Crita cekak yaiku karangan cekak kang
awujud prosa. Biasane isine kurang saka 1000 tembung kang menehi kesan
tunggal kang dominan lan musatake crita
ana ing salah sawijining tokoh. Struktur crita cekak kabentuk saka unsur-unsur
ing ngisor iki:
a.
Tema,
yaiku inti utawa ide dhasar crita.
b.
Alur
utawa plot, yaiku bageyan saka unsur intrinsik karya sastra. Alur iku wujud
pola pengembangan kang kabentuk ska hubungan sebab akibat.
c.
Latar,
yaiku papan panggonan, hubungan wektu, lan lingkungan sosiale saka kedadeyan-kedadeyan
kang dicritakake ana ing crita.
d.
Penokohan,
yaiku carane pengarang nggambarake lan jlentrehake karakter tokoh-tokoh ana ing
crita.
e.
Sudut
pandang, yaiku posisine pengarang nalika nyritakake crita.
f.
Amanat,
yaiku pesen kang bakal disampekake utawa dijlentrehake pengarang marang wong
kang maca, supaya bisa nemokake amanat ana ing crita.
g.
Gaya
basa, yaiku basa ana ing crita kang nduweni fungsi kanggo nyiptakake kahanan
persuasif uga ngrumusake dialog kang bisa ngetokake hubungan lan interaksi tokoh
siji lan sijine.
Ing ngisor iki ana tuladha cerita cekak
kang bisa diwaca.
HAPENE GENJUR
Dening Eddy S. Triwida
Menyang
sekolah nggawa handphone utawa hape pancen lagi ngetren. Nek rangga hape jare
kurang gaul. Mula bocah-bocah SMA Negeri panggonane Haryo, Genjur lan Bejo
sekolah ya wis mencet-mencet keypat hapene dikancani Genjur lan Bejo sing ndeleng kanthi rasa iri.
Sawetara kuwi bocah-bocah liyane uga asyik berhape ria. Haryi mesem kecut
nalika mbukak es-em-es sak Pipit mau kirim es-em-es menyang Pipit tulisane :
Pit, aku sayang kowe apa anane, yen kowe ana dhuwit aku ya sayang, yen kowe ana
panganan enak-enak, aku ya sayang. Apa maneh yen suk kowe ana mobil hadhiah saka
bapakmu. Aku ya tambah sayang. Wangsulane Pipit lewat es-em-es.
Aku wedi Har! Mengko yen pacarmu Evi
muring-muring. Embuh lho ya? Haryo kukur-kukur sirahe. Evi kae pancen tukang
ngrusak acara kok!
Har aku nyilih sak es-em-es wae ya?
Bejo pingin kirim es-em-es. Kowe arep es-em-es sapa ta! Iri ta kowe merga aku
arep disilihi hape karo Haryo. Sing arep nyilihi kowe sapa? Genjur wis ngiler
pengin duwe hape dhewe. Yen duwe hape dhewe rak penak. Iso es-em-esan karo
Nawangsih, adhike Haryo sing imut-imut kae . ngono sing ana pikirane Genjur
mula mulih sekolah kuwi Genjur langsung mogok mangan ing lawang kamare
dicentheli kertas wis ditulis LAGI MOGOK MANGAN MERGA ORA DITUKOKAKE HAPE.
Ibune Genjur sing wis mulih saka
dodolan bubur ing pasar ora nggape. Ibune malah banjur es-em-es Bapakke Genjur. Pak, Genur mogok mangan jaluk
Hape pak. Let sedhela ana wangsulan saka bapakke Genjur. Togna wae ma! Mengko
yen luwe rak nyosor dhewe.
Pancen Ibu lan Bapak Genjur wis
padha-padha nyekel hape, senajan hapene model lawas alasane ben komunikasi
suami istri iso terjalin harmonis. Bapakke Genjur penggaweyane makelar dadi
pancen perlu duwe hape. Nanging yen ibune Genjur sing mung bakul bubur kok
nggawa hape kanggo apa? Ya kanggo nyervis bojo umpamane pengin dimasakke sop
buntut, apa pengin ditukokake gethuk lindri, rak bisa ndang diapake, ngono
alesane ibune Genjur nalika ana sing takon. Dodol bubur kok nggawa hape?
Nganti bengi Genjur durung metu saka
kamar. Bapak ibune wiwit khuwatir. Aja-aja Genjur gek… keturon ! lha wong wiwit
awan durung mangan, apamaneh Genjur kuwi anak ontang-anting yen loro angel tambane,
obat saka dhokter ora mempan. Lagi waras yen ditambani banyu godhong kulit
duren lan saiki durung usum duren. “Njur, metua nak! Kana mangan dhisik.” Bapakke Genjur nyeluk karo
nothog lawang.
“Ora kudu mangan yen ora ditukokake
hape ben kamar iki dadi seksi kekejemane wong tuwa”. Wangsulane Genjur karo
mewek.
“Ya wis suk yen ana rejeki tak tukokke.
Ning kowe latihan dhisik carane nggunakake hape. Ya wis saiki kana ndang metu.”
“Genjur metu saka kamar tenan ta pak
aku latihan nagnggo hapene ibu apa
Bapak?”
“Latihanu nganggo gambar hape”.
Wangsulane bapakke.
“Huh bapak. Ning nek ana rejeki
ditukokake hape tenan lho pak”
“iya…iya..nng mbok kowe ki sing ketok
model ta! Mosok nyeluk bapak, ibuk, nyeluk papa karo mama ngono lho!
Esuke Genjur wis siap mangkat sekolah.
Klambi sragam putih abu-abu wis dienggo. Sarapan iyo uwis. Pokoke wis siap
tempur. Ning nalika weruh hapene Bapak, eh papane sing lagi ngglethak ana meja
ruang tamu, janngkahe kandheng, tolah toleh ngiwanengen papa tolah-toleh
ngiwanengen papa karo mama ora ngerti gage hape disaut dilebokake tas terus
mangkat, tekan sekolah ketemu Haryo lan Bejo. Mug Beo nggaw hape sng
dikalungake lann hapee modhe lawas sing gedhe mula lakune Bejo rada mbungkuk
e…..jebul kabotan hape. Aku ya wis duwe hp. Iki lho hapeku.! Genjurdadi
krenggosan. Piro nomer hapemu Njur? “Nomer…nomer….nomer hpku ….eh pira ya? Aku
ora apal kok?” Wangsulane Genjur grogi. “We piye ta? Duwe hp kok ora apal
nomere. Jajal miscallen nomer hpku.” Aloke Haryo. Miscall? Apa miscall kuwi
har? Miscall kuwi awakmu ngebela hapene Haryo, yen Hapene Haryo nyaut hapemu
kenselen.” Bejo njelasake kanthi ati bombong.
Kamangka bejo le sinau hape lagi mau bengi.
Bel tandha mlebu wis muni bocah-bocah
gage mlebu kelase dhewe-dhewe. Pelajaran jam pertama kelase Haryo matematika.
Gurue Pak aljabar sing kerenge kagila –gila. Tolong yang bawa hape matikan
semua. Boleh bawa hape sebagai alat komunikasi tapi waktu pelajaran jangan
digunakan.
Eh…Har, piye carane mateni hape? Genjur
mbisiki Haryo. Haryo mung gedheg. Genurwedi yen pelajaran hapenen muni. Bisa
cikakak tenan!
“Ndang balia sri! Ndang balia aku lara
mikir kuwe ana ning ngendi? Ndang balia sri ndang balia.” Swara ringtone hapene
Genjur muni tenan kathik banter sisan. Sakala kabeh mripat nyawang Genjur sing
lagi binguung mateni hapene. Kanthi mijeti keypede ngawursing dipijet malah
tombl kanngggo njawab panggilan mula banjur krunguswarane papane Genjur
muring-murin saka hape. “Genjur, balekna hape papa! Nggawa kok ora ngomong-ngomong,
awas yen ora cepet kok balekke sangumu sesasi tak stop!” swarane bapake Genjur.
“Piye carane mateni? Piye iki?
Tulung…tulung Genjur mbingungi. Bocah sakelas ngguyu ngakak. Malah pak aljabar
ya ora bisa ngempet guyune. Oalah Njur…Njur durung bisa nggunakake hape kok wis
kesusu wae. Akhire Genjur diukum. Ukumane dikongkon mulihh ngeterke hapene
papane menyang omah…hi..hi..hi.
Sumber ; Panjebar Semangat 37 2006