku wong kang nindakake ayahan medhar sabda. Cak-cakan lan ayahane pamedhar
sabda kuwi irib-iriban kaya cak-cakane panatacara. Ayahane pamedhar sabda kuwi
medharake babaring anggit utawa cipta, ripta; dene ayahane panatacara kuwi
ngaturake utawa nglantarake palapuran. Mula saka iku cak-cakane kudu nggatekake
pangolahing swarasupaya laras leres : kedale, pangucape sarta lagune. Kang
mangkono mula kaudiya supaya ora ana sarusiku lan pambengan apa-apa.
Wose
medhar sabda kuwi kudu kawawang, kawawas, lan kajumbuhake karo :
a. Sapa
kang medhar sabda
b. Sapa
kang nanggap
c. Sapa
utawa kang kawedhar
d. Kepiye
swasanane (papan, wektu, lan kahanan)
e. Kepiye
tujuane medhar sabda
Tuladha
pidhato
Tanggap Wacana Mengeti Dinten Pahlawan
Assalamu’alaikum
wr. Wb.
Bapak-bapak,
Ibu-ibu warga nagari Indonesia ingkang kinurmatan. Ing saben tanggal 10 Nopember
bangsa Indonesia tansah mengeti dinten ageng inggih punika dinten Pahlawan.
Kados
sampun kacetha bilih rikala tanggal 10 Nopember 1945, ing kutha Surabaya wonten
prastawa perang ageng antawisipun arek-arek Surabaya ngusir penjajah ingkang
mbonceng Inggris (sekutu) lumarap ing tanah Jawi. Saking semangat arek-arek
Surabaya lan kalajengaken pejuang rakyat ing dhaerah sanesipun, ing
salajengipun damel horeging donya, ngantos dewan keamanan PBB tumut campur
tangan ngengingi prastawa punika. Perjuangan kala wau kinanthen semboyan
“Rawe-rawe rantas malang-malang putung”, Mandheg ambleg, mundur ajur”, lan
“Mati siji tuwuh sewu”.
Bapak-bapak,
Ibu-ibu warga bangsa Indonesia. Ing pengetan punika mboten kula jlentrehaken
sadaya prastawa ing tanggal 10 Nopember 1945, nanging semangatipun ingkang
kapendhet hikmahipun. Semangat perjuangan pahlawan kangge nindakaken berjuang
ing babagan pembangunan. Kanthi rahmating Allah SWT Pahlawan Indonesia sampun
saged ngrebat wilayah Surabaya. Kula mboten saged nglalekaken makaten kemawon
perjuanganipun arekarek Surabaya ingkang dipunpimpin dening panjenenganipun
pejuang ageng, inggih punika semangat Bung Tomo, ingkang kanthi sora
ngagungaken asmaning pangeran : “Allahu Akbar ! Allahu Akbar!”.
Jiwa
lan semangat 10 Nopember taksih wonten ing jajaning bangsa Indonesia kangge
mbangun nagari Indonesia kanthi unen-unen “Sepi ing pamrih rame ing Gawe”.
Kathah para pejuang ingkang ndhepani bantala mbela bangsa lan negari kangge
putra lan putu ing tembe. Pramila, mangsa sesarengan nglajengaken punapa
ingkang dados perjuanganipuun para pahlawan. Ing salebeting kita merdika kita
taksih berjuang, mboten kangge merangi penjajah, nanging kangge merangi
“kemiskinan” lan “kebodhohan” tumraping bangsa Indonesia.
Pramila
mboten wonten awonipun, kangge ngengeti jasa pahlawan, sumangga ngeningaken
cipta sakedhap kangge para pahlawan ingkang sampun gugur ing medhan juang.
Mugi-mugi amal lan kasaenanipun katampi ing sisihing Gusti.
Kula
cekapi samanter atur kula, mbok bilih wonten kkiranganipun utawi kalepatanipun
kula nyuwun agunging pangaksami. Mugi-mugi bangsa Indonesia pinaringan sihing
pangeran.
Wassalammualaikum
wr. wb. Nuwun
Kapethik
saka : BASA JAWA SMA/ MA/ SMK Kelas XI Semester 1