Senin, 18 Januari 2016

MEGATRUH


1.      kacarita kyana patih dhendhabahu
pan sarwia teken encis
amenggang gesar wawulung
apindha jakir nagari
yen ka anggul janma menggok
2.      Aywa kliru kang jeneng urip iku
Ya kang gumelar neng bumi
Sing bisa branahan iku
Run tumurun ing salami
Tetuwuhan kewan janma
3.      Kabeh iku mung manungsa kang pinujul
marga duwe lahir batin
jroning urip iku mau
isi ati klawan budi
iku pirantine ewong
4.      Sigra milir sang gethek si nangga bajul
Kawan dasa kang njageni
Ing ngarsamiwah ing pungkur
Tana pi ing kanan kering
Sang gethek lampahnya alon
5.      Dhuh Gusti ku Sri Rama kang hambeg sadu
Patik bra hatur hudani
Kalamun kusumaningrum
Dyah Sinta sinaut wani




Dening Ngalengka sang katong
6.      yen woh-wohan enak mentah iku timus
enak mateng iku kweni
manggis enak blibaripun
palem enak mateng ati
salah enak rada bosok
7.      Nora kena sinelak selak pineluk
Mringkang ngadhang adhang sisip
Yen lara anggepi reku
Temah kether maring ngening
Adoh kaelet tan adhoh
8.      Kangwas kitha mangsa kenaa kaliru
Suwanda-suwanda yekti
Sasra bau sasra bau
Yen lagi kinarya silih
Yekti lang sipating loro
9.      Dhuh Dhuh Dewa Bathara ingkang linuhung
Mugi paringa aksami
Mring dasih kang wlas ayun
Kasangsaya gung prihatin
Sru nalangsa jroning batos
10.  Puluh puluh wus begjane awak ingsun
Kudu pisah yayah wibi
Tan langgeng den mong wong sepuh
Baya wus karsaning Widhi
Pinasthi dhewe wak ing ngong