Senin, 18 Januari 2016

CRITA WAYANG




Crita wayang ana kang sumbere saka :
a.     Ramayana anggitane Walmiki
b.     Mahabharata anggitane Wiyasa.
Ramayana iku nyritakake  lelakone Ramawijaya karo garwane yakuwi Dewi Shinta. Dewi shinta dicolong raja ing Ngalengka kang arane Rahwana. Ramawijaya dibantu adhine, Laksmana, nggoleki Dewi Shinta.
Mahabharata nyritakake Pandhawa lan Kurawa. Crita sadurunge lan sawise Pandhawa uga dijlentrehake. Pandhawa lan kurawa sedulur nanging ora bisa akur amarga Kurawa ngrebut hake Pandhawa nduweni Praja Asthina. Wusanane kedadeyan peraang gedhe kang nggegirisi aran perang Baratayudha.
Ing ngisor iki ana tuladha wacan crita wayang.

RADEN JANAKA
          Raden Janaka iku satriya saka Madukara. Raden Arjuna iku putra sing kapin telune prabu Pandhu Dewanata, ratu ing Ngastina. Ibune asmane Dewi Kunthi Nalibrata. Nalika isih cilik, asmane yaiku Raden Permadi. Dene jeneng-jeneng liyane  Raden Arjuna yaiku Raden Janaka, Raden Margana, Raden palguna, Raden Dananjaya, Kumbawali, Parta, Pandhuputra, Kuntadi, Endratanaya.
          Raden Arjuna socane jaitan, irunge mbangir, sanggule kadhal menek,jarite bokongan putran, pasuryane anteng jatmika, nduweni garwa akeh nanging garwa prameswarine mung siji yaiku Dewi Wara Sembadra, rayine Prabu Kresna ratu ing Dwarawati. Karo Dewi Wara Sumbadra duwe putra siji yaiku Raden Abimanyu, dene putra liya ana sing asma Bambang Irawan, Raden Brata Laras, Raden Priyambada, Raden Wisanggeni, Endang Pregiwa.
          Raden Arjuna kuwi sekti mandraguna kekasihe para dewa. Raden Arjuna kuwi tumindake adil lan pinter olah sanjata panah. Raden Arjuna uga nggatekake babagan pendhidhikan lan kaendahan. Raden Arjuna nduwe lenga jayeng katon kang nduweni kasiyat yen diusapake ing socane bisa ndeleng bangsane lelembut. Dene pusakane Raden Arjuna iku akeh sing diparingi para dewa, tuladhane yaiku Panah Pasopati, Keris Pulanggeni, lan Arda Dedali. Dheweke uga sinebut satriya Pamadyaning Pandhawa kang kondhang minangka Satriya “LELANANGING JAGAD”.

PRABU YUDHISTIRA
          Prabu Yudhistira iku putra pambarepe Prabu Pandhu Dewanata karo Dewi Kunthi. Sadulure nunggal ibu ana loro, yaiku Nakula lan Sadewa. Prabu Yudhistira jejuluk Puntadewa, Darmaputra, Dwijakangka. Tata lair Yudhistira kuwi putrane Pandhu nanging sejatine Yudhistira iku putrane Dewa Darma mula Yudhistira uga diarani Darmaputra.
          Garwane aran  Dewi Drupadi, putrane mung siji aran Raden Pancawala. Yudhistira kadunungan getih putih mula sabar, narima, ora bisa nesu, ora gelem goroh, jujur, wicaksana lan bekti marang Pangeran. Kagungan pusaka Jamus Kalimasada paringane Bathara Darma. Pusakaliyane aran tumbak Tunggulnaga lan Tumbak Kyai Karawelang.
          Selawase urip, Yudhistira mung perang sepisan yaiku lumawan Prabu Salya kang duwe aji-aji Candrabirawa. Yen diwateg, aji-aji mau bisa metu buta bajang siji nanging yen dipateni bisa dadi loro lan sateruse. Manut Prabu Kresna ya mung Yudhistira kang bisa ngalahake Prabu Salya.
Kapethik saka : Pamekaring Pathi Jawi Kelas VIII SMP

CERKAK




Crita cekak yaiku karangan cekak kang awujud prosa. Biasane isine kurang saka 1000 tembung kang menehi kesan tunggal  kang dominan lan musatake crita ana ing salah sawijining tokoh. Struktur crita cekak kabentuk saka unsur-unsur ing ngisor iki:
a.   Tema, yaiku inti utawa ide dhasar crita.
b.   Alur utawa plot, yaiku bageyan saka unsur intrinsik karya sastra. Alur iku wujud pola pengembangan kang kabentuk ska hubungan sebab akibat.
c.   Latar, yaiku papan panggonan, hubungan wektu, lan lingkungan sosiale saka kedadeyan-kedadeyan kang dicritakake ana ing crita.
d.   Penokohan, yaiku carane pengarang nggambarake lan jlentrehake karakter tokoh-tokoh ana ing crita.
e.   Sudut pandang, yaiku posisine pengarang nalika nyritakake crita.
f.   Amanat, yaiku pesen kang bakal disampekake utawa dijlentrehake pengarang marang wong kang maca, supaya bisa nemokake amanat ana ing crita.
g.   Gaya basa, yaiku basa ana ing crita kang nduweni fungsi kanggo nyiptakake kahanan persuasif uga ngrumusake dialog kang bisa ngetokake hubungan lan interaksi tokoh siji lan sijine.

Ing ngisor iki ana tuladha cerita cekak kang bisa diwaca.


HAPENE GENJUR
Dening Eddy S. Triwida
        Menyang sekolah nggawa handphone utawa hape pancen lagi ngetren. Nek rangga hape jare kurang gaul. Mula bocah-bocah SMA Negeri panggonane Haryo, Genjur lan Bejo sekolah ya wis mencet-mencet keypat hapene dikancani Genjur  lan Bejo sing ndeleng kanthi rasa iri. Sawetara kuwi bocah-bocah liyane uga asyik berhape ria. Haryi mesem kecut nalika mbukak es-em-es sak Pipit mau kirim es-em-es menyang Pipit tulisane : Pit, aku sayang kowe apa anane, yen kowe ana dhuwit aku ya sayang, yen kowe ana panganan enak-enak, aku ya sayang. Apa maneh yen suk kowe ana mobil hadhiah saka bapakmu. Aku ya tambah sayang. Wangsulane Pipit lewat es-em-es.
 Aku wedi Har! Mengko yen pacarmu Evi muring-muring. Embuh lho ya? Haryo kukur-kukur sirahe. Evi kae pancen tukang ngrusak acara kok!
Har aku nyilih sak es-em-es wae ya? Bejo pingin kirim es-em-es. Kowe arep es-em-es sapa ta! Iri ta kowe merga aku arep disilihi hape karo Haryo. Sing arep nyilihi kowe sapa? Genjur wis ngiler pengin duwe hape dhewe. Yen duwe hape dhewe rak penak. Iso es-em-esan karo Nawangsih, adhike Haryo sing imut-imut kae . ngono sing ana pikirane Genjur mula mulih sekolah kuwi Genjur langsung mogok mangan ing lawang kamare dicentheli kertas wis ditulis LAGI MOGOK MANGAN MERGA ORA DITUKOKAKE HAPE.
Ibune Genjur sing wis mulih saka dodolan bubur ing pasar ora nggape. Ibune malah banjur es-em-es  Bapakke Genjur. Pak, Genur mogok mangan jaluk Hape pak. Let sedhela ana wangsulan saka bapakke Genjur. Togna wae ma! Mengko yen luwe rak nyosor dhewe.
Pancen Ibu lan Bapak Genjur wis padha-padha nyekel hape, senajan hapene model lawas alasane ben komunikasi suami istri iso terjalin harmonis. Bapakke Genjur penggaweyane makelar dadi pancen perlu duwe hape. Nanging yen ibune Genjur sing mung bakul bubur kok nggawa hape kanggo apa? Ya kanggo nyervis bojo umpamane pengin dimasakke sop buntut, apa pengin ditukokake gethuk lindri, rak bisa ndang diapake, ngono alesane ibune Genjur nalika ana sing takon. Dodol bubur kok nggawa hape?
Nganti bengi Genjur durung metu saka kamar. Bapak ibune wiwit khuwatir. Aja-aja Genjur gek… keturon ! lha wong wiwit awan durung mangan, apamaneh Genjur kuwi anak ontang-anting yen loro angel tambane, obat saka dhokter ora mempan. Lagi waras yen ditambani banyu godhong kulit duren lan saiki durung usum duren. “Njur, metua nak! Kana  mangan dhisik.” Bapakke Genjur nyeluk karo nothog lawang.
“Ora kudu mangan yen ora ditukokake hape ben kamar iki dadi seksi kekejemane wong tuwa”. Wangsulane Genjur karo mewek.
“Ya wis suk yen ana rejeki tak tukokke. Ning kowe latihan dhisik carane nggunakake hape. Ya wis saiki kana ndang metu.”
“Genjur metu saka kamar tenan ta pak aku latihan nagnggo hapene ibu apa  Bapak?”
“Latihanu nganggo gambar hape”. Wangsulane bapakke.
“Huh bapak. Ning nek ana rejeki ditukokake hape tenan lho pak”
“iya…iya..nng mbok kowe ki sing ketok model ta! Mosok nyeluk bapak, ibuk, nyeluk papa karo mama ngono lho!
Esuke Genjur wis siap mangkat sekolah. Klambi sragam putih abu-abu wis dienggo. Sarapan iyo uwis. Pokoke wis siap tempur. Ning nalika weruh hapene Bapak, eh papane sing lagi ngglethak ana meja ruang tamu, janngkahe kandheng, tolah toleh ngiwanengen papa tolah-toleh ngiwanengen papa karo mama ora ngerti gage hape disaut dilebokake tas terus mangkat, tekan sekolah ketemu Haryo lan Bejo. Mug Beo nggaw hape sng dikalungake lann hapee modhe lawas sing gedhe mula lakune Bejo rada mbungkuk e…..jebul kabotan hape. Aku ya wis duwe hp. Iki lho hapeku.! Genjurdadi krenggosan. Piro nomer hapemu Njur? “Nomer…nomer….nomer hpku ….eh pira ya? Aku ora apal kok?” Wangsulane Genjur grogi. “We piye ta? Duwe hp kok ora apal nomere. Jajal miscallen nomer hpku.” Aloke Haryo. Miscall? Apa miscall kuwi har? Miscall kuwi awakmu ngebela hapene Haryo, yen Hapene Haryo nyaut hapemu kenselen.” Bejo njelasake kanthi ati bombong.  Kamangka bejo le sinau hape lagi mau bengi.
Bel tandha mlebu wis muni bocah-bocah gage mlebu kelase dhewe-dhewe. Pelajaran jam pertama kelase Haryo matematika. Gurue Pak aljabar sing kerenge kagila –gila. Tolong yang bawa hape matikan semua. Boleh bawa hape sebagai alat komunikasi tapi waktu pelajaran jangan digunakan.
Eh…Har, piye carane mateni hape? Genjur mbisiki Haryo. Haryo mung gedheg. Genurwedi yen pelajaran hapenen muni. Bisa cikakak tenan!
“Ndang balia sri! Ndang balia aku lara mikir kuwe ana ning ngendi? Ndang balia sri ndang balia.” Swara ringtone hapene Genjur muni tenan kathik banter sisan. Sakala kabeh mripat nyawang Genjur sing lagi binguung mateni hapene. Kanthi mijeti keypede ngawursing dipijet malah tombl kanngggo njawab panggilan mula banjur krunguswarane papane Genjur muring-murin saka hape. “Genjur, balekna hape papa! Nggawa kok ora ngomong-ngomong, awas yen ora cepet kok balekke sangumu sesasi tak stop!” swarane bapake Genjur.
“Piye carane mateni? Piye iki? Tulung…tulung Genjur mbingungi. Bocah sakelas ngguyu ngakak. Malah pak aljabar ya ora bisa ngempet guyune. Oalah Njur…Njur durung bisa nggunakake hape kok wis kesusu wae. Akhire Genjur diukum. Ukumane dikongkon mulihh ngeterke hapene papane menyang omah…hi..hi..hi.

Sumber ; Panjebar Semangat 37 2006

WANGSALAN LAN CANGKRIMAN




A.  Wangsalan
Yaiku unen-unen kang awujud cangkriman kang batangane ana ing njero unen- unen kuwi. Wangsalan dianggo ana ing pacelathon saben dinane.
          Tuladha wangsalan :
a.   Wah, kok njanur gunung.
(janur gunung = aren, dadi kadingaren).
b.   Bocah cilik ora pareng ngrokok cendhak.
(rokok cendhak= tegesan, dadi neges-neges)
c.   Aja njenang gula lho, Le!
(jenang gula= glali, dadi lali)
d.   Esuk-esuk kok wis nggodhong garing.
(godhong garing= klaras, dadi nglaras)
e.    Balung klapa, ethok-ethok ora ngerti yen disapa.
(balung klapa= bathok, dadi ethok-ethok)
f.    Kembang jambu, kemaruk duwe sepedha anyar.
(kembang jambu= karuk, dadi kemaruk)
g.   Sekar aren mas, sampun dangu-dangu.
(sekar aren= dangu, dadi dangu-dangu)
h.   Roning Mlinjo, yen wis sayah kena ngaso.
(roning mlinjo= so, dadi ngaso)
i.     Kolik priya, wanarra Anjani putra.
Tuhu eman, wong enom dadi kangelan.
(kolik priya=manuk tuhu, dadi tuhu)
(anoman putra= Anoman, dadi enom)
j.     Roning kamal, putrane Pandhitta Durma.
Mumpung enom ngadiya laku utama.
(roning kamal= sinom, dadi enom)
(Putrane Pandhita Durna= Aswatama, dadi utama)
k.   Witing klapa, jawata ing ngarcapada.
Salugune, wong sinau aja sembrana.
(witing klapa=glugu, dadi salugu)
(jawata ing ngarcapada= wong, dadi wong)
l.     Kawi gajah, kramaning watu ing jarwa.
Mesthi tetep, angugemi pancasila.
(kawi gajah=esthi, dadi mesthi)
(kramaning watu=sela, dadi pancasila)


B.Cangkriman
Cangkriman = batangan= bedhekan yaiku tetembungan utawa unen-unen kang kudu dibatang kekarepane amerga tetembungan mau ndhuweni teges ora sabenere. Werna-werna cangkriman ana 4, yaiku:
1.     Cangkriman tembang.
Tuladha :
a.      bapak pucung rupane saengga gunung
tan ana kang tresna
kabeh uwong mesthi sengit
yen kanggonan dielus-elus tinangisan (=wudun)
b.     bapak pucung dudu watu dudu gunung
sabane ing alas
ngon ingone sang bupati
yen lumaku si pocung lambehan grana (=gajah)
2.     Cangkriman wancah / cekakane tembung
Tuladha :
a.      Pindhang kileng = sapi nang kandhang kaki mentheleng.
b.     Pak kenthik= tepak teken sethithik.
c.      Pak lawa= tepak ula dawa.
d.     Karwapete= cikar dawa tipete.
e.      Burnaskopen = bubur panas kokopen.
f.       Wiwa wite, lesba dhonge, karwa pete= uwi dawa uwite, tales amba godhonge, cikar dawa tipete.
3.     Cangkriman pepindhan
Tuladha :
a.      Dicokot puucuke, sing kalong bongkote = rokok.
b.     Wit adhikih uwoh adhakah= waloh.
c.      Wit adhakah, who adhikih= ringin
d.     Anake klamben ibune wuda = pring
e.      Emboke dielus-elus, anake diedak-edak= andha.
f.       Yen cilik dadi kanca, yen gedhe dadi mungsuh= geni.
4.     Cangkriman plesedan
Tuladha :
a.      Wong adol pitik disrimpungi (sing disrimpungi kuwi pitike dudu wonge)
b.     Ana wong mati dilumpati kucing urip. (sing urip kucinge)
c.      Ana kapal disawat watu kelem, kira-kira gedhe apane? (gedhe omonge)
d.     Ana gajah numpak becak, ketok apane? (ketok ngapusine)
e.      Lawa lima, kalong telu dadi pira? (wolu)
Kapethik saka LKS BASA JAWA Kelas XII semester gasal lan Buku Pepak Basa Jawa anyar.