Wacana deskripsi yaiku wacana kang
nggambarake kanthi cetha sawijining kahanan (objek). Objek mau kaya-kaya ana
ing ngarepe wong kang maca. Objek bisa kedadeyan saka kahanan, prastawa,
manungsa utawa barang.
Miturut KBBI (2006:258) deskripsi
tegese “pemaparan atau penggambaran dengan kata-kata secara jelas dan
terperinci”.
Tuladha
:
Dumugi titik wanci punika,
mbokmenawa dereng wonten ingkang manggihaken kwali dawa (kwangsul panjang).
Kwali yen zaman rumiyin dipun damel saking siti (lempung), lajeng zaman saya
majeng wonten ingkang kadamel saking panci (email), lan ugi saking aluminium.
Naminipun panci email, lan panci aluminium. Nanging boten panjang. Dados inggih
tetep bunder lan mawi tutup.
Dene dhingkel, wonten ingkang nyebut
luweng, wonten ingkang nyebut pawon (papan awu). Yen damelan kasongan kacithak,
naminipun keren. Yen dhingkel (luweng kadamel paten) boten saged kausung/
kapindhah. Yen keren saged kajungjung kapindhah pundi kemawon saged. Bedanipun
keren lan dhingkel (luweng). Yen keren saged dipun tumpangi ceret utawi kendhil utawi kwali setunggal. Yen dhingkel
saged kangge masak tiga sarengisareng kados yen sapunika kompor gas bolongan
tiga. Yen keren kados kompor namung bolong setunggal. Mbokmenawi kanthi punika
sedaya sampun dhong?
Kapethik
“Digodhog kwali dawa dipanggang dhingkel mengangah”
Panjebar Semangat 01 / 2006