Jaman mbiyen kutha utawa kabupaten Semarang, diasta
dening Ki Ageng Pandanaran II yaiku kulawarga saka Sultan Demak. Wektu semana
penyebaran agama Islam lagi maju-majune, lan gedhe banget pengaruhe tumrap para
pengembating negara, kalebu uga Ki Ageng Pandanaran II ing Semarang.
Sawise tuwuk ngasta bupati ing Semarang lan dirasa wis akeh nesep ajaran agama
Islam, mula Ki Ageng Pandanaran II terus kepengin leren kawibawan. Ki Ageng
Pandanaran II terus lunga ninggal kutha Semarang, lunga menyang Tembayat
(Bayat) wilayah Klaten, ora pamitan karo kulawargane lan garwane.
Nyai Ageng Pandanaran sawise ngerti menawa ditinggal karo rakane, terus
karaya-raya nusul lunga saperlu nggoleki lungane Ki Ageng Pandanaran II nganti
saketemune. Nyai Ageng Pandanaran bisa ketemu garwane, mula terus melu dumunung
neng Bayat.
Neng Tembayat, Ki Ageng Pandanaran II lajeng katelah nama Sunan Bayat, nganti
tekan sedane, uga disarekake neng Bayat. Makame tekan saiki tansah diziarahi
karo para warga masyarakat, jalaran kaanggep keramat lan isih ana sejarahe.
Lungane Ki Ageng Pandanaran neng Bayat, isih ninggal adhi wedhok yaiku Ni
Pandhansari, sing uga melu nusul tindake Ki Ageng Pandanaran, kanthi ditutake
abdi loro yaiku Ki Wonobodro lan Ki Wonosari. Lungane ngliwati alas, nrabas
lungiting samudra amarga ora ngerti menyang ngendi tindake kakange. Neng
ndalan, Ni Pandhansari saabdine krungu pawarti yen ing sakidul kulone kutha
Semarang ana sawijining pondhok pesantren sing misuwur, disesepuhi dening Ki
Jiwaraga, dene papan panggonane neng dhusun Blimbing, sakidule dhusun Boja.
Ni Pandhansari terus lunga menyang dhusun kasebut, ing pangajab muga-muga bisa
ketemu kakange neng papan kono. Nanging nyatane Ki Ageng Pandanaran ora bisa
ditemukake mula Ni Pandhansari saabdine terus kepengin dadi muride Kyai
Jiwaraga. Sawise dirembug, Ni Pandhansari saabdine terus ditampa dadi muride.
Ni Pandhansari kuwi sawijining kenya sing arep ngancik dewasa tur ayu banget.
Mula ora mokal yen sedhela wae dadi kembange para mudha lan para siswa neng
dhusun kono. Khususe para mudha padha gandrung, lan malah ngaturke panglamar
neng Kyai Jiwaraga, amarga padha kasmaran arep ngepek bojo Ni Pandhansari.
Temtu wae panglamar kuwi ora ditampa, amarga Ni Pandhansari durung gelem nikah,
isih kepengin nambah ilmune. Senajan sejatine, Ni Pandhansari kuwi kenya sing
sregep nyambut gawe lan olah-olah.
Sawijining dina, Ni Pandhansari kepengin dolan ndhelok tegal sing papan
panggonane neng sawetane dhusun. Neng pategalan kuwi akeh kembang sing maneka
warna. Mula yen kembange mekar bebarengan bisa marahi resepe pandulu, kahanan
kuwi sing narik kawigatane Ni Pandhansari.
Gandheng pategalan kuwi akeh kembange, mula diarani tegal sekaran. Neng tegal
sekaran kuwi Ni Pandhansari seneng lan kerep nganakake sayembara karo siswane
Kyai Jiwaraga. Sayembara kuwi antarane mangkene : “Sing sapa bisa nyipta
sumbering toya, bakal entuk nugraha.”
Akeh para siswa sing melu sayembara kuwi, nanging siji wae ora ana sing bisa
ngleksanani. Akhire Ni Pandhansari terus njabut cise sing ditancepake neng
lemah. Sanalika lemah kuwi metu banyune dadi sumber. Sumber kuwi diarani
Sendhang Sebrayat, sing ngemu arti sawijining sendhang sing banyune bisa kanggo
nyukupi kabutuhane wong sakulawarga utawa sabrayat.
Nanging suwe-suwe jeneng sendhang mau owah pangucapane dadi sendhang Sebrayut
tekan saiki. Dene papan pangonane neng sawijining grumbul mbulungan tengah
sawah, sakidule dhusun Boja.
Banyu sendhang kuwi pranyata gedhe banget paedahe tumrap masyarakat dhusun Boja
lan sakiwa tengene kayata kanggo ngombe, sesuci lan kanggo ngileni sawah. Neng
jaman mbiyen ana kapercayan yen para pawestri sing wis omah-omah suwe, nanging
durung oleh momongan utawa anak, kanthi sarana ngombe banyu sendhang kuwi saka
keparengane Gusti Allah saged gadhah putra.
Sabanjure lemah tegal sekaran kuwi, kanthi anane banyu Sendang Sebrayut terus
diolah dadi sawah sing subur banget, kamangka maune dadi papan panggonan raja
kaya lan akeh kembang sing ora krumat. Ewa semana ora kethang sithik,
saperangan lemah Tegal Sekaran ditanduri kembang sing maneka warna.
Kejaba Sendhang Sebrayut, Tegal Sekaran uga akeh manfaate tumrap para umat sing
lagi nglesanakake khajad dhateng Gusti Allah, kayata neng mangsa ketiga sing
dawa, akeh kali sing asat kurang banyu, wit-witan padha garing, lan
sapanunggale. Nalika kuwi, para umat Islam neng Boja, padha nindakake shalat
istisqo’ neng tegal sekaran.
Ora suwe, Kyai Jiwaraga nampa siswa anyar saka Cirebon, asmane Ki Dhapuraja
sing isih ana hubungane karo Sultan Cirebon. Mula suwene-suwe Ki Dhapuraja
tuwuh rasa tresna marang Ni Pandhansari. Akhire Ki Dhapuraja matur marang Kyai
Jiwaraga yen arep nggarwa Ni Pandhansari. Panglamar kuwi ditampa, kanthi entuk
restu saka Kyai Jiwaraga minangka gantine wong tuwane, Kyai Dhapuraja banjur
nikah kaliyan Ni Pandhansari. Sawise nikah, Ki Dhapuraja kepengin omah-omah
dhewe. Kyai Jiwaraga uga sarujuk lan maringi ijin marang Ki Dhapuraja sekalian.
Ki Dhapuraja sagarwa banjur nggolek papan palereman sing cocok. Kalorone banjur
lunga ngetan saka dhusun Blimbing nganti tekan pinggir dhusun Boja. Neng wetan
dhusun Boja kuwi griyane Ki Dhapuraja sekaliyan saiki dadi langgar wakaf yaiku
Masjid Baitul Makmur.
Awit dedalem neng dhusun Boja, Ni Pandhansari banjur disebat Nyai Dhapuraja
utawa Nyai Dhapu, dene Ki Dhapuraja uga disebat Kyai Dhapuraja utawa Kyai
Dhapu.
Kanggo nyukupi kabutuhan urip, Nyai Dhapu banjur matur marang Kyai Dhapu,
supaya digawekake ilen-ilen banyu. Dening Kyai Dhapu panjaluk mau banjur
diikhtiyarake nanging wis bola-bali usaha tetep ora bisa. Akhire Nyai Dhapu
nyalirani dhewe, carane Nyai Dhapu nggawe ilen-ilen banyu kuwi kanthi ngetog
kasektene yaiku kanthi nggered setagene saka Sendhang Sebrayut nganti tekan
daleme.
Banyu kuwi bisa mili kanthi lancar, cukup kanggo kabutuhane para warga
masyarakat khususe para tani. Saluran banyu kuwi diarani saluran Sidhapu.
Asmane Nyai Dhapu saya ngambar arum tekan dhusun liya. Kabeh pada kurmat marang
Nyai Dhapu, nanging kosok baline pekurmatan marang Nyai Dhapu kuwi, ndadekake
isine Kyai Dhapu, mula piyambakipun kepengin lunga saka dhusun Boja ninggal
Nyai Dhapu.
Sadurunge Kyai Dhapu lunga, Nyai Dhapu duwe panjaluk supaya Kyai Dhapu gelem
nuduhake isi atine kanthi nancepake cise ning lemah. Cis banjur ditancepake,
dumadakan lemah mau ngetokake banyu sing panas. Dene Nyai Dhapu uga banjur
nancepake cise neng lemah sacedhake lan sanalika lemah kuwi ngetokake banyu
sing anyes. Papan panggonan mau neng sisih lore dhusun Boja lan diarani Pasinan
utawa Masinan.
Kanthi metune banyu sing panas mau miturut pemanggihe Nyai Dhapu mbok bilih
penggalihe Kyai Dhapu mau pinuju panas, kosokbaline dene banyu anyes saka cise
Nyai Dhapu mratandhani penggalihe Nyai Dhapu asrep, lan ayem. Mula bisa dadi
pangayome tumrap wong cilik lan bebrayan agung.
Kyai Dhapu banjur lunga ninggal Nyai Dhapu, tindak saka dhusun Boja terus
ngulon, tekan neng sawijing dhusun yaiku Kaliputih. Kyai Dhapu manggen neng
dhusun kasebut tekan sedane. Panggonan palereman lan pasareane Kyai Dhapu
diarani dhusun Kali Dhapu, makame dirumat lan diziarahi dening masyarakat.
Sapungkure Kyai Dhapu, Nyai Dhapu nerusake mbangun dhusun Boja. Ora mokal yen
sedhela wae asmane wis kondhang lan ngambar arum neng masyarakat, saengga akeh
para sedulur saka njaba dhusun sing sowan saperlu njaluk pituduh, sakliyane
kuwi uga njaluk piwulang agama Islam.
Kanthi rancas, dhusun Boja dadi maju, rame, jalaran tansaya tambah jiwane.
Saiki Nyai Dhapu wis dadi randha, amarga wis ditinggal karo Nyai Dhapu. Salah
siji abdine, yaiku Kyai Wonosari pengin nggarwa Nyai Dhapu. Temtu wae Nyai
Dhapu ora gelem nampa, malah ndadekake nesune. Akhire Ki Wonosari ditundhung
lunga, jalaran dening Nyai Dhapu dianggep ngalangi mbangun dhusun Boja. Ki Wonosari
banjur lunga, manggon neng dhukuh Pilang, sawetan lore dhusun Boja.
Ki Wonobodro abdi sijine duwe anak lanang. Sabanjure anake Ki Wonobodro kuwi
sing mbiyantu Nyai Dhapu mbangun dhusun Boja. Piyambake dipercaya banget dadi
lurah dhusun Boja, mula katelah nama Kyai Boja. Kyai Boja kejaba dadi abdine
Nyai Dhapu sing dipercaya, uga dadi garwane Nyai Dhapu, nanging kanggo njaga
arum asmane Nyai Dhapu, mula Kyai Boja tetep disebut abdi kinasih.
Akhire, Nyai Dhapu, Kyai Boja lan Ki Wonobodro seda neng Boja lan disarekake
neng Boja. Nanging makame dhewe-dhewe ora kumpul dadi siji. Nyai Dhapu neng
sisih lor, dene Kyai Boja neng sisih kidul. Dene pasareane Ki Wonobodro mapan
neng sandinge Nyai Dhapu, ana ing sawijining pager tembok. Miturut prasajane
sifat pribadhine Kyai Boja, nganti saiki makame ora gelem dibangun luwih apik,
cukup kaya makam-makam umum liyane, kuwi nuduhake yen pribadhine Kyai Boja kuwi
pemimpin sing jiwane tetep merakyat.
Kanggo pangemut-emut jasa perjuangane Nyai Dhapu tumrap masyarakat ing dhusun
Boja, lan kanggo ngurmati agunge asmane, ing saben taun yaiku tanggal 7 wulan
Syawal dianakake Merthi Dhusun lan Syawalan. Jumbuh karo adat lan manut tatanan
utawa ajaran agama para masyarakat padha ziarah neng makame Nyai Dhapu.