Senin, 18 Januari 2016

GAMBUH


1.      Sekar gambuh ping catur
Kang cinatur polah kang kalantur
Tanpa tutur katula-tula katali
Kadulu warsa kapatuh
Katutuh pan dadi awon
2.      Lan sembah sungkem ipun
Mring Hyang Sukma elinga sireku
Apan titah sadaya amung sadermi




Tan welangsira andhaku
Kabeh kagungan Hyang Manon
3.      Marmane sira sagung
Aneng donya ywa kong si kaugung
Dipun becik mring sasama ning dumadi
Supaya nora kaduwung
Mrih rahayu ning lalakon
4.      Ana wong uwis sepuh
Duwe anak loro tan langkung
Lanang wadon wis diwasa tekeng wanci
Kang watek kosok wangsul
Ngalor ngidul nora cocok
5.      Kang wadon banget wungkul
Wekel sregep samubarang laku
Dasar gemi nastiti sarwa mrantasi
Pagaweyan kasar alus
Kabeh gelem ara mopo
6.      Beda lan kakangipun
Uwis bodhokesete kalangkung
Tur wegahan lumuhan sabarang kardi
Boros ngebreh tanpa petung
Apa-apa ora enjoh
7.      Aja nganti kabanjur
Barang polah ingkang nora jujur
Yen kabanjur sayekti kojur tan becik
Becik ngupayaa iku
Pitutur ingkang sayektos
8.      Yen wong mangkono iku
Nora pantes cedhak mring wong agung
Nora wurung anuntun panggawe juti
Nanging ana pantesipun
Wong mangkono didhedheplok
9.      Pitutur bener iku
Sayektine apantes tiniru
Nadyan metu saking wong sudra pepeki





Lamun becik tuturipun
Iku pantes sira anggo
10.  Sikidang umbagipun
Ngadelaken kebat lumpatipun
Pan si gajah ngadelaken gung kang inggil
Ula ngadelaken iku
Mandine kalamun nyakot