Senin, 18 Januari 2016

WACANA EKSPOSISI




            Eksposisi iku manut asal tembunge saka basa manca (Yunani/Latin) kang manut asale tegese yaiku “miwiti” utawa “babat alas”. Dadi, wacan iki kedadeyan menehi katrangan-katrangan sing sedurunge durung tau ana utawa wis suwe banget keselip wektu. Sipate mung menehi katrangan tanpa ajak-ajak marang sing maca tulisan kasebut.
          
           Wujud katrangan eksposisi bisa awujud “tips”. Ing kalawarti umpamane tips kasaran : Jambu kluthuk sing jerone isine abang iki bisa kanggo nyegah utawa nambani demam berdarah. Piye carane gawe, dhahar, lan sapanunggalane dibeberake ana ing wujud karangan eksposisi. Karangan eksposisi bisa kadhapuk saka :

1.      1. Pola proses, umpamane tips kanggo ngudhunake tekanan dharah.
2.      2. Pola sebab akibat, umpamane sebab anane banjir bandhang, akibate para warga akeh kang kaserang diare, kelangan bandha donya, lsp.
3. Pola iluustrasi, gagasan sing mbutuhake kasunyatan : umpamane nyritakake nalika ana kedadeyan tsunami kang nrajang aceh.