1.
Jrotyas wuyung nulat sekar gandanya rum
Angrerujit nala
Lina lutan bangkit lalis
Tulus lalu lila lamun pinetika
2.
Iya mathuk bakal ya tansah kepethuk
Tinemune nyata
Yekti marga isi-isi
Wite dhuwur angel tumi-tumiyungna
3.
Yen satuhu arum njawi lebetipun
Tan nganggo pulasan
Mongka sudarsana yekti
Aweh mulya ngambar gandane kusuma
4.
Bapak pocung cangkemmu marep mandhuwur
Saba mu ing sendhang
Pencokanmu lambung kering
Prapteng wisma si pocung mutah guwaya
5.
Angkara gung neng angga agung gumulung
Gegolonganira
Tri loka kere kongsi
Yen den umbar ambabar dadi rubeda
6.
Pangajabku duwe gegayuhan luhur
Mandhegani bangsa
Mbrastha kemiskinan yekti
Swasembada murah sandang pangan papan
7.
Yen wus iku nagri kita bakal maju
datan ketinggalan
lan bangsa mancanegari
ja kesuwen dadi negara berkembang
8.
Bapak pocung dudu watu dudu gunung
sabamu ing alas
ngon ingone sang bupati
prapteng marga si pocung lembehan grana
9.
Bapak pocung amung sirah lawan gembung
Padha dikunjara
Mati sajroning ngaurip
Si pocung dadi dahana
10. Bapak pocung dudu tampar dudu dadhung
Dawa kaya ula
Penclokanmu kayu garing
Prapteng griya si pocung ngetokne cahya