Tembang macapat tegese reriptan
kanthi paugeran tinampu kang pamacane kudu dilagokake, lan bisa kairing dening
wiramaning gendhing utawa gamelan. Manut peprincene, tembang Jawa bisa kaperang
dadi 3 golongan, salah sawijine yaiku tembang macapat, saliyane tembang
tengahan lan tembang gedhe.
Tandha-tandhane
tembang macapatt yaiku:
1) Nganggo pathokan (paugeran) : guru lagu, guru
gatra, lan guru wilangan.
a) Guru
wilangan yaiku cacahe wanda (suku kata) saben sagatra.
b) Guru
lagu yaiku tibaning swara (vokal) pungkasan sabe sagatra.
c) Guru
gatra yaiku cacahe larik (baris) saben sapadha.
2) Basane
basa Jawa anyar.
3) Bisa
mandeg dhewe tanpa iringan gamelan.
Tembang-tembang
kang kagolong tembang macapat ana 11 warna lan paugerane yaiku :
1. Dhandhanggula : 10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a
2. Sinom
: 8a, 8i, 8a, 8i, 7i,
8u, 7a, 8i, 12a
3. Kinanthi : 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i
4. Pangkur :8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i
5. Asmarandana :8i, 8a, 8e, 8a, 7a, 8a, 8u
6. Mijil :10i, 6o, 10e, 10i, 6i,
6u
7. Durma :12a, 7i, 6a, 7a, 8i, 5a, 7i
8. Pocung :12u, 6a, 8i, 12a
9. Maskumambang : 12i, 6a, 8i, 8a
10. Megatruh :12u, 8i, 8u, 8i, 8o
11. Gambuh :7u, 10u, 12i, 8u, 8u
Tuladha
tembang macapat
Tembang
macapat
|
pathokan
|
Tembang
Macapat
|
Gambuh
Yen
wong anom puniku
Yen-wong-a-nom-pu-ni-ku
1 2
3 4 5
6 7
Kakehan
panggunggung dadi
Pengung
bingung wekasane
Yen
digunggung muncu-muncu
Kaya
wudun meh mecothot
|
7u
10u
12i
8u
8o
|
Gambuh
Ing
wong kang padha nggunggung
Ing-wong-kang-pa-dha-nggung-gung
1 2
3 4
5 6 7
Pan
sepele iku pamrihipun
Mung
warege wadhuk kalimis ing lathi
Lan
teles ing gondhangipun
Ngreruba
alaning uwong
|
Adhedasar
tuladha ing dhuwur nuduhake lamun pathokane tembang macapat iku maton, dadi ora
owah sanadyan ukarane owah.