Senin, 18 Januari 2016

MASKUMAMBANG


1.      Nadyan silih bapa biyung kaki nini
Sadulur myang sanak
Kalamun muruk tan becik
Nora pantes yen den nuta
2.      Apan kaya mangkono watekan iki
Sanadyan wong tuwa
Yen duwe watek tan becik
Miwah tindak tan prayoga
3.      Aja sira niru tindak kang tan becik
Nadyan ta wong liya
Lamun pamuruke becik
Miwah tindake prayoga
4.      Wong tan manut pitutur wong tuwa ugi
Ha nemu duraka
Ing donya tumekeng akhir
Tan wurung kasurang-surang
5.      Maratani ing anak putu ing wuri
Den padha prayitna
Aja na kang kumawani
Ing bapa tanapi biyang
6.      Dhuh anak mas sira wajib angurmati
Marang yayah rena
Aja pisan kumawani
Anyenyamah gawe susah
7.      Mugi Alloh ingkang maha asih
Tumunten paringa




Pepenget kang padha lali
Elinga mring kautaman
8.      Uripira pinter samubarang kardi
Saking ibu rama
Ing batin saking Hyang Widhi
Mulane wajib sinembah
9.      Putri cina gelangsaran melas asih
Mala kelaswara
Pedhangen juren wak mami
Aja andedawa lara
10.  Narimaa yen nuju nampa seserik
Awit sira uga
Lali nggonmu gawe serik

Elinga purbaning sukma9.      MASKUMAMBANG
1.      Nadyan silih bapa biyung kaki nini
Sadulur myang sanak
Kalamun muruk tan becik
Nora pantes yen den nuta
2.      Apan kaya mangkono watekan iki
Sanadyan wong tuwa
Yen duwe watek tan becik
Miwah tindak tan prayoga
3.      Aja sira niru tindak kang tan becik
Nadyan ta wong liya
Lamun pamuruke becik
Miwah tindake prayoga
4.      Wong tan manut pitutur wong tuwa ugi
Ha nemu duraka
Ing donya tumekeng akhir
Tan wurung kasurang-surang
5.      Maratani ing anak putu ing wuri
Den padha prayitna
Aja na kang kumawani
Ing bapa tanapi biyang
6.      Dhuh anak mas sira wajib angurmati
Marang yayah rena
Aja pisan kumawani
Anyenyamah gawe susah
7.      Mugi Alloh ingkang maha asih
Tumunten paringa




Pepenget kang padha lali
Elinga mring kautaman
8.      Uripira pinter samubarang kardi
Saking ibu rama
Ing batin saking Hyang Widhi
Mulane wajib sinembah
9.      Putri cina gelangsaran melas asih
Mala kelaswara
Pedhangen juren wak mami
Aja andedawa lara
10.  Narimaa yen nuju nampa seserik
Awit sira uga
Lali nggonmu gawe serik
Elinga purbaning sukma