Salah
sijining wujud nguri-uri basa Jawi minangka basa ibu, utamane ing Jawa Tengah
pancen wis ditindakake. Contone, saiki Basa Jawa wis ditetepake karo Pemerintah
Propinsi Jawa Tengah minangka Muatan Lokal (wajib) ing tataran SD, SMP, nganti
SMA.
Ing
era KBK (Kurikulum Berbasis Kompetensi) iki, diajab pelajaran basa Jawa
temen-temen bisa digayuh apa kang diancasanyatane. Bocah-bocah ora dipentingake
nyinaoni anak dara piyik , anak asu kirik, utawa kembang lombok
menik, kembang tela ingklik lan
sapanunggalane. Para murid luwih diemenake paham yen Bapak siram, aku adus. Aja nganti kedadeyan mengkone ana bocah
mapag bapakne kanthi celathu “Bapak wis bali, numpak dhokar, klambine anyar.” Nalika nggarap soal ing sekolah,
bisa nulis krama, “Bapak sampun kondur,
nitih dhokar, agemanipun enggal,” utawa saora-orane celathu, “Bapak wis
kondur, nitih dhokar, agemane anyar,” nalika mapag Bapakne.
Pancen
ing wewengkon Jawa Tengah saben daerah nduweni dialek iku perlu dihormati. Iku
mertandhakake yen basa Jawa iku basa ibu kang sugih istilah lan sugih dasanama.
Contone ing daerah Banyumas sapengalor ora ana sebutan aku, nanging inyong.
Semono uga ana daerah kang ngaran tiba kuwi
njinglok utawa gigal. Malah ing daerah kang isih sakabupaten wae akeh istilah sing
beda nanging karepe padha. Contone, ing kukuban Magelang, istilah kelereng ana
sing nyebut kacang lanjaran utawa kacang gleyor, ya wis ben.
Tuladha
liya, ing daerah pesisir migunakake tembung mbek ateges karo, diagem mangga.
Nanging mosok nggiyarake pawarta ing radiyo utawa ing televisi celathu “Bapak Bupati mbek bapak camat raine katon
sumringah nalika ngesrahake beras mbek minyak goreng kanggo para korban bencana
alam”. Ora lucu ta?
Mula
sajroning nglaksanakake KBK, bab-bab kaya kasebut mau ora perlu didadekake
masalah. Bocah ora kudu pinter basa Jawi kang ndakik-ndakik, utawa pinter basa
krama kaya kang digunakake pranatacara utawa pamedhar sabda. Sing penting bocah
paham basa Jawa sing baku, uga kepriye anggone matrapke budaya Jawa kanthi
bener lan apik. Coba yen kita titik negara Jepang, wong-wong Jepang bisa solid lan kuwat amarga kejaba mau
teknologine, uga kenceng anggone ngugemi kabudayane.
Saiki
sing perlu oleh kawigaten, kepriye pawongan ing Jawa Tengah iki bisa
nguri-nguri kabudayan Jawa kalebu basa Ibu yaiku basa Jawa? Kejaba sing wis
padha umur, uga kanggo bocah-bocah utamane. Paring pasinaon basa Jawa marang
putra-putra lan wayah ora mung cukup masrahake dhateng Bapak lan ibu guru ing
sekolahan. Malah para ibu lan bapak ing ndalem luwih akeh wektune, meawa ing
sekolahan, paling akeh wektu kanggo nyinauni basa Jawi iku 2x40 menit saben
minggune. Dadi bocah luwih akeh nampa pasinaon saka bapak ibune ing omah.
Mula
aja banjur nyakahake para guru manawa bocah ing ngomah ora bisa basa marang
wong tuwane. Lha para ibu lan bapak wae anggone ngajari basa marang
putra-putrane sok kurang bener. Coba digatekake, isih akeh ta para ibu sing
ngendika marang putrane “Cah Bagus, ao siram sik. Mebgko terus tindak-tindak
karo Bapak, Bapak arep tindak nyang kutha, ndherek ora?” utawa para bapak
ndhawuhhi putrane “Le, jenang iki parengke simbah, wingi simbah wis pesen je!”
nah, yen mengkono kuwi bocah terus piye tembene? Bocah mesthi basa kramane dadi
kleru. Sanadyan karepe wong tuwa mau bener mulang basa krama marang putrane,
nanging unggah-ungguhe wing ora trep.
Sepisan
maneh, basa Jawa iku ora feodalis, nanging ngajeni marang liyan, utamane marang
kang luwih sepuh utawa sapa wae sing pantes diajeni. Dadi sumangga, basa Jawa
sing endi sing arep digunakake? Sing ndakik-ndakik nanging kleru, utawa sing
ora ndakik-ndakik nanging bener.? Menawa tinulis, mesthine nganggo basa sing
baku. Nanging menawa lisan, nyumanggakaken.
Sumber : Pustaka Candra, Maret 2006