Senin, 18 Januari 2016

DHANDANGGULA


1.      Kekidungan kang mawa pepeling
Ngelingaken mrih tindak utama
Wong urip iku wajibe
Ngagengna darmanipun
Kanthi rila terusing ati
Sira wajib lenggana
Manungsa puniku
Cinipta datan sampurna
Lan manehe tan bisa urip pribadi
Tansah butuh wong liya
2.      Aja nyawang mring bedaning kulit
Aja nyawang bedaning agama
Iku kanca nira kabeh
Sanadyan drajadipun
Luwih cendhek lawan si reki
Becik den kurmatana
Sesamaning makhluk
Yen iku wus katindhakna
Mesti sira tetep bakal den payungi
Gusti kang Maha Nasa




3.      Wardining kang sasmita jinarwi
wruh kukum iku watekira
adoh marang kanisthane
pamicara puniku
wah reseping sagung miyarsi
tatakrama puniku
ngedohaken panyendhu
kagunan iku kinarya
ngupa boga dene kelakuan becik
weh rahayuning angga
4.      Dandhanggula ngresepake ati
Lamun sinom renyah miwah grapyak
Yen pangkur sereng wateke
Gambuh mawa pitutur
Yen prihatin nembanga mijil
Kasmaran smarandana
Maskumambang trenyuh
Galak greget nyekar durma
Yen megatruh gegetunang nglut lan sedhih
Pocung gecul sembrana
5.      Iku kabeh watak tembang yekti
Lamun sira arsa ngripta sekar
Kajaba guru lagune
Ingkang perlu den emut
Saben tembang yekti tan sami
Guru wilanganira
Wus pinathik baku
Lagu winengku ing sastra
Yen wus iku pedhotane kang premati
Pryoga katindhakna
6.      Sinarka arsa murwakani
Masjid demak kang agung bawera
Endah asri suwarnane
Saka sinungging wungu
Kuning gadhing akarya asri





Plataran gilar-gilar
Asri yen dinulu
Payon katon maya-maya
Anjenggarang kukuh bakuh edi peni
Karya ascaryaning tyas
7.      Mulya yekti pigunane masjid
Tumrap kegiyataning agama
Agama islam mekare
Ngibadah mring Hyang Agung
Gusti Alloh kang maha asih
Papan kinarya dakwah
Nggegulang mring mring ngelmu
Saraking agama islam
Mula wajib masjid iku denpepetri
Tulus trusing wardaya
8.      Sapa wong kang akarya kang masjid
Agung adi luhung kang sanyata
Raden patah asmane
Brawijaya sunu
Ratu agung ing majapait
Miyos saking gwagarba
Putri cempa ayu
Wau ta raden patah
Wiwit timur wineleg sagunging ngelmi
Sarak agama Islam
9.      Sinengkuyung sagunging prawali
Janma tuhu sekti mandra guna
Wali sanga nggih arane
Dhihin Syeh Magrib tuhu
Sunan ngampel kang kaping kalih
Tri sunan bonang ika
Sunan giri catur
Syarifudin sunan drajat
Anglenggahi urutan gangsal sayekti
Iku ta warnanira





10.  Kaping nenem kanjeng sunan kali
Jaga raden mas Said parabnya
Nenggih kasapta candhake
Yeku jeng sunan kudus
Jakfar sidik syeh magribi duk taksih alit
Astha sunan muriya
Kang uga sinebut
Raden umar said ika
Jangkep sanga sunan gunung jati nenggih
Winastan fatahillah