Patih Jathasura katon legeg penggalihe, midhanget
ature Tumenggung Yudapati kang kaya mangkono mau. Yen pancen bener kabeh
kedadeyan iku ana sambung rapete klawan wong-wong Mataram, ategas Kadipaten
Blambangan ana sajroning bebaya. Wong-wong Mataram sing nalika semana wis kala
perang saiki migunakake cara liya kanggo nelukake Kadipaten Blambangan. Perkara
iku ora kena sinangga entheng. Nanging Raden Chinde Amoh kang uga midhangetake
ature Tumanggung Yudapati sajak ora percaya yen kabeh kedadean mau didhalangi
dening wong-wong Mataram. Nitik carane tumindak wis cetha yen kabeh mau dudu
pokal gawene prajurit. Nanging luwih pas yen ditindakake dening wong-wong saka
jagading pesilatan.
“Nyuwun sewu, paman Patih Jathasura. Miturut pemanggih kula sedaya kedadosan
ing dalem kepatihan menika sanes tiyang Mataram ingkang tumindak, kados ingkang
dipun aturake paman Tumenggung Yudapati kalawu. Awit nitik caranipun tumindak,s
ampun cetha sedaya kala wau tumindakipun tiyang-tiyang saking jagading
pesilatan, paman,”ature Raden Cindhe Amoh, kanthi walaka.
“Kula ngiyataken aturipun Kangmas Cindhe Amoh, paman Patih Jathasura. Kula
pitados menawi tiyang Mataram boten purun tumindak culika, sinaasa nalika
semanten sampun kawon kaliyan awakipun piyambak. Nanging sawanci-wanci
piyambakipun badhe dugi malih kanthi mbeta kekiyatane ing perang ingkang
sakalangkung ageng. Perkawis punika ingkang kedah dipun petang. Wondene
tetiyang ingkang damel gendra ing dalem kepatihan nalika semanten, mesthinipun
tetiyang ingkang boten sapemanggih kaliyan panjenengan,paman,” ature raden
Cindhe Kembang kanthi trapsila.
“Menawi maketan, kinten-kinten sinten tetiyang ingkang badhe ngarah pejah kula
menika semanten Raden?” Patih Jathasura nanggapi ature Raden Cindhe Amoh lan
raden Cindhe Kembang.
“Miturut pemanggih kula, kadadosan ing dalem kepatihan rikala semanten wonten
sambung rapetipun kaliyan padhepokan Rogojampi, paman,” Raden Cindhe Amoh
ngadhakake panemune.
Ing batin patih Jathasura mbenerake kabeh ature raden Cindhe among kang kaya
mangkono mau. Pancen wis akeh siswa saka padhepokan Rogojampi kang tiwas ing
Blambangan. Kurang luwih wis ana siswa cacah telu. Mula ora aneh yen ajar
Sapala banjur murina, nuli utusan marang wong kang dipercaya supaya nganakake
petung klawan dheweke. Patih Jathasura saiki sadhar yen duwe mungsuh kang ora
kena sinangga entheng. Supaya kedadean kang kaya mengkono mau ora ngambra-wara,
pepatih ing Kadipaten Blambangan iku nuli utusan marang Tumenggung Yudapati
supaya lumawat menyang padhepokan Rogojampi, ngrampungake perkara siji iku.
Sawetara iku Hariya Bandung kang ngulati saka kadohan sajak kaget bareng weruh
patih Jathasura utusan Tumenggung Yudapati lumawat menyang padhepokan Rogojampi.
Ajar sepala ora duwe luput. yen nganti ana kedadean kang ora dikepenginake
bakal nggawe saya ruwete kahanan ing Kadipaten Blambangan. Mula kanthi cara
sesidheman dheweke utusan sawijine prajurit kang pinercaya supaya tumuju
menyang padhepokan Rogojampi, seperlu atur nawala menyang ngarsane Ajar sapala.
Lakune prajurit utusan Hariya Bandung mau sajak kesusu banget, supaya ora
kedhisiken Tumenggung Yudapati sewadya balane kang dadi utusan Patih Jathasura.
Jaran kang ditumpaki terus digelak. Nalika srengenge ngglewang mangulon dheweke
wis mlebu laladan padhepokan Ragojampi.
Ajar Sapala sing wektu iku lagi ngladhi para siswane sajak kaget banget ana
temu sing katone kaya prajurit saka Kadipaten Blambangan. Sawise padha
lungguhan ing papan kang mirunggan. Ajar Sapala nuli ndangu tamune, mungguh
wingatine rawuh ing papan kono.
“Nyuwun sewu ,kisanak. Sampun kininten tambuh, mapan taksih sepisan menika kula
wanuh. Panjenengan punika sinten lan wonten wingatos punapa kersa rawuh wonten
rompok kula?” pratelan Ajar Sapala kanthi andhap-asor.
“Kula prajurit saking Kadipaten Blambangan. Wondene wigatosing sowan kula,
kautus dening satunggaling nayaka praja ing Kadipaten Blambangan, kinen
ngaturaken nawala dhumateng panjenengan bapa Ajar Sapala.” wangsulane prajurit
mau sinambi ngulungake nawala.
Sawise cukup perlune prajurit iku njaluk pamit, bali menyang Kadipaten
Blambangan, dheweke milih dalan trabasan sing sepi, supaya ora pethuk klawan
wong-wong kongkonane Patih Jathasura.
Sapungkure tamune, Ajar Sapala nuli maca nawala sing ditulis ing lembaran
rontal, sing jarene pawewehan sawijining nayaka praja ing Kadipaten Blambangan
tenane dheweke uga kaget, rumangsa ora duwe tepungan ing Blambangan kok saiki
ana sing kirim nawala. Apa kabeh mau ana sambung rapete klawan pakarti lan
tumindake siswa-siswane kepungkur? Ajar Sapala sajak katon kaget. Surasane
menehi ngerti yen dheweke supaya luwih ngati-ati, jalaran patih Jathasura
utusan prajurit pirang-pirang bergada supaya nyerang padhepokan Rogojampi awit
dianggep dadi punjering kraman kang dumadi ing kadipaten Blambangan sasuwene
iki.
Yen kabeh mau tenan, Ajar Sapala ora bakal kendel. Biyen nalika siswa-siswane
kurban kawengisane wong-wong Blambangan panjenengane amung trima kendel,
masrahake sekabehing kedadean mau marang panguwasane Gusti Kang Murbeng Dumadi.
Nanging yen saiki padhepokan Rogojampi arep digawe karang abang, wis cetha
panjenengane ora trima. Mula kanggo ngawekani kabeh mau, Ajar Sapala nuli
nglumpukake para siswane.
“Siswa-siswaku kabeh, niat becik mono, ora selawase bias ditanggapi kanthi
becik uga dening wong liya. Bedane wawasan lan cetheking panemu. Apa maneh yen
aspen wong among nenganake kapentingan pribadhine bae. Niat becik saka wong
liya yen cengkak klawan kekarepane dianggep pepalang kang kudu disingkirke.
Mula kowe kabeh wiwit dina iki sing padha luwih ngati-ati. Anggonmu njaga
ketentramane padhepokan Rongojampi sing luwih waspada. Yen sawayah-wayah ana
rame dudu ramene, kowe kabeh aja nganti lirwa ing sesanggehman,” pratelane Ajar
Sapala kanthi cetha marang para siswane ing wengi iku
“Sakestunipun wonten menapata,bapak kok sajak wigatos sanget anggen panjenengan
paringdhawuh ?” Taruna miterang marang gurune.
“Padhepokan Rongojampi keke dianggep luput dening wong-wong Blambangan jalaran
dianggep minangka punjering para duratmaka. Mula kowe kabeh kudu siap-siaganing
perang. Sawayah-wayah Patih Jathasura teka ing papan kene, kowe kabeh wis
sumadiya sabela marang padhepokan Ronggojampi kene.
Wiwit kalungguhan iku siswa-siswa ing padepokan Romgojampi padha nylametake uba
rampe peperangan kanggo ngadhepi para prjurit saka Blambangan. Wengi iku Ajar
Sapala katon munggah ing sanggar pamujaan minta kakuwatan marang ngarsane Gusti
Kang Maha Wikan, supaya padhepokan Rongojampi kono bisa kali sing sambikala.
Esuke bareng klawan mleteking srengenge ing bang wetan para prajurit Blambangan
kang dipandhengani dening Tumenggung Yudapati wis tekan ing padhepokan
Rongojampi. Dheweke banjur dipethukake dening Ajar Sapala. Para siswa ing
padhepokan Rongojampi wis padha siap-saiganing perang, karingenteni dhawuh saka
gurune.
“Apa bener kene iki padhepokan Rongojampi?” pratelane Tumenggung Yudapati
kanthi sore.
“Mila leres mriki padhepokan Rongojampi. Wondene kula Ajar Sapala,
tetuangganing padhepokan mriki. Panjenengan manika sinten, saha wonten wigatos
menapa kersa rawuh ing papan kula?” Ajar Sapala genti takon.
“Oh, dados panjenengan ingkang asma Bapa Ajar Sapala. Kula nyuwun pangapunten
menawi wonten keladuk ing atur kula. Ndherek nepangaken kula Tumenggung
Yudapati saking Kadipaten Blambangan. Wondene wigatosing sowan kula, awrat
mundhi dhawuh saking Ki patih Jathasura kapurih nyuwun pejah gesang panjenengan
bapa Ajar Sapala.”
Tembunge Tumenggung Yudapati sing alus padha sutra iku yen rinasa dening Ajar
Sapala Pindhaning swara bledheg ing mangsa sanga. Kanthi tatag, tetungguling
padhepokan Rongojampi kuwi mratelakake nedya sabela marang ajining dhirine
nganti tumetesing getih kang pungkasan .Sumurup Ajar Sapala ora kena pinetung
srananingaris, Tumenggung Yudapati nuli aweh aba-aba marang para prajurit
andhahane supaya ngrangket tetungguling padhepokan Rongojampi kuwi. Semono uga
Ajar Sapala kang rumangsa kaancam kaselamatan nuli mrentah para siswane supaya
ngadhepi para prajurit saka kadipaten Blambangan.
Perang gedhe wis ora kena diselaki. Prajurit-prajurit saka Kadipaten Blambangan
kang wis banget nguwasani gelaring perang kuwi ngamuk punggung pinaha bantheng
ketaton.kosok baline para siswa ing padhepokan Rongojampi kang iwis trampil
babagan oleh kanuragan guna kasantikan lepas sangkan paraning dumadi iku
ngadhepi tandange mungsuh kanti kebak pangati-ati.Tumenggung Yudapati minangka
tetungguling para prajurit, ngadhepi Ajar Sapala.
Padhepokan Rongojampi sing adat saben tansah katon ayem kabeh katentraman iku
saiki dadi rame, dikebaki swara bekere jaran,kumenclinge pedhang,lan swara
sambate wong kelaran kena gegaman. Saya suwe peperangan dumbadirame.senajan wis
cukup tuwa nanging tandange Ajar Sapala banget gawe mirise mungsuhe.
Eling-eling tiwas pendhekar kawentar,mula isih nyimpen jurus-jurus ampuh sing
mbebayani tumrap mungsuhe.
Panase srengenge kang sumelet saya nambahi gumrengsrenging swasana peperangan.
Para siswa ing padhepokan Rongojampi bisa kasil nguwasani kahanan. Siji mbaka
siji prajurit saka Kadipaten Blambangan bisa disirnahkake. Sumurup kahanan kang
kaya mangkono mau Tumenggung Yudhapati saya miris atine, nganti kelangan
kawaspadan. Kalodhangan iku digunakake kanthi becik dening Ajar Sapala.
Pusakane bisa natoni Tumenggung Yudapati nganti tiba glangsaran. Dheweke terus
ndekep tatune sinambi nyoba ngadeg maneh.
“Ajar Sapala, aja kok gawe wiring aku. Luwih becik patenana tinimbang kok paedo
kaya ngene,” pratelane Tumenggung Yudapati sinambi ngempet rasa larakuwi.
“Tumenggung Yudapati, saupama gelem tumindak aku bias mateni kowe kanthi
gampang. Nanging dudu wataking satriya mateni mungsuh kang wis tanpa daya. Mula
luwih becik saiki balia, tinimbang saya akeh pangurbanan,” sambunge Ajar Sapala
kanthi manteb,sinambi terus mandeng kebak teges marang tumenggung Yudapati.
Krungu pratelane Ajar Sapala kang kaya mankono mau, cucuking prajurit saka
Kadipaten Blambangan kuwi tanpa mbuwang wektu banjur mencolot menyang
ndhuwuring jaran, sinambi aweh aba-aba marang sisa-sisaning prajurit saka
Kadipaten Blambangan supaya ngoncati palangan. Sumurup mungsuhe padha tinggal
glanggang colong playu, para siswa ing padhepokan Rongojampi nedya mbujung.
Nanging enggal kapenggak dening Ajar Sapala.
“Para prajurit saka Kadipaten Blambangan ora perlu dibujung.saiki kowe kabeh
padha balia,kanca-kancamu sing nandhang tatu enggal padha usadanana,”
pangendikane Ajar Sapala kanthi wicaksana
Swetara iku playune tumenggung Yudapati sawadya balane wis tekan Kadipaten
Blambagan. Nanging sarehne tatu ing anggane cukup abot, tekan alun-alun
kadipaten Blambangan Tumenggung Yudapati nglundhungsaka gegering turangga, dadi
lan tiwase. Para prajurit padha bingung, nuli paring lapuran menyang Adipati
Siung Laut.
Ing pendhapa agung Kadipaten Blambangan Adipati Siung Laut banjur murina
sumurup prajurit akeh kang tumekaning tiwas. Kamangka patine ora tetandhingan
klawan wong-wong Mataram, nanging among nindakake wajib saka patih Jathasura.
Mula ora aneh yen ing wektu iku patih Jathasura nampa duka sing akeh saka
ngrasane saka Adipati Siung Laut sing pancen kondhang duwe watak kang wengis
kuwi.