Sing
diarrani wong Jawa ing kene yaiku bebrayan sing ngugemi tata cara budaya Jawa
ing satindak poahe lahir bathin ing sadhengah uripe. Dene budaya Jawa iku tata
panguripan sing diwarisake dening brayat Jawa saka jaman kuna makuna nganti
seprene. Sing dikarepake tata panguripan ora kok carane golek pangupa jiwa
nyambut gawe golek sandhang pangan, ananging tata carane srawung ing bebrayan sing
kadulu saka solah bawane lan kandhuttane atine, mobah-mosike pamikire. Mula
tumanceping budaya Jawa sing cumondhok ing batine sawijining pawongan,
kawujudake ing solah bawa lan pangucape.
Ana
8 babagan kang dadi titikane tata panguripan budaya Jawa, yaiku :
1. Anggilut
Sastra Jawa
Tegese
nyinaoni maca lan nulis mawa aksara Jawa. Yen isih rumangsa wong Jawa sokur
bage yen isih bisa maca buku-buku aksara Jawa anggitane para pujangga Jawa,
kaya dene buku Cemporet, Jaka Lodhang, Senthini, Babad Tanah Jawa, lan isih
akeh liyane. Wong Jawa sing dedunung ing tlatah Jawa ananging wuta
aksara/sastra Jawa ya kalebu Jawal.
2. Anggilut
Basa Jawa
Basa
Jawa sanajan duwe unggah-ungguh sing rada njlimet, yen pancen digilut kanthi
tumemen, mesthi bisa ngecakake kanthi patitis. Bisa ngetrapake basa ngoko lugu
lan ngoko alus, apa dene krama lugu lan krama alus utawa krama inggil.
3. Ngrasuk
Budaya Jawa
Patang
perkara minangka babonane budaya Jawa yaiku : cipta, rasa, karsa, lan karya.
a. Bab
cipta/ pamikir Jawa
Pamikire wong Jawa iku prasaja wae
nanging maton. Pamikire tansah bab kabecikan, kayata unen-unen “Becik ketitik
ala ketara”.
b. Bab
rasa/ pangrasa Jawa
Pangrasa sing tumancep ing dhadhane
wong Jawa iku rasa tresna sapadha-padha utawa tepa selira, rasa endah sing
nuwuhake langen utawi seni, lan rasa manteb ngrungkebi agama. Rasa tresna
nuwuhake budi pekerti sing mulya linambaran rasa susila. Rinasa ing wardaya yen
Gusti sing Murbeng Dumadi anggelarr jagad raya lan sagung panguripan iki mesthi
linambaran ing rasa tresna asih.
c. Karsa
utawi karep
Karsa iku kekarepan tumindak amrih
bisa nyukupi butuhing ngaurip. Karep ing angganing wong Jawa iku tansah
dikendhaleni dening pangrasa sing susila lan pamikir sing tumawa.
d. Karya
Karya iku minangka pangejawantahe
cipta, rasa, karsa, sing kasok ing tindak laku lan pikolahe. Wujuding karyaning
wong bisa dinulu, rinasa ing ati, bisa rinunggu, bisa ginrayang, bisa rinasa
ing ilat lann dirungokake kupinge.
4. Solah
bawa trapsila jawa
Wong
jawa nduweni trapsila andhap asor, sikep ngapurancang, ngajeni liyan. Tumungkul
amari kelu. Sanajan ta sugih ngelmu, numpak raja brana nglungguhi pangkat lan
nyunggi drajat, trapsilane tetep prasaja.
5. Anresnani
busana Jawa
Busana
Jawa iku brukut primpen kanggo wong lanang apa dene wong wadon. Busana Jawa
kebak trapsila ngayomi salira. Nutupi wewadi. Busana adat jaman kunatumrapwong
lanang nganggo klambi surjan, jaritan, sirahe nganggo udheng utawa blangkon.
Dene wong wadon ya jaritan, nganggo klambi kebayak, sirahe ana sing kudhungan
mukena utawa kain tipis liyane, ana sing gelungan wae. Sing cetha salira tan
binuka, primpen.
6. Karem
boga Jawa
Tegese
remen panganan Jawa yaiku panganan sing kulina dipangan wong Jawa.
7. Tata
urip saraya
Urip
saraya iku tata urip sing bantu-binantu, gotong royong, genti-genten mbiyantu.
Awit piwulange wong Jawa bab tulung tinulung iku wis kasok ing unen-unen aweh
akeh teken marang sing kalunyon, aweh payung marang sing kodanan, aweh kudhung
marang sing kepanasen, aweh banyu marang sing ngelak, aweh pangan marangg sing
kaluwen.
8. Percaya
mring piwales
Wong
Jawa saka jaman makuna-kuna tekan saiki tansah ngugemi piwulange wong tuwa yen
tumindak becik lan ala iku kabeh ana piwalese saka sing gawe urip. Awit Gusti
sing Murbeng Jagad iku asipat adil. Percaya marang benere piwulang sing kasok
ing unen-unen : “Sing becik ketitik, sing nandur bakal ngundhuh. Ngunduh wohing
pakarti”.
Liding
carita, kabeh kang bineber iku nuduhake kepribadene wong Jawa. Sing uwal saka
kapribadhene wong Jawa, iku diarani Jawal. Awit Jawane wis uwal.
Kapethik
saka : Basa Jawa SMA/MA/SMK Kelas X semester 2