Maha Prabu sri Kandihawan utawa Prabu Sowelocolo kang
kuwasa ana ing krajan Medangkawit utawa Medangkamulan duwe anak 5 yaiku: Raden
Jaka Panuhun, Raden Jaka Sanggarba, Raden Jaka Karungkala, Raden
Tunggulametung, lan Raden Petungtantara. Raden Jaka Panuhun kang pinter ing
babagab tetanen, ngganti Prabu Sri Kandihawan dadi raja lan mindhah ibu kota
krajaan ing Pagelen.
Raden Jaka Panuhun duwe anak loro cacahe nanging cacat kabeh, kalorone cebol
lan kerdhil, dhuwure mung sadhuwure tongkat bedhil. Weruh anake kang kaya
mangkono kuwi, Raden Jaka Panuhun sedhih lan pungkasane dheweke tapa brata
nyuwun marang Kang Kuwasa. Raden Jaka Panuhun oleh pituduh saka swara gaib sing
akon supaya dheweke nikah karo putrine ki Buyut Somolangu. Saka kuwi, Raden
Jaka Panuhun duwe putra sing jenenge Raden Bagus Jaka Pramana.
Sri Getayu adhine Raden Jaka Panuhun sing pinter ing babagan agama, marentah
ing Pamegatan. Kasalehanne ing babagan agama agawe asring ninggalake negara
kanggo tapa brata. Sri Getayu duwe putra sing jenenge Raden Kayumutu. Raden
Bagus Jaka Pramana sawise dhiwasa ngganteni bapakne marentah ing Pagelen kanthi
gelar Sri Panuhun II. Sri Panuhun II duwe putri sing jenenge Dyah Ayu Roro
Wetan. Raden Kayumutu sawise dhiwasa uga ngganteni bapakne marentah ing
Pamegatan. Raden Kayumutu duwe putra sing jenenge Raden Jaka Awu-Awu Langit.
Dyah Ayu Roro Wetan salah sijine putri sing ayu kaya dene Dewi Kamaratih. Kabar
kondhange putri sing ayu kuwi nganti tekan plosok-plosok negri, ora kejaba
kabupaten Wingka kang diparentah dening Raden Tumenggung Wingka, salah sijine
wong kang duwe watak atos, ati getas, kasar, lan brangas. Raden Tumenggung
Wingka duwe ati marang Dyah Ayu Roro Wetan lan pengin nglamar dheweke supaya
dadi bojone. Raden Tumenggung Wingka akon ki Wedana Braja supaya nglamarake
anake Sri Panuhun II yaiku Dyah Ayu Roro Wetan. Sri Panuhun II nesu krungu
pangakune ki Wedana Braja kang dadi kongkonane Raden Tumenggung Wingka amarga
ora gelem ngadhep panduwure lan nglangkahi andhap asor.
Raden Tumenggung Wingka ora trima marang panolake Sri Panuhun II. Dheweke duwe
rencana arep nggempur krajan Pagelen. Rencanane enggal-enggal digawe. Sri Panuhun
II ngrasa jengkel lan anyel marang polahe Raden Tumenggung Wingka. Kango
ngilangake rasa jengkele, Sri Panuhun II lunga neng alas karo pangawale kanggo
mbeburu satwa liar.
Raden Tumenggung Wingka enggal-enggal nglakoni rencanane. Dheweke lan
rombongane enggal-enggal nyerbu krajaan Pagelen. Ndilalah krajan sepi amarga
para pengawal lagi ngeterake Sri Panuhun II mbeburu ana ing alas, Raden
Tumenggung Wingka enggal bisa mlebu ana ing jero krajaan. Raden Tumenggung
Wingka kasil nrobos mlebu lan nggoleki Dyah Ayu Roro Wetan. Permaisuri Sri
Panuhun II kaget krungu reribut lan enggal-enggal nggoleki Dyah Ayu Roro Wetan
sing lagi turu. Pawarta saka ibune durung rampung, lawang keputren wis
didhobrak. Pamungsuhan karo Raden Tumenggung Wingka kadaean ana kono kanggo
mbela awake dhewe. Kakuwatane Dyah Ayu Roro Wetan ora sabandhing karo Raden
Tumengung Wingka, Dyah Ayu Roro Wetan semaput saengga niyate Raden Tumenggung
Wingka katurutan kanggo nyulik Dyah Ayu Roro Wetan.
Sri Panuhun II kang lagi mbeburu ngrasakake pirasat kang ora apik, mula
enggal-enggal dheweke lan rombongane mulih ana ing krajan. Kasep kanggone Sri
Panuhun II, krajaan Pagelen wis morat-marit. Sri Panuhun II enggal-enggal
nggoleki permaisuri lan anake, nanging sing ditemokake mung permaisuri kang semaput.
Sawise sadhar, permaisuri enggal-enggal nyritakake kadadean kang lagi wae
dumadi. Sri Panuhun II nyerbu demi kaurmatane Pagelen arepa tangane wis kakuras
amarga lagi wae mbeburu ana ing alas.
Raden Tumenggung Wingka ngerti yen mungsuh mesthi bakal teka kanggo mbales
kalakuwane, mula dheweke siyap jaga sakabehe kanthi masang telik sandi ing
kabeh panggonan krajaan. Sri Panuhun II tekan ana ing kabupaten Wingka lan
enggal-enggal entuk serangan amarga dheweke wis siyap. Paperangan antarane
Raden Tumenggung Wingka lan Sri Panuhun II kadadean ana kono, nanging kasektene
Raden Tumengung Wingka pranyata ora bisa disepelekake. Raden Tumenggung Wingka
menang. Sri Panuhun II kena ing gegamane Raden Tumenggung Wingka, awake
gumletak tanpa daya. Raden Tumenggung Wingka ngira yen mungsuhe wis mati banjur
mbuwang Sri Panuhun II lan prajurite ana ing kali Lerang. Pagelen enggal-enggal
dikuwasani dening Raden Tumenggung Wingka.
Raden Kayumutu lan Raden Jaka Awu-Awu Langit ngliwati kali Lerang kanggo lunga
nyekar ing leluhur. Katon saka kadohan ana wong keli. Rombongan Raden Kayumutu
enggal-enggal nylametake wong-wong kasebut kang salah sijine yaiku Sri Panuhun
II. Sri Panuhun II digawa ana ing Pamegatan. Sawise sadhar, dheweke nyritakake
kadadean paperangane karo Raden Tumenggung Wingka. Rumangsa dadi sedulure,
Raden Kayumutu arep ngewangi Sri Panuhun II. Raden Kayumutu ngundang putrane
Raden Jaka Awu-Awu Langit lan arep mbales kalakuwane Raden Tumenggung Wingka
kanthi cara adu pitik jago. Raden Jaka Awu-Awu Langit nggawa “Awu Bendo”, sing
sing cakar lan kukune landhep banget lan bisa mbekas ana ing watu.
Raden Tumenggung Wingka ngrasa sedhih lan nggresula amarga Dyah Ayu Roro Wetan
ora gelem dadi bojone. Raden Jaka Awu-Awu Langit teka ana ing krajan Wingka
kanggo perlu adu pitik jago lan disambet kanthi apik dening Raden Tumenggung
Wingka amarga dheweke seneng dolanan kaya kuwi sisan kanggo nglipur kasedhihane
amarga saka panolake Dyah Ayu Roro Wetan. Raden Tumengung Wingka mungsuh Awu
Bendo duweke Raden Jaka Awu-Awu Langit nganggo Galih Ireng. Kalodhangan kuwi
digunakake kanthi tenanan. Nalika kabeh lena, tanpa mikir dawa maneh Raden Jaka
Awu-Awu Langit nyundukake keris pusakane ana ing awake Raden Tumenggung Wingka
lan sanalika kuwi Raden Tumenggung Wingka tiwas. Pangawale nyerah tanpa nglawan
maneh weruh majikane wis mati.
Raden Jaka Awu-Awu Langit kasil nggawa Dyah Ayu Roro Wetan kanthi slamet. Sri
Panuhun II nyambut kamenangane Raden Jaka Awu-Awu Langit kanthi seneng. Pagen
wis ana ing tangane lan Dyah Ayu Roro Wetan dinikahke karo Raden Jaka Awu-Awu
Langit, Raden Jaka Awu-Awu Langit dadi gantine Sri Panuhun II kanthi gelar
Adipati Cokropermono.
Dyah Ayu Roro Wetan lan adipati Cokropermono duwe anak telu jenenge Roro
Pitrang, Roro traker, lan sing ragil Bagus Gentho. Adipati Cokropermono seneng
nenandur kaya nandur pari lan dhele sarta ngingu sapi, wedhus, lan iwak sepat,
dene Dyah Ayu Roro Wetan seneng nenun nggawe bathik. Dyah Ayu Roro Wetan duwe
payudara sing dawa banget saengga yen anake arep netek gari nyampirake ana ing
buri. Ing sawijining wektu, Dyah Ayu Roro Wetan lagi sibuk ujug-ujug dheweke
ngrasakake ana sing netek saka buri. Ngira yen iku anake Dyah Ayu Roro Wetan
meneng wae. Ora let suwe Adipati Cokropermono ana ing kono lan enggal-enggal
ngelikake Dyah Ayu Roro Wetan supaya ngendhegage gaweyane lan nengok ana buri.
Dyah Ayu Roro Wetan nuthuk pedhet nganggo palang kanthi nesu.
Adipati Cokropermono nakokake ana ing ngedi anak-anake. Nanging sing ana ing
kono mung Bagus Gentho. Dyah Ayu Roro wetan kandha yen wiwit mau Roro Pitrang
lan Roro Traker melu Adipati Cokropermono lunga., mung Bagus Gentho sing ana
ing kono. Kalorone banjur nggoleki anake sing ilang, nganti ana abdi sing teka
lan ngabari yen abdi mau weruh anake lagi dolanan lan mlebu ana ing lumbung.
Dyah Ayu Roro Wetan lan Adipati Cokropermono enggal-engal akon para abdi kanggo
ngosongake kabeh lumbung sing kebak pari. Ngrasa yen ora sabar weruh tumandange
para abdi kang rada alon, Dyah Ayu Roro Wetan njupuk galah lan ngudhek isi
lumbung kasebut kanthi ceceran, kuntal menyang endi-endi. Sawise entek, katon
anak lorone mau teturon lemes ana ing pojok. Kalorone wis ora ana nyawane.
Dyah Ayu Roro Wetan krasa jengkel lan anyel marang Adipati Cokropermono.
Adipati Cokropermono dhwe ora trima yen disalahake, mbalekake kaluputane marang
Dyah Ayu Roro Wetan, mula kalorone banjur padu. Adipati Cokropermono ngrasakake
yen padu kaya kuwi ora ana enteke, mula dheweke pengin pisah lan arep mulih ana
ing Pamegatan Awu-Awu Langit. Dyah Ayu Roro Wetan nyarujuki panjaluke bojone.
Pungkasane kalorone pisah. Dyah Ayu Roro Wetan netep ana ing Pagelen, nerusake
pamarentahan dadi putri panguwasa kanthi sebutan Nyai Adipati utawa Nyai Ageng
Bagelen.
Nyai Ageng Bagelen ngetokake supata kanggo anak putuneb, yaiku ora entuk
lelungan nggolek rejeki ing dina Anggara Kresna (Selasa wage), ora entuk nandur
pari pulut ketan ireng, ngingu sapi ireng, kabeh wanita Bagelen uga ora entuk
ngango klambi Sendhang Gadhung Mlathi, tapih lurik warna ijo, lan kemben bango
tulak.
Nyai Ageng Bagelen marentah Pagelen nganti tuwa lan pungkasane seda. Sasedane
Nyai Ageng Bagelen, Bagus gentho ngganteni ibune marentah Pagelen.